Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 20 >> 

Wungune Gusti Yesus

1Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean.

2Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”

3Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean.

4Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean.

5Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora mlebu.

6Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah

7dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan.

8Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasarean mau iya tumuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya.

9Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati.

10Sakabat loro mau tumuli padha mulih.

Gusti Yesus ngatingal marang Maryam Magdalena

11Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nagis nginguk ing pasarean,

12sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus.

13Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”

14Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus.

15Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”

16Gusti Yesus tumuli ngandika: “Maryam!” Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru.

17Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”

18Maryam Magdalena tumuli lunga wewarta marang para sakabat: “Aku wus ndeleng Gusti!” sarta yen kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengane.

Gusti Yesus ngatingal marang para sakabat

19Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!”

20Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus.

21Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”

22Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.

23Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”

Gusti Yesus ngatingal marang Tomas

24Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane.

25Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”

26Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”

27Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!”

28Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”

29Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”

Tujuane Injil iki katulis

30Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki,

31nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana uip ana ing Asmane.



Download Audio MP3 (Yohanes 20):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel