Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 13 >> 

1(12-18) lan banjur manggon ana ing pinggir sagara.

Kewan kang metu saka sajrone sagara

(13-1) Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.

2Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.

3Aku nuli ndeleng endhase kang siji iku kaya ana tatune kang mbebayani tumrap uripe, nanging tatune banjur waras. Temah wong sadonya padha kaeraman, banjur ngetut buri kewan iku.

4Wong-wong mau padha sujud marang naga mau, awit wus menehake panguwasane marang kewan iku. Karodene wong-wong mau padha sujud marang si kewan kalawan pangucape: “Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perang?”

5Si kewan banjur kaparingan cangkem, kang kebak kumlungkung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan panguwasa nglakoni mangkono iku lawase patang puluh loro sasi.

6Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.

7Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.

8Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.

9Sapa kang duwe kuping, ngrungokna!

10Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang. Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.

Kewan kang metu saka ing sajroning bumi

11Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.

12Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.

13Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.

14Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.

15Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.

16Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,

17sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.

18Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.



Download Audio MP3 (Wahyu 13):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel