Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 4 >> 

Gusti wawan sabda karo wong wadon Samaria

1Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,

2-- sanadyan dudu Gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate --

3Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea, tindak wangsul menyang ing tanah Galilea.

4Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria.

5Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.

6Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.

7Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!”

8Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan.

9Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengane tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)

10Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”

11Unjuke wong wadon mau: “Bendara, Panjenengan boten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika?

12Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.”

13Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh,

14nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”

15Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”

16Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”

17Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.

18Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.”

19Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.

20Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.”

21Pangandikane Gusti Yeusu: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.

22Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.

23Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.

24Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”

25Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”

26Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

27Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”

28Wong wadon mau tumuli ninggal june ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono:

29Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”

30Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

31Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”

32Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”

33Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?”

34Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.

35Rak ana ujarmu kang mangkene: Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowe: Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dieneni.

36Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.

37Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.

38Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”

39Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.”

40Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina,

41sarta mundhak akeh maneh kang padha manjing pracaya awit saka pangandikane,

42lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”

Bali menyang Galilea

43Sawuse rong dina iku Gusti Yesus tedhak saka ing kono menyang ing tanah Galilea,

44sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe.

45Sarawuhe ing tanah Galilea, banjur ditampeni dening wong-wong ing kono, marga iku wus padha ndeleng sakehing pandamele ana ing Yerusalem nalika riyaya, amarga wong-wong mau uga melu nekani riyaya iku.

Anake priyayi kadhaton

46Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.

47Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.

48Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.”

49Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.”

50Pangandikane Gusti Yesus: “Balia, anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali.

51Nalika isih ana ing dalan priyayi mau kapethuk abdi-abdine, kang padha nusul ngaturi pawarta, manawa anake urip.

52Tumuli padha didangu, wayah apa anake wiwit waras. Ature: “Kala wingi wanci jam satunggal siyang, anggenipun mantun benter.”

53Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.

54Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.



Download Audio MP3 (Yohanes 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel