Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 3 >> 

Panglipur sajroning kasangsaran

1Aku iki wong kang ngalami sangsara marga saka panggebaging dukane Pangeran.

2Panjenengane nundhung lan nglampahake aku ana ing pepeteng kang ora ana padhange.

3Lah aku katibanan ing astane marambah-rambah, nganti sadina muput.

4Daging lan kulitku didamel susut, balungku padha ditugeli.

5Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku, ngupengi aku kalawan kaprihatinan lan kasusahan.

6Aku dipapanake ing panggonan kang peteng, kaya wong kang wus mati suwe.

7Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabeh sarta ditaleni nganggo rante kang abot.

8Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung, pandongaku ora dipiyarsakake.

9Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan, didadekake ora kena diambah.

10Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku, lan prasasat singa ana ing pandhelikan.

11Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempal lan ndadosake aku bingung.

12Gandhewane wus dipenthang lan aku kang dadi lesaning jemparinge.

13Jemparinge kang ana ing endhonge padha dilepasake kabeh, padha manjing ing atiku.

14Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh, digawe lagu pangece nganti sadina muput.

15Aku diwaregi kalawan pepait lan diombeni butrawali.

16Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil, lan aku diblesekake ing lebu.

17Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman, kawula kasupen dhateng kabegjan.

18Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna, lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang.

19“Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta, punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”

20Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika, saha nglemprek wonten ing lebet kawula.

21Nanging iki kang dakrasakake, lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:

22Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ana enteke.

23Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk. Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

24Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku, mulane dakarep-arep.”

25Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti, tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane.

26Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.

27Becik manawa wong lanang mikul pasangan nalika nome.

28Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.

29Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep.

30Pipine diulungna marang kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki.

31Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake ora ing salawase.

32Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane.

33Awit ora kalawan lila-legawaning galihe manawa maringi kasusahan lan kaprihatinan marang para anake manungsa.

34Manawa ana wong kang ngidak-idak sakehe wong tawanan ing salumahing bumi,

35manawa wewenanging wong dienggokake ana ing ngarsane Kang Mahaluhur,

36manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane, iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah?

37Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana? Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake?

38Kang ala lan kang becik iku wijile apa ora saka lesane Kang Mahaluhur?

39Yagene wong urip padha nggresah? Saben wong nggresaha marga saka dosane!

40Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.

41Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kita marang Gusti Allah ing swarga lan munjuk:

42Kawula sampun nerak lan mbalela, mangka Paduka boten paring pangapunten.

43Paduka singeban bebendu, sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas.

44Paduka singeban mendhung, satemah pandonga kawula boten saged nembus.

45Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nistha wonten ing satengahipun para bangsa.

46Sakathahipun mengsah kawula, sami ngungel-ungelaken kawula.

47Kawula kataman pagiris sarta kalajiret, karisakan lan pagempuran.

48Luh kawula mili kados lepen awit saking risaking putrinipun bangsa kawula.

49Luh kawula tansah crocosan, tanpa wonten kendelipun;

50ngantos Pangeran Yehuwah ngudaneni saking nginggil saha mirsani saking swarga.

51Mripat kawula ngantos kraos perih awit saking kawontenanipun para putri ing kitha kawula.

52Kawula dipun uber-uber kados peksi dening tiyang ingkang sami mengsah dhateng kawula tanpa sabab.

53Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan, sarta dipun banggali sela.

54Toya mbanjiri sirah kawula, kawula nginten: “Bilai aku saiki.”

55“Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Paduka saking dhasaring luweng ingkang lebet.

56Paduka miyarsakaken swara kawula. Paduka sampun ngantos nutupi talingan Paduka tumrap pangadhuh saha pasambat kawula.

57Nalika kawula sesambat dhateng Paduka, Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.”

58“Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula, sarta sampun ngluwari gesang kawula.

59Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguningani anggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil; Paduka mugi karsaa maringi kaadilan!

60Paduka sampun nguningani pangigit-igitipun tiyang-tiyang wau saha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.”

61“Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun, dalah pangrantamipun dhateng kawula;

62punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput!

63Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun, kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.”

64“Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau, miturut ing sapandamelipun.

65Paduka badhe mangkotaken manahipun, mugi sami kadhawahana laknat Paduka.

66Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu, sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit!”



 <<  Ratapan 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel