Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 85 >> 

MASMUR 85; Pandonga nyuwun muga Israel kapulihake

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh. (85-2) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka, kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.

2(85-3) Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka, sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)

3(85-4) Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep, bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.

4(85-5) Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken, Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.

5(85-6) Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun, saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?

6(85-7) Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih, supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?

7(85-8) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.

8(85-9) Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?

9(85-10) Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan.

10(85-11) Sih lan kasetyan bakal padha tempuk kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung.

11(85-12) Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi, lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit.

12(85-13) Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik, sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune.

13(85-14) Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane, sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan.



 <<  Mazmur 85 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel