Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 3 >> 

Kaluwihane wong Yahudi lan kasetyaning Allah

1Yen mangkono, apa ta kaluwihane wong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak iku?

2Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.

3Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?

4Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose: “Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”

5Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --

6Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?

7Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?

8Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.

Wong kabeh padha kawengku ing dosa

9Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,

10iya kaya kang wus katulisan, wiraose: “Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.

11Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.

12Kabeh wong padha nyleweng, kabeh tanpa guna, ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.

13Gurunge iku kaya kubur menga, ilate dianggo nyenyidrani, lambene ngemu wisa.

14Cangkeme kebak pangipat-ipat.

15Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.

16Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,

17lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;

18padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”

19Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.

20Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.

Manungsa iku kabenerake marga saka pracaya

21Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,

22yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.

23Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

24lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.

25Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.

26Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.

27Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.

28Marga kita yakin, yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya, ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret.

29Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.

30Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.

31Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.



Download Audio MP3 (Roma 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel