Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 18 >> 

Wangsit tumrap Etiopia

1Bilai! Nagara kumrisiking swiwi ing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,

2kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu! Mangkata, he para utusan kang cukat, nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane, golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali!

3He sakehing wong kang manggon i ing donya, he para wong kang manggon ing bumi! Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen; samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!

4Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah, kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang, kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”

5Awit sadurunge ungsum wowohan, manawa wektune kembang wus kepungkur, lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng, Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit, lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.

6Iku kabeh bakal ditinggal tumpukan kanggo manuk galak ing pagunungan, lan kanggo kewan-kewan ing alas. Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing kono tuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing.

7Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.



 <<  Yesaya 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel