Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 12 >> 

1Umat Israèl sisih Lor kabèh wis padha nglumpuk ing Sikèm, sebab Réhabéam arep diwisudha jumeneng raja. Réhabéam uga mrana.

2Nalika semono Yérobéam bin Nébat isih ana ing Mesir, merga nyingkiri Raja Suléman. Bareng krungu yèn Réhabéam arep diwisudha, Yérobéam banjur bali menyang Israèl.

3Rakyat Israèl sisih Lor kongkonan methuk Yérobéam. Bareng wis teka banjur bebarengan karo wong akèh sowan marang Réhabéam. Aturé wong-wong mau,

4"Réhabéam ingkang minulya! Keng Rama Suléman enggènipun ngerèh kula sedaya keras sanget. Sesanggèn ingkang dipun momotaken dhateng pundhak kula sami karaos awrat saèstu. Pramila menawi panjenengan kersa paring kaènthèngan srana ngirangi sesanggèn wau, kula sami badhé sumuyud dhateng panjenengan."

5Wangsulané Réhabéam, "Telung dina engkas padha balia mréné, aku bakal awèh ketrangan." Wong-wong mau nuli padha mulih.

6Réhabéam banjur njaluk pamrayoga marang wong tuwa-tuwa sing biyèn dadi penaséhaté Suléman, ramané Réhabéam. Pendanguné Réhabéam, "Manut panemumu, kepriyé enggonku kudu mangsuli marang wong-wong kuwi?"

7Wangsulané para penaséhat mau, "Menawi panjenengan èstu badhé ngabdi dhateng rakyat, paringa wangsulan ingkang nyekécakaken manahipun rakyat, temah mesthi badhé sami sumuyud dhateng panjenengan."

8Nanging Réhabéam ora ngrèwès marang rembugé wong tuwa-tuwa mau, malah banjur marani wong nom-noman sabarakané, sing wis didadèkaké penaséhaté.

9Pitakoné Réhabéam, "Wong-wong sing padha njaluk diènthèngaké sanggané kuwi kudu dakwangsuli kepriyé? Kepriyé panemumu?"

10Wangsulané, "Panjenengan kedah paring wangsulan mekaten, ‘Sasèkèng-sèkèngku, aku isih luwih rosa ketimbang karo bapakku!

11Bapakku wis awèh momotan abot marang kowé, nanging aku bakal mènèhi sing luwih abot. Yèn bapakku mecuti kowé nganggo penjalin, aku bakal mecuti kowé nganggo kawat sing ana eriné.’"

12Sawisé telung dina, Yérobéam lan wong-wong kabèh sing padha sowan padha wis nglumpuk menèh, kaya sing didhawuhaké déning Sang Raja.

13Nanging Raja Réhabéam ora ngrèwès karo naséhaté wong tuwa-tuwa. Rakyat sing padha sowan mau dingandikani klawan kasar,

14kaya naséhaté para nonoman marang Sang Raja, "Sesanggané bapakku marang kowé kuwi wis abot, nanging momotan sing arep dakwènèhaké bakal luwih abot menèh. Bapakku mecuti kowé nganggo penjalin, nanging aku bakal mecuti kowé nganggo kawat sing ana eriné!"

15Dadiné, panyuwuné rakyat ora digapé. Nanging kuwi merga wis dikersakaké déning Allah. Pamecané Nabi Ahia saka Silo bab Yérobéam kuwi mesthi kelakon.

16Bareng rakyat ngerti yèn Sang Prabu ora kersa nuruti panyuwuné, wong akèh mau banjur padha mbengok klawan sora, "Aja urusan karo Dawud lan anak-turuné! Kuwi ora tau gawé becik marang kita! Umat Israèl, ayo mulih waé! Réhabéam karebèn ngurusi prekarané dhéwé." Rakyat Israèl banjur padha brontak,

17temah Réhabéam mung mréntah rakyat sing kari ana ing wilayah Yéhuda thok.

18Raja Réhabéam banjur ngutus Adoniram, pengawasé wong-wong sing padha kerja bakti, supaya nentremaké rakyat. Nanging Adoniram malah dibalangi watu déning rakyat nganti mati. Pirsa mengkono mau Sang Prabu Réhabéam énggal-énggal nyéngklak krétané kondur menyang Yérusalèm.

19Wiwit nalika semana rakyat Israèl sisih Lor tansah mbrontak marang anak-turuné Raja Dawud.

20Bareng rakyat Israèl kabèh padha krungu yèn Yérobéam wis teka saka tanah Mesir, banjur diaturi ing sawijining kumpulan. Ana ing kono Yérobéam diwisudha jumeneng raja ing Israèl. Mung taler Yéhuda dhéwé sing tetep setya marang anak-turuné Dawud.

21Satekané ing Yérusalèm Réhabéam banjur nglumpukaké tentarané pilihan, cacahé 180.000, saka taler Yéhuda lan Éfraim. Kersané arep nglurug perang supaya taler-taler sisih Lor bisa bali dadi rèh-rèhané.

22Nanging Gusti Allah ngutus Nabi Semaya

23nggawa pangandikané Allah marang Réhabéam lan taler-taler Yéhuda sarta Éfraim kabèh,

24mengkéné, "Kowé aja nyerang rakyat Israèl, kuwi rak sedulurmu dhéwé. Kowé kabèh padha muliha waé. Apa sing kelakon iki Aku sing ngersakaké." Wong kabèh mau padha nurut marang dhawuhé Pangéran, temah padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

25Bareng Yérobéam dadi raja, kutha Sikèm ing daérah Éfraim banjur disentosani; kanggo sawetara mangsa Yérobéam dedalem ing kono. Ora suwé banjur ngalih saka kono, lan nyentosani kutha Pnuèl.

26(12:26-27) Gagasané Yérobéam mengkéné, "Yèn rakyat tetep saos kurban ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm kaya saiki, ora wurung mbésuk bakal padha seneng mèlu Réhabéam, raja ing Yéhuda lan aku bakal dipatèni."

27(12:26)

28Sawisé nggagas mengkono Yérobéam banjur yasa reca sapi loro dilapis emas, sarta ngandika marang rakyat mengkéné, "Hé bangsa Israèl! Enggonmu padha nindakaké pangibadah ing Yérusalèm wis cukup tekan seméné waé. Saiki delengen, iki lo allah-allahmu sing ngirid kowé saka tanah Mesir!"

29Reca sapi emas mau sing siji dipasang ing Bètèl, sijiné ing Dhan.

30Kuwi sing njalari rakyat banjur gawé dosa, sebab banjur padha nindakaké pangibadah ana ing Bètèl lan ing Dhan.

31Yérobéam iya yasa papan-papan pangibadah ana ing tengger-tengger lan ngangkat imam-imam saka kulawarga sing dudu trah Lèwi.

32(12:32-33) Wong-wong mau déning Yérobéam didadèkaké imam-imam ing Bètèl, supaya nglakoni tugasé ana ing kono. Panjenengané piyambak uga saos kurban marang sapi-sapi emas sing digawé dhéwé mau. Banjur panjenengané uga nemtokaké tanggal limalas ing sasi kawolu dadi dina gedhé kanggo wong Israèl, padha karo dina gedhé ing Yéhuda. Ing dina iku Yérobéam minggah ing Bètèl saos kurban kanggo ngriyayakaké dina gedhé sing wis ditemtokaké mau.

33(12:32)



 <<  1 Raja-raja 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel