Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 4 >> 

1Sarèhné Sang Kristus, mungguh ing sarirané, wis nglampahi sangsara, kowé uga kudu duwé tékad sing mengkono. Merga sapa sing wis nandhang sangsara cara kedagingan, kuwi wis marèni enggoné nglakoni dosa.

2Mulané wiwit saiki, sajroné kowé urip ana ing donya, uripmu aja kokenggo nuruti kepéncuting daging, nanging enggonen nglakoni kersané Allah.

3Dhèk semana wis cukup enggonmu nglakoni kaya sing dilakoni déning wong ora precaya, yakuwi laku jina, nguja hawa-nepsu, mendem, murang-tata, jibar-jibur lan nyembah brahala nganggo cara sing njijiki.

4Nanging wong-wong mau saiki padha gumun déné kowé kokora mèlu karo dhèwèké nyemplung ing kedhung bladhering dosa. Kuwi sebabé saiki kowé padha dipitenah.

5Nanging wong-wong mau bakal ngaturaké penjawab marang Gusti Allah, sing wis siyaga ngadili wong sing isih urip lan wong sing wis mati.

6Yakuwi preluné Injil kawartakaké uga marang wong mati, supaya senajan wis padha kaukum tumraping badan ora béda karo wong kabèh, rohé wong-wong mau bisaa urip kaya sing dikersakaké déning Gusti Allah.

7Samubarang wis mèh tekan kikisé. Mulané kowé kudu padha bisa ngerèh awakmu dhéwé, diwaspada lan ndedongaa.

8Sing prelu dhéwé padha mempenga enggonmu tresna-tinresnan, awit katresnan kuwi ngapura keluputan.

9Padha dhangana nampani padha sedulur ana ing omahmu tanpa nggrundel.

10Kaya déné juru-gedhong sing becik sing nampa peparingé Allah mawarna-warna, kuwi padha kagawéa ladèn-linadènan manut peparingé dhéwé-dhéwé.

11Sing memulang, mulangna pangandikané Allah. Sing leladi, leladia srana kekuwatan sing kaparingaké déning Gusti Allah, supaya ing samubarang prekara asmané Allah kaluhuraké lantaran Gusti Yésus Kristus, awit Panjenengané kang kagungan kamulyan lan pangwasa ing selawas-lawasé. Amin.

12Para kekasih, aja padha gumun ing ngatasé pendadaran abot sing padha koksangga, kaya-kaya kowé ketaman barang sing ora lumrah.

13Malah padha saosa sukur, awit kowé padha nandhang sapéranganing kasangsarané Sang Kristus, supaya kowé kepareng bungah samangsa Sang Kristus rawuh.

14Begja kowé menawa diina ing wong merga enggonmu padha dadi muridé Sang Kristus. Kuwi ateges yèn Roh kang mulya, yakuwi Rohé Allah, dumunung ana ing kowé.

15Aja ana panunggalanmu sing nandhang sangsara merga matèni wong, utawa maling, utawa nyampuri urusané wong liya.

16Nanging yèn enggonmu nandhang sangsara mau merga saka enggonmu dadi wong Kristen, kowé ora susah isin. Malah aturna panuwun marang Gusti Allah, déné kowé diparengaké neksèni asmané Sang Kristus.

17Saiki wis tekan wektuné Gusti Allah ngadili jagad. Déné sing bakal diadili dhisik iku umaté Allah piyambak. Lan menawa kita sing diadili dhisik, kepriyé bakal wekasané wong-wong sing padha ora precaya karo Injilé Allah?

18Kaya sing dingandikakaké déning para nabi: "Yèn wong mursid waé angèl enggoné kaslametaké, wong duraka lan wong dosa bakal kepriyé kedadéané?"

19Merga saka kuwi, sing sapa nandhang sangsara miturut kersané Allah, padha pasraha marang kang paring urip, klawan tansah nglakoni kabecikan, awit Panjenengané selawasé tansah netepi prasetyané.



 <<  1 Petrus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel