Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 60 >> 

MASMUR 60; Pandonga nyuwun kaunggulan

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang, (60-2) nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu. (60-3) Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah; Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!

2(60-4) Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah; ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih, awit bumi sampun gonjing.

3(60-5) Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget, kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.

4(60-6) Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)

5(60-7) Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat, Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!

6(60-8) Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun: “Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi, sarta lebak Sukot bakal Sunukur.

7(60-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mustakaningSun, Yahuda iku jungkating kepraboningSun;

8(60-10) Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun, marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”

9(60-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

10(60-12) Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula, sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?

11(60-13) Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah, amargi pitulunganing manungsa punika muspra.

12(60-14) Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran, awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.



 <<  Mazmur 60 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel