Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 84 >> 

MASMUR 84; Kangen marang padalemane Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh. (84-2) Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

2(84-3) Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.

3(84-4) Dalah peksi greja sampun manggih griya, lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun, wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.

4(84-5) Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka, saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)

5(84-6) Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka, ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.

6(84-7) Manawi lumampah wonten ing lebak Baka, punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun; tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.

7(84-8) Lampahipun saya dangu saya kiyat, badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.

8(84-9) Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)

9(84-10) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya, mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!

10(84-11) Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.

11(84-12) Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng; Panjenengane maringi sih lan kamulyan; wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.

12(84-13) Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah, rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.



 <<  Mazmur 84 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel