Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 9 >> 

MASMUR 9; Gusti Allah iku pangayomaning wong saleh

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (9-2) Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah, kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.

2(9-3) Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka, Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti, Sang Mahaluhur,

3(9-4) awit mengsah kawula sami mundur, rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.

4(9-5) Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula, temah kawula angsal kaleresan, Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.

5(9-6) Para bangsa sami Paduka ancam, para tiyang duraka Paduka tumpes; namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.

6(9-7) Mengsah sampun sami tumpes tapis, dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun, kithanipun sampun sami Paduka gempuri, sampun boten dipun engeti malih babar pisan.

7(9-8) Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase, dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.

8(9-9) Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil, sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.

9(9-10) Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes, dadi pangauban ing wektu karubedan.

10(9-11) Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka, amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.

11(9-12) Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion. Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.

12(9-13) Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes, ora kesupen marang pasambate.

13(9-14) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula; Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,

14(9-15) supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika, sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak, awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.

15(9-16) Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe, sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.

16(9-17) Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan; wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)

17(9-18) Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan, malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.

18(9-19) Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse, wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.

19(9-20) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan, para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.

20(9-21) Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter, satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)



 <<  Mazmur 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel