Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 10 >> 

1Para sedulur! Aku kepéngin ngélingaké kowé, bab apa sing dialami déning para leluhur kita, sing padha ndhèrèk Nabi Musa. Para leluhur mau padha kauban déning méga lan nyabrang Segara Teberau kanthi slamet.

2Ana ing sajroning méga lan ana ing sajroning segara mau para leluhur kabèh kabaptis dadi penganuté Nabi Musa.

3Wong kabèh mau padha mangan roti kasukman sing padha,

4lan padha ngombé ombèn-ombèn kasukman sing padha, kabèh padha ngombé saka watu karang kasukman, lan watu karang mau yakuwi Sang Kristus piyambak.

5Éwasemono wong-wong mau sapérangan gedhé ora gawé renaning penggalihé Gusti Allah, mulané padha mati lan kakubur pating slebar ana ing ara-ara samun sing diliwati.

6Tumrap kita prekara mau kabèh dadi pasemon kanggo ngélingaké, supaya kita aja kepéngin marang prekara-prekara sing ala kaya sing wis ditindakaké déning para leluhur dhèk biyèn.

7Supaya kita aja padha nyembah brahala, kaya sing wis katindakaké déning wong-wong mau. Kaya sing kadhawuhaké ana ing Kitab Suci: "Wong-wong padha lungguh, mangan lan ngombé, nuli padha ngadeg lan jogèdan."

8Kita aja padha laku jina kaya sing biyèn katindakaké déning sawenèhing wong-wong mau, nganti sajroning sedina ana wong telulikur èwu sing padha mati.

9Kita aja padha nyoba marang Pangéran, kaya sawenèhing wong-wong dhèk jaman biyèn, satemah padha mati dicokot ula.

10Lan kowé aja padha nggrundel bab nasibmu, kaya sawenèhing wong nalika semana, temah padha ditumpes déning Malaékaté Pati.

11Anané lelakon kabèh mau, supaya dadi tuladha kanggo wong-wong liya. Lan kabèh mau katulis minangka pepéling tumrap kita, sing padha urip ing jaman pungkasan.

12Mulané sapa sing ngadegé rumangsa wis jejeg, padha sing ngati-ati supaya aja nganti tiba.

13Godha sing kokalami kuwi, godha sing lumrah dialami déning saben wong. Nanging Gusti Allah setya marang janjiné. Panjenengané ora bakal négakaké kowé digodha nganti ngungkuli kekuwatanmu. Yèn kowé digodha, Panjenengané bakal maringi kekuwatan marang kowé, supaya kowé tetep panggah, sarta Panjenengané bakal maringi dalan, supaya kowé bisa oncat saka panggodha mau.

14Mulané para sedulur kang dakkasihi, aja padha nyembah brahala, kuwi padha singkirana.

15Enggonku kandha mengkono kuwi merga kowé dakanggep wong sing ngerti. Padha timbangen dhéwé tembungku iki.

16Tuwungé berkah sing kita tampani saka Gusti klawan ngucap sukur, kuwi yèn kita ombé, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggalan karo rohé Sang Kristus? Lan yèn kita mangan roti sing kita cuwil-cuwil, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggilan karo sarirané Sang Kristus?

17Sebab rotiné mung siji, mengkono uga kita, sing cacahé akèh iki satemené badan siji, sebab kita kabèh padha mangan nunggal roti siji mau.

18Padha nitènana bangsa Israèl jaman biyèn, yakuwi wong sing padha mangan kurban sing disaosaké marang Gusti Allah ana ing mesbèh. Wong-wong mau rak padha ndhèrèk lelados ana ing mesbèh mau?

19Aku rak ora kandha, yèn brahala utawa sesajèn sing disaosaké mau ana nyatané.

20Ora babar-pisan! Karepku, apa sing disaosaké ana ing mesbèhing brahala mau ora disaosaké marang Gusti Allah, nanging marang sétan-sétan. Lan aku ora rila yèn kowé padha tetunggalan karo sétan-sétan.

21Kowé ora kena ngombé saka tuwungé Gusti lan uga ngombé saka tuwungé sétan-sétan. Kowé ora kena mangan ana ing méjané Gusti Yésus lan sawisé kuwi banjur mangan ana ing méjané sétan-sétan.

22Apa kowé kepéngin gawé bentèring penggalihé Gusti Yésus? Apa kita iki luwih rosa tinimbang Panjenengané?

23Ana wong sing muni: "Aku wenang nindakaké apa sing dakkarepaké." Bener! Nanging ora samubarang maédahi. "Aku wenang nindakaké samubarang," nanging ora samubarang migunani.

24Aja ana wong sing mburu keuntungané dhéwé waé, nanging padha nggatèkna uga marang wong liya.

25Kowé bébas arep mangan daging apa waé sing diedol ing pasar, tanpa mangu-mangu.

26Sebab Kitab Suci ngendika: "Bumi lan saisiné kuwi kagungané Gusti Allah."

27Yèn kowé diundang mangan déning wong sing ora precaya lan kowé gelem nekani uleman mau, mangana apa waé sing disuguhaké tanpa mangu-mangu.

28Nanging yèn ana wong sing kandha marang kowé: "Kuwi sesajèning brahala," aja kokpangan, supaya aja nuwuhaké gagasan ing wong mau, yèn kowé ngandel marang brahala, mengkono uga merga rasaning atimu dhéwé.

29Dadi ora mung merga rasaning atimu dhéwé nanging uga kanggo rasaning atiné wong mau. Bisa uga ana wong sing muni: "Yagéné kamerdikanku kokdiwatesi déning rasaning atiné wong liya?

30Yèn aku mangan pangan sing wis disuguhaké klawan ngucap sukur, yagéné aku kokdisalahaké, merga mangan pangan sing wis daksucèkaké mau?"

31Bener, nanging aja lali, yèn apa waé sing koktindakaké, apa mangan, apa ngombé, apa waé sing koklakoni kuwi kabèh lakonana kanggo kaluhurané Gusti Allah.

32Tumindakmu aja njalari wong-wong padha tumiba ing dosa, iya wong Yahudi, iya wong dudu Yahudi, utawa pasamuwané Gusti Allah.

33Nulada marang aku! Ing sadhéngah prekara sing daklakoni, aku ngarah gawé senengé wong kabèh, tanpa mburu kesenenganku dhéwé. Sing dakélingi kuwi kepentingané wong liya, supaya wong mau padha slamet.



 <<  1 Korintus 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel