Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 51 >> 

Paukumane Sang Yehuwah marang Babil

1Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Lah, Ingsun ngebahake semangat pangrusak tumrap Babil lan wong ing tanah Kasdim.

2Ingsun bakal ngutus juru napeni kang bakal napeni lan nyaponi nagarane nganti resik, amarga anggone ngepung ing dinaning karubedan saka ing keblat papat.

3Bala pemanah menthanga gandhewane incerna marang kang nginceng, lan wong kang aklambi kere! Aja ngeman marang para nom-nomane, sakehing wadya-balane tumpesen!

4Para wong kang padha pinatenan bakal ambruk ana ing nagarane bangsa Kasdim lan wong kang tatu abot ana ing lurung-lurunge.

5Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

6Lumayua saka ing tengahe tanah Babil, saben wong goleka slameting nyawane, supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane! Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah; Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.

7Maune Babil iku kaya tuwung kencana ana ing astane Sang Yehuwah, kang ngendemi wong salumahing bumi. Para bangsa padha ngombe anggure, yaiku jalarane padha dadi edan.

8Dumadakan Babil ambruk lan remuk; tangisana Babil iku! Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune, bokmanawa bisa waras!

9Maune aku arep padha nambani Babil, nanging ora bisa waras. Tinggalen bae, payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe! Sanyata paukumane wus sundhul ing langit, nganti papak karo mega!

10Sang Yehuwah wus ndadosake nyata sakehing kabeneran kita; payo padha nyritakake pakaryane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita ana ing Sion!

11Panahe padha lancipana, tameng-tameng padha cepakna! Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratu ing Media, amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane, iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci.

12Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil, pajagane santosakna! Para wong jaga padha prenahna, nganakna cegatan! Amarga Sang Yehuwah wus ngrantam lan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil.

13He kowe kang padha manggon ana ing pinggiring bengawan lan sugih raja-brana, iki wus tekan ing wekasaning umurmu, wus tekan ing watesing uripmu!

14Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi wus supaos demi sarirane piyambak: Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang, nanging wong bakal padha nguwuh marang sira panguwuhing perang.

15Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana pangwasane, kang nalesi jagad klawan kawicaksanane, lan kang mbeber langit klawan limpading galihe.

16Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, gumrujug saraning banyu ing langit, Panjenengane nginggahake pedhut lan mega saka ing poncoting bumi, lan damel kilat bareng lan udan sarta ngedalake angin saka ing susuhe.

17Saben wong iku satemene bodho, ora duwe kawruh, lan saben kemasan bakal nandhang wirang marga reca ukir-ukiran garapane. Amarga reca cor-corane iku goroh, ora kadunungan nyawa.

18Sakabehe iku muspra, gegaweane mung dadi pepoyokan lan bakal kalebur ing wektu tumibaning paukuman.

19Ora mangkono mungguh Panjenengane kang dadi pandumane Yakub, amarga Panjenengane kang nitahake samubarang kabeh, lan Israel dadi taler kagungane, asmane sinebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20Sira iku maune dadi gada tumrap Ingsun, gegamaning perang: Kalawan sira Ingsun ngremuk para bangsa, kalawan sira Ingsun nyirnakake krajan-krajan.

21Kalawan sira Ingsun ngremuk jaran dalah kang nunggangi, kalawan sira Ingsun ngejur kareta perang dalah kang nunggang.

22Kalawan sira Ingsun ngremuk wong lanang lan wong wadon, kalawan sira Ingsun ngejur wong tuwa lan wong anom, kalawan sira Ingsun ngejur jaka lan prawan,

23kalawan sira Ingsun ngremuk para pangon lan pepanthaning wedhuse, kalawan sira Ingsun ngremuk petani lan sapi kang kanggo mluku, kalawan sira Ingsun ngejur para bupati lan para panggedhe!

24Apadene Ingsun bakal paring piwales marang Babil lan sakehing wong Kasdim marga saka sakehing pialane, kang ditandukake marang Sion, kaya kang sira sipati dhewe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25He gunung pangrusak, lah, Ingsun dadi mungsuhira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- kang nglebur salumahing bumi! Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira, nggolingake sira saka ing parang-parang lan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep.

26Wong ora bakal njupuk watu saka sira kanggo watu pepojok utawa tetates, nanging sira bakal dadi panggonan kang garing ing salawase. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

27Ngadegna tunggul ana ing bumi, ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat, para bangsa padha samektakna ing perang nglawan Babil balane karajan-karajan kumpulna -- Ararat, Mini lan Askenas -- ngadegna senapati nglawan Babil, ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang!

28Samektakna para bangsa marang perang, para ratu ing Media, karo para bupati lan para panggedhene, lan sadhengah nagara kang dibawahake.

29Bumi gonjang-ganjing lan horeg, amarga rantamane Sang Yehuwah tumrap Babil lagi katindakake, yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar, lan ora ana kang ngenggoni.

30Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang, padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng, kuwanene wus ilang, wis dadi kaya wong wadon. Omah-omahe wus kaobong, slaraking gapurane tugel!

31Playangan kilat lumayu susul-sumusul. Para juru warta padha susul-sumusul, padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil, yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,

32sabrangane wus padha diejegi, beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi, para prajurit wis padha giris.

33Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Putri ing Babil iku kayadene pamipitan, ing wektune wong ngiles-iles. Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.

34Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, diselehake kaya mangkok kothong. Panjenengane nguntal aku kaya naga, kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak, aku dibuwang.

35Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku: kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion, getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim, kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.

36Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira: Ingsun bakal ngasatake sagarane lan mateni sumbere banyu.

37Babil bakal dadi tumpukan gempuran, pandhelikane asu ajag, panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeses lan dadi cecampahan, ora ana kang ngenggoni.

38Padha bebarengan nggero kaya singa nom, lan nggereng kaya anak singa.

39Manawa wus padha krasa sumuk, Ingsun bakal nyawisi bujana, bakal Sunendemi supaya mumet, lan banjur ambruk ing salawas-lawase, sarta ora bakal bisa tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

40Ingsun bakal ngebrukake wong-wong iku, kang nuli disembeleh kaya cempe, sarta kaya wedhus gembel lan wedhus jawa lanang.

41Kapriye dene kutha Sesakh, kang dadi pangalemaning jagad bisa kabedhah lan diebroki! Kapriye dene Babil banjur dadi margane trenyuh mawor gumun ana ing antarane para bangsa!

42Sagara wus rob ngelebi tanah Babil, alun-alune gumuruh ngebyuki.

43Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes, tanah mati lan ara-ara samun, kang ora didunungi manungsa lan ora diambah ing wong siji-sijia.

44Ingsun bakal ngukum Bathara Bel ing Babil, lan mutahake apa kang wus diuntal. Bangsa-bangsa ora bakal ndilir maneh, amarga balowartine Babil uga wus jugrug.

45He umatingSun, metua saka ing antarane! Saben wong nylametna nyawane saka ing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad!

46Atinira aja kekes lan giris marga saka pawarta kang keprungu ana ing nagara: manawa ing taun iki kang sumebar kabar iki lan ing taun ngarep kabar iku, manawa kekerasan saya ndadra ana ing nagara sarta manawa pangwasa kang wengis nglawan padha wengis.

47Mulane lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun nglebur reca-reca ing Babil; sawrataning nagarane bakal nandhang wirang lan sakehing wong kang pinatenan padha ambruk ana ing satengahe.

48Dene langit lan bumi lan sakehe kang padha ana ing kono bakal rame nyuraki Babil, samangsa para juru pangrusak teka saka ing lor. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

49Babil bakal ambruk marga wong kang padha mati ing antarane Israel padha kaya wong ing saindenging jagad kang mati dening Babil.

50Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg-mandheg! Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!

51Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah.

52Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane Ingsun bakal nglebur reca-recane lan ing saindenging nagarane wong bakal padha nggluruh marga tatu sinuduk.

53Sanadyan Babil mumbula tekan ing langit lan yasa beteng-beteng ana ing papan kang dhuwur, nganti ora kena diparani, atas dhawuhingSun iku bakal ditekani para juru pangrusak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

54Mara rungokna! Pasambat saka ing Babil lan karusakan kang banget saka nagarane bangsa Kasdim!

55Amarga Pangeran Yehuwah ngrusak tanah Babil lan nglerenake swarane kang sora. Sanadyan alun-alune gumuruh kaya banyu gedhe lan swarane saya rame,

56ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales.

57Ingsun bakal ngendemi para pangarepe, para wonge kang wicaksana, para bupatine, para panggedhene lan para prawirane, temah padha ambruk keturon ing salawas-lawase, ora bakal tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Nata, kang asmane: Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

58Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Balowartine Babil kang kandel bakal digempur nganti warata karo lemah, gapura-gapurane kang dhuwur bakal diobong, satemah kangelane para bangsa padha tanpa guna lan kesel-sayahe para talering bangsa mung padha dadi pakaning geni bae.”

59Piwelinge Nabi Yeremia marang Sang Seraya bin Neria bin Makhseya, nalika Sang Seraya ndherek tindake Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate jumenenge. -- Sang Seraya iku ing wektu iku dadi kepala ubarampening kraton. --

60Nabi Yeremia wus nulisi ing kitab sakehing bilai, kang bakal nempuh Babil yaiku sakehing pangandika kang tinulisan ana ing kono tumrap Babil. --

61Pangandikane Nabi Yeremia marang Sang Seraya: “Manawa kowe tekan ing Babil, mbudidayaa, supaya kowe bisa macakake sakehing pangandika iki,

62lan munjuka: Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngandika tumrap kitha punika, bilih badhe Paduka tumpes saisinipun sadaya, ngantos boten wonten ingkang ngenggeni, inggih manungsa inggih kewan, lan kitha punika badhe dados tanah ingkang pejah ing salami-laminipun!

63Manawa anggonmu macakake layang iki wis rampung, nuli bandhulana watu lan cemplungna ing bengawan Efrat

64kambi ngucapa: Kaya mangkene bakal amblese kutha Babil lan ora bakal timbul maneh, marga saka sakehing bilai kang Suntempuhake marang kutha iku.” Tekan samene pangandikane Nabi Yeremia.



 <<  Yeremia 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel