Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 10 >> 

1Kecrita ratu putri saka tanah Séba iya nampi pawarta bab kawicaksanané Raja Suléman. Mulané banjur rawuh ing Yérusalèm arep nyoba Suléman srana pitakonan sing angèl-angèl.

2Rawuhé didhèrèkaké déning pendhèrèk akèh lan unta sing padha momot rempah-rempah, emas lan watu aji akèh banget. Sawisé kepanggih karo Raja Suléman ratu putri mau banjur nyuwun pirsa prekara rupa-rupa.

3Pitakonan-pitakonan mau kabèh diwangsuli déning Raja Suléman, siji waé ora ana sing angèl kagem panjenengané.

4Sang Ratu putri saka Séba mireng piyambak kawicaksanané Suléman mau. Sang Ratu iya pirsa kedhaton sing diyasa déning Suléman lan saisiné kabèh.

5Iya pirsa para pegawé kedhaton, carané para abdi padha ngladèni, sandhangané, dhahar sing diolah lan kamar-kamaré. Pirsa kurban-kurban sing disaosaké déning Raja Suléman ana ing Pedalemané Allah. Kabèh mau gawé gumuné Sang Ratu saka Séba ora uwis-uwis.

6Mulané banjur matur marang Raja Suléman, "Sedaya prekawis ingkang kula pireng ing negari kula bab kawicaksanan panjenengan ketitik leres sedaya!

7Nanging sesampunipun kula dhateng lan sumerep mawi mripat kula piyambak, kula saweg yakin saèstu. Cethanipun sedaya ingkang kula pireng menika mboten wonten sepalihipun ingkang kula tingali samenika. Kawicaksanan lan kasugihan panjenengan jebul langkung ageng ketimbang kaliyan pawartos ingkang kula pireng.

8Iba begjanipun para garwa panjenengan! Iba begjanipun para abdi panjenengan, ingkang selaminipun celak kaliyan panjenengan, ngantos sami saged mireng piyambak saking lésan panjenengan pangandika ingkang kebak kawicaksanan!

9Pinujia Pangéran, Allah panjenengan! Saking enggèn panjenengan kajumenengaken raja, tandha bilih Gusti Allah rena dhateng panjenengan. Mboten telas-telas sihipun dhateng bangsa Israèl, pramila Allah ngangkat panjenengan kadadosaken rajanipun, supados panjenengan saged njejegaken hukum lan kaadilan."

10Ratu saka Séba mau banjur nyaosaké hadiah-hadiah marang Raja Suléman. Yakuwi emas luwih saka 4.000 kilogram, watu aji lan rempah-rempah akèh banget. Raja Suléman durung tau nampa rempah-rempah semono akèhé, kaya enggoné nyaosi ratu saka Séba kuwi.

11Kecrita prau-prauné Hiram sing nggawa emas saka Ofir kanggo Raja Suléman, uga nggawa watu aji akèh lan kayu cendhana.

12(Kayu cendhana mau déning Suléman dienggo gawé pager hiasan ing Pedalemané Allah lan ing kedhatoné, lan iya kagawé piranti musik, kayata kecapi lan gambus, kanggo para abdi sing ahli musik. Kayu cendhana kuwi kayu sing becik dhéwé ing antarané kayu-kayu sing ditekakaké ing Israèl. Durung tau ana kayu sing beciké kaya mengkono.)

13Suléman gentèn nyaosi Sang Ratu saka Séba apa waé sing dikersakaké, kejaba kuwi iya hadiah-hadiah liyané sing lumrahé diparingaké déning Suléman marang tamu-tamuné. Sawisé mengkono Sang Ratu lan pendhèrèké padha kondur menyang tanah Séba.

14Saben taun Raja Suléman nampi kurang luwih 23.000 kilogram emas,

15durung sing ditampa saka para sedhèrèké, saka bebathèné dagangan lan saka raja-raja Arab, sarta para bupati Israèl.

16Raja Suléman dhawuh gawé tamèng-tamèng gedhé sing dilapisi emas; saben tamèng ngentèkaké emas pitung kilogram.

17Uga dhawuh gawé tamèng rada cilik, saben tamèng dilapis emas kurang luwih rong kilogram. Tamèng-tamèng mau kabèh dipasang ing Bangsal Alas Libanon.

18Suléman iya yasa dhampar keprabon sing dilapis gadhing lan emas murni.

19(10:19-20) Dhampar keprabon mau nganggo pancadan nem. Saben pancadan kiwa-tengené ana ukirané singa, kabèh ana rolas. Ing mburiné dhampar ana recané endhas sapi lan ing kiwa-tengené dhampar ana recané singa. Durung tau, ing endi waé, ana kursi keprabon sing hébaté kaya kursi kepraboné Raja Suléman.

20(10:19)

21Tuwung sing diagem ngunjuk Raja Suléman kabèh saka emas. Mengkono uga kabèh piranti sing dienggo ing Bangsal Alas Libanon kagawé saka emas murni. Ora ana barang saka slaka, sebab dhèk jamané Suléman slaka ora ana ajiné.

22Suléman kagungan kapal gedhé-gedhé akèh, sing padha lelayaran ing samodra bebarengan karo kapal-kapalé Raja Hiram. Kapal-kapal mau saben taun bali nggawa emas, slaka, gadhing lan kethèk-kethèk gedhé cilik.

23Ing antarané raja-raja kabèh, Suléman kuwi raja sing sugih dhéwé lan sing wicaksana dhéwé.

24Wong saka bangsa endi-endi padha kepéngin sowan ngrungokaké piwulang-piwulangé Suléman sing kebak kawicaksanan peparingé Allah,

25lan saben wong sing sowan mesthi nyaosi hadiah. Tekané wong-wong mau padha nggawa barang-barang saka emas, slaka, sandhangan, gaman, rempah-rempah, jaran lan bihal, kaya mengkono mau ajeg saben taun.

26Raja Suléman iya kagungan angkatan perang. Krétané perang sèwu patang atus lan jaran sing kanggo perang rolas èwu. Sapérangan didokokaké ing Yérusalèm, liyané ana ing kutha-kutha liya.

27Nalika jamané Suléman jumeneng raja ing Yérusalèm slaka dianggep barang lumrah, ora béda karo watu; lan cemara Libanon ana sapirang-pirang nganti kaya wit ara waé.

28Blantik-blantiké Sang Prabu kulak jaran saka Misraim lan Kéwé;

29déné kréta-krétané perang ditekakaké saka tanah Mesir, banjur didol menèh marang raja-raja Hèt lan raja-raja Siria. Jaran siji didol satus sèket dhuwit slaka lan kréta perang siji diregani nem atus dhuwit slaka.



 <<  1 Raja-raja 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel