Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 1 >> 

1Layangku, Pétrus, rasulé Gusti Yésus Kristus, tumekaa marang umat pilihané Gusti Allah, sing padha dadi wong neneka manggon ana ing sawratané tanah Pontus, Galatia, Kapadhokia, Asia Cilik lan Bitinia.

2Kowé wis padha kapilih miturut kersané Allah, Sang Rama, lan déning Rohé kadadèkaké umaté kang suci, supaya kowé padha mbangun-turut marang Gusti Yésus lan karesikaké saka dosa lan jejembering dosamu déning rahé. Panyuwunku mawantu-wantu marang Gusti Allah, muga kowé padha kaparingana lubèring sih-rahmat lan tentrem rahayu.

3Pinujia Gusti Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus! Merga saka gedhéning sih-rahmaté, Panjenengané wis nglairaké kita menèh srana wunguné Gusti Yésus Kristus saka ing séda. Merga saka kuwi urip kita kebak ing pengarep-arep,

4lan kita padha nganti-anti marang panduman sing kacawisaké déning Gusti Allah kanggo umat kagungané. Panduman mau kasimpen kanggo kowé ana ing swarga, mulané ora bisa rusak, reged utawa alum.

5Panduman kuwi kanggo kowé, sing padha kareksa keslametanmu déning pangwasané Gusti Allah. Keslametan mau bakal kawedharaké mbésuk ing jaman wekasan.

6Mulané padha bungah-bungaha, senajan ing wektu saiki kowé kudu nandhang kasusahan merga pendadaran rupa-rupa sing kudu kokalami.

7Pamrihé ora liya supaya katona murniné precayamu. Senajan mas pisan, sing bisa rusak kuwi diuji murniné srana geni, apa menèh precayamu sing luwih aji tinimbang mas, kudu diuji iya supaya katona murniné. Temahan ing Dina rawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé olèh pengalem, kamulyan lan kaurmatan.

8Kowé padha tresna marang Panjenengané, senajan ora kokdeleng. Kowé padha precaya marang Panjenengané, senajan ora koksipati. Kabungahan sing kokalami kuwi gedhé lan mulya banget, nganti ora kena dikandhakaké nganggo tembung.

9Awit kowé wis padha tampa sing dadi wohing precayamu, yakuwi keslametané nyawamu.

10Iya bab keslametan kuwi sing wis dititi-priksa klawan nastiti déning para nabi, sing padha meca bab sih-rahmat sing bakal diparingaké déning Gusti Allah marang kowé.

11Para nabi mau padha nitipriksa kapan wektuné lan kepriyé patrapé sih-rahmat mau kaparingaké. Lan Rohé Sang Kristus sing ana ing para nabi kuwi nedahaké wektu mau, srana pamecané bab kasangsaran rupa-rupa sing bakal dialami Sang Kristus lan bab sakèhing kamulyan sing sawisé kuwi bakal kaparingaké marang Panjenengané.

12Para nabi mau wis padha kaparingan pangerti déning Gusti Allah, yèn enggoné leladi mau ora kanggo awaké dhéwé, nanging kanggo kowé. Para nabi mau padha medharaké prekara-prekara sing saiki wis kokrungu saka wong-wong sing padha ngabaraké Injil. Wong-wong mau enggoné martakaké srana pangwasaning Rohé Allah sing kautus saka ing swarga. Senajan para malaékat pisan padha kepéngin sumurup bab prekara-prekara mau.

13Mulané padha pikiren apa sing arep koktindakaké. Diwaspada lan ngemungna padha ngarep-arep marang berkah sing bakal diparingaké marang kowé, samangsa Gusti Yésus rawuh.

14Padha mbangun-turuta marang Gusti Allah, lan aja nuruti hawa-nepsu sing ngerèh uripmu kaya dhèk biyèn, nalika kowé isih padha bodho.

15Malah padha disuci ing sadhéngah perkara sing koklakoni sajroning uripmu, kaya déné Gusti Allah kang nimbali kowé iya suci.

16Ing Kitab Suci katulis: "Padha disuci, awit Aku iki suci."

17Kowé nyebut Gusti Allah ‘Rama’, samasa kowé padha ndedonga marang Panjenengané. Nanging Gusti Allah ngadili kabèh wong tanpa pilih kasih, manut penggawéné dhéwé-dhéwé. Mulané uripmu ing donya padha nganggoa wedi-asih marang Panjenengané.

18Sebab kowé padha sumurup apa sing kanggo nebus uripmu sing tanpa guna, sing kokwarisi saka leluhurmu, dudu barang sing bisa rusak, uga dudu slaka utawa mas,

19nanging srana kurban sing pengaji banget, yakuwi Sang Kristus piyambak, kaya déné wedhus sing tanpa cacad lan mulus.

20Panjenengané kapilih déning Gusti Allah sadurungé jagad katitahaké. Merga saka kowé Panjenengané ndungkap akir jaman iki, rawuh ing donya paring keslametan.

21Lantaran Panjenengané kowé padha precaya marang Gusti Allah, kang wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda lan maringi kamulyan marang Panjenengané; temahan saiki kowé padha precaya temenan marang Gusti Allah lan mung ngendelaké Panjenengané.

22Saiki sarèhné srana netepi dhawuhé Gusti Allah kowé wis padha nucèkaké awakmu, temahan bisa tresna lair batin marang pepadhamu wong-wong sing precaya, mulané padha mempenga enggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging ati.

23Awit enggonmu padha kalairaké menèh kuwi déning pangandikané Gusti Allah kang gesang lan kang langgeng, kaya déné anak saka Bapak sing kalis ing pati, dudu bapak manungsa,

24kaya sing tinulis ing Kitab Suci mengkéné: "Sakèhing manungsa kuwi kaya suket, sarta kabèh kaluhurané kaya kembanging suket. Menawa suketé garing, kembangé nuli gogrog;

25nanging pangandikané Pangéran tetep ing selawasé." Iya kuwi pangandika sing wis diwartakaké marang kowé déning Injil.



 <<  1 Petrus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel