Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 57 >> 

MASMUR 57; Diburu dening mungsuh, nanging kapitulungan dening Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa. (57-2) Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula; kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka, ngantos bebaya punika sampun mengker.

2(57-3) Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur, Gusti Allah ngrampungi prakaraku.

3(57-4) Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku, lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah) Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.

4(57-5) Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa, kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa, kang untune kaya tumbak lan panah, sarta kang ilate kaya pedhang landhep.

5(57-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka, ngantos dumugi ing sanginggiling langit, sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.

6(57-7) Lakuku padha dipasangi kala-jiret, nyawaku ditungkulake, padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku, nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)

7(57-8) Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang, kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.

8(57-9) He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung, aku arep nggugah bangbang wetan!

9(57-10) Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran, Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.

10(57-11) Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa, sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.

11(57-12) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit, saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.



 <<  Mazmur 57 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel