Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 71 >> 

MASMUR 71; Pandonga nyuwun pangayoman samangsa wus tuwa

1Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka, kawula sampun ngantos kawirangan babar pisan.

2Paduka mugi karsaa ngluwari kawula sarta mitulungi kawula, amargi saking kaadilan Paduka, Paduka mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhumateng kawula!

3Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.

4Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka, saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang.

5Sabab, dhuh Pangeran inggih Paduka punika ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, andel-andel kawula wiwit alit mila, dhuh Yehuwah.

6Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan, Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula; Paduka ingkang tansah kawula pepuji.

7Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah, amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.

8Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka, sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.

9Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.

10Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula, tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,

11pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah, padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”

12Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula, dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!

13Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa; ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!

14Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng, saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka;

15cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten, amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.

16Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah, saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.

17Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang, lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi;

18dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.

19Kaadilan Paduka punika sundhul ing langit, dhuh Allah, Paduka ingkang sampun nindakaken prakawis-prakawis ingkang ageng, dhuh Allah, sinten ingkang kados Paduka?

20Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.

21Paduka badhe mewahi kaluhuran kawula, sarta paring panglipur malih.

22Kawula inggih badhe nyaosaken kekidungan pamuji-sokur dhumateng Paduka kanthi swaraning slukat, margi saking kasetyan Paduka, dhuh Allah kawula. Paduka badhe kawula kidungaken masmur kanthi swaraning clempung, dhuh Ingkang Mahasuci, Gusti Allahipun Israel.

23Lambe kawula surak-surak ngidung masmur kagem Paduka, ugi nyawa kawula ingkang sampun Paduka luwari.

24Ilat kawula ugi badhe martosaken kaadilan Paduka ing sadinten-dinten, amargi tiyang ingkang ngangkah bilai kawula, sami badhe kawirangan lan klicutan.



 <<  Mazmur 71 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel