Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 4 >> 

Rama Abraham kabenerake awit saka pracaya

1Kang iku apa kang bakal dakkandhakake tumrap Rama Abraham, leluhur kita mungguh ing daging?

2Sabab yen Rama Abraham anggone kabenerake marga saka pandamele, panjenengane bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsane Gusti Allah.

3Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.”

4Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.

5Yen wong kang ora nyambut-gawe, nanging kumandel marang Panjenengane kang mbenerake wong duraka, kumandele iku kang kaetung dadi kabeneran.

6Kayadene Sang Prabu Dawud iya mastani rahayu wong kang kaanggep bener dening Gusti Allah ora wewaton ayahane:

7“Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane;

8rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.”

9Anggone mastani rahayu iku apa mung tumuju marang wong kang tetak bae, apa iya marang kang padha ora tetak uga? Aku rak wis tutur, mungguh kumandel iku tumrap Rama Abraham kaetang dadi kabenerane.

10Dene anggone kaetang mangkono iku genahe kapriye? Sadurunge apa sawise supit? Ora sawise supit, nanging sadurunge.

11Sarta pratandha tetak iku ditampani minangka ecaping kabeneran awewaton pracayane ing sadurunge supit. Iya mangkono iku anggone panjenengane banjur bisa dadi ramane para wong pracaya kang ora tetak, supaya kabeneran kaetunga tumrap wong-wong iku mau,

12lan uga dadi ramane para wong tetakan, yaitu para wong kang ora mung padha tetak bae, nanging uga padha nurut labeting pitadose leluhur kita Rama Abraham, nalikane durung supit.

13Sabab mungguhing prasetya kang kaparingake marang Rama Abraham satedhak-turune yen bakal tampi warisan jagad, iku ora lumantar angger-anggering Toret, nanging lumantar kabeneran kang wewaton pracaya.

14Awit manawa wong-wong kang pangarep-arepe lumantar angger-anggering Toret padha melu tampa panduman kang kaprasetyakake Gusti Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyane dadi batal.

15Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.

16Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya supaya mujudna sih-rahmat, satemah prasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake kang kawengku ing angger-anggering Toret bae, nanging uga kang padha kadunungan pracayane Rama Abraham. Sabab Rama Abraham iku leluhur kita kabeh, --

17iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” -- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.

18Sabab sanadyan ora ana dhasaring pangarep-arep, ewasamono Rama Abraham tansah kumandel kanthi pangajeng-ajeng, yen panjenengane bakal dadi ramane bangsa akeh, landhesan apa kang wus dipangandikakake: “Samono bakal cacahing turunira.”

19Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse, awit yuswane wis watara satus taun, sarta manawa Ibu Sara wus lungse ing wanci.

20Ewasamono panjenengane tetep ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu kang awit saka pamaido, nanging malah panjenengane kasantosakake ing pracayane, sarta ngluhurake Gusti Allah,

21kanthi ing pangandel, manawa Gusti Allah mesthi kuwaos nindakake apa kang wus kaprasetyakake.

22Mulane bab iki kaetang dadi kabenerane.

23Tetembungan iki, yaiku “bab iki kaetang tumrap panjenengane”, iku anggone katulis ora mung mligi kagem Rama Abraham bae,

24nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,

25yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake.



Download Audio MP3 (Roma 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel