Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 18 >> 

1Sawisé wetara lawas, nalika mangsa ketiga dawa mau wis nyandhak telung tauné, Nabi Élia kadhawuhan déning Allah mengkéné, "Sowana raja lan matura yèn Aku bakal nekakaké udan."

2Élia banjur budhal. Nalika semono ing Samaria ana paceklik gedhé.

3Mulané Akhab nimbali Obaja didhawuhi sowan. (Obaja kuwi penggedhé sing ngurusi rumah-tanggané kedhaton, wong mursid sing ngabekti banget marang Allah.

4Nalika Izébèl matèni nabi-nabiné Allah, Obaja nulungi nabi satus sing didhelikaké ana ing guwa-guwa, guwa siji diisèni wong sèket; nabi-nabi mau diwènèhi mangan lan ngombé.)

5Pangandikané Akhab marang Obaja, "Padha ndlajaha negara kabèh lan golèk tuk utawa kali. Bisa uga kita nemokaké suket kanggo jaran lan bihal kita, supaya ingon-ingon kita aja ana siji waé sing nganti kepeksa kita patèni."

6Sawisé daérah-daérah sing arep diteliti dibagé-bagé banjur padha budhal. Akhab menyang daérah sing siji, Obaja menyang daérah sijiné.

7Ana ing dalan Obaja kepethuk karo Élia. Bareng wis ora pangling menèh, Obaja banjur sumungkem ngurmati Élia karo matur, "Menapa èstu panjenengan menika Nabi Élia?"

8Wangsulané Élia, "Bener, aku iki Élia. Sowana Sang Prabu, aturana pirsa yèn aku ana ing kéné."

9Aturé Obaja, "Lepat kula menapa déné panjenengan badhé njlomprongaken kula supados dipun pejahi déning Akhab?

10Demi Allah panjenengan ingkang gesang, kula sumpah bilih Sang Prabu sampun utusan tiyang madosi panjenengan ngideri sedaya negari ing sajagad. Menawi wonten ingkang mungel, bilih panjenengan mboten wonten ing ngriku, pangwaos ing ngriku dipun purih sumpah, bilih panjenengan èstu mboten wonten ing negari ngriku.

11Samenika panjenengan ngutus kula sowan dhateng Akhab lan matur bilih panjenengan wonten ing ngriki?

12Menawi kula késah saking ngriki, Rohipun Pangéran mesthi badhé mbekta panjenengan kabekta dhateng panggènan sanès, ingkang mboten kula sumerepi! Lan menawi kula matur dhateng Akhab, bilih panjenengan wonten ing ngriki, mangka Akhab mboten manggihaken panjenengan, mesthi kula badhé dipun pejahi, senajan kula wiwit alit èstu ngabekti dhateng Allah.

13Menapa panjenengan dèrèng midhanget, bilih nalika Izébèl mejahi nabi-nabinipun Allah, kula ndhelikaken nabi satus wonten ing guwa-guwa, saben guwa tiyang sèket, kula sukani tedha lan ngombé?

14Pramila kadospundi déné panjenengan ngutus kula késah ngaturi pirsa dhateng Sang Raja, bilih panjenengan wonten ing ngriki? Kula mesthi badhé dipun pejahi déning Akhab!"

15Wangsulané Élia, "Demi Allah kang mahakwasa, kang dakladosi, aku janji yèn aku bakal sowan dhéwé marang Raja Akhab, dina iki uga."

16Obaja banjur mangkat ngaturi pirsa marang Sang Prabu, lan Raja Akhab iya tumuli budhal manggihi Élia.

17Bareng pirsa Élia Akhab ngandika, "Lha iki tukang gawé rusuh ana ing Israèl."

18Atur wangsulané Élia, "Sanès kula, nanging panjenengan piyambak lan kulawarga panjenengan. Panjenengan sampun nglanggar dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah, mergi nyembah brahala-brahalanipun Baal.

19Samenika panjenengan kula aturi ndhawuhaken supados rakyat Israèl sedaya nglempak lan kepanggih kaliyan kula wonten ing Gunung Karmèl. Kula aturi sesarengan kaliyan nabi-nabinipun Baal ingkang cacahipun 450 menika lan nabinipun Asyéra kawan atus, ingkang piwulangipun dipun ugemi déning Ratu Izébèl!"

20Raja Akhab banjur nglumpukaké rakyat kabèh lan para nabiné Baal ana ing Gunung Karmèl.

21Nabi Élia nuli nyelaki rakyat mau sarta ngandika, "Nganti mbésuk kapan atimu rangkep mengkono? Yèn Pangéran kuwi Allah mula padha nyembaha marang Pangéran. Yèn Baal kuwi Allah, iya nyembaha Baal!" Rakyat sing nglumpuk ana ing kono padha meneng waé.

22Nabi Élia banjur ngandika, "Saka antarané nabi-nabiné Allah sing ana mung aku dhéwé, mangka ing kéné ana nabiné Baal 450.

23Saiki aku padha wènèhana sapi lanang loro; nabi-nabiné Baal konen njupuk siji, banjur konen nyembelèh, banjur ditengkel-tengkel. Tengkelané disèlèhna ana ing mesbèh, nanging aja diobong dhisik. Sapi sijiné iya bakal dakgawé mengkono.

24Nabi-nabiné Baal karebèn ndedonga marang allahé, lan aku ya dhak ndedonga marang Pangéran. Endi allah sing paring wangsulan nganggo geni, kuwi sing Allah temenan." Rakyat kabèh padha mangsuli klawan swara sora, "Inggih, prayogi."

25Nabi Élia banjur ngandika marang nabi-nabiné Baal, "Sarèhné kancamu akèh, kowé miliha dhisik sapimu lan cawisna. Ndedongaa marang allahmu, nanging kurbanmu aja kokdokoki geni."

26Para nabiné Baal banjur milih sapi siji lan dicawisaké kanggo kurban. Sawisé mengkono banjur wiwit padha ndedonga marang Baal, nganti setengah dina, karo bengak-bengok, "Baal, mugi paring wangsulan!" Enggoné muni mengkono mau karo jogèdan ngubengi mesbèh sing wis dicawisaké. Nanging Baal ora mangsuli apa-apa.

27Bareng wis tengah dina Nabi Élia wiwit moyoki nabi-nabiné Baal mau, "Olèhmu ndedonga kurang seru! Panjenengané kuwi rak allah, ta? Bisa uga lagi tindakan! Utawa bisa uga lagi saré, mulané kudu kokwungokaké!"

28Nabi-nabiné Baal enggoné ndedonga saya seru. Lan kaya adat sabené wong-wong mau padha natoni awaké nganggo péso lan blathi nganti getihé dlèwèran.

29Mengkono carané wong-wong mau, kaya wong kesurupan nganti awan. Nanging ora ana wangsulan lan ora ana sing nggatèkaké.

30Nabi Élia banjur ngandika marang rakyat kabèh, "Padha nyedhaka mréné." Rakyat banjur padha nyedhak ngubengi Nabi Élia. Mesbèhé Pangéran sing wis dibubrah ditata menèh.

31Nabi Élia mundhut watu rolas, saben watu siji makili taler Israèl, turuné Yakub, sing kaparingan nama Israèl déning Pangéran.

32Nabi Élia ngedegaké mesbèh sing kanggo saos kurban marang Allah nganggo watu rolas mau. Saubengé mesbèh digawé kalèn, cukup kanggo madhahi banyu patbelas liter.

33Nabi Élia iya banjur numpuk kayu ing sandhuwuré mesbèh mau. Sapi sing sijiné banjur ditengkel-tengkel lan ditumpangaké kayu ing sandhuwuré mesbèh. Nabi Élia banjur ngandika, "Jupukna banyu patang jun kebak, banjur siramna ing kurban lan kayuné." Bareng wis kelakon,

34ngandika, "Menèh," banjur iya padha ditindakaké. Dhawuhé, "Sepisan menèh," lan iya padha dilakoni.

35Banyuné nganti mili saka ing mesbèh lan ngebaki kalèné.

36Bareng wis mangsané saos kurban wayah soré, Nabi Élia banjur nyelaki mesbèh karo ndedonga, aturé, "Dhuh Pangéran, ingkang dipun sembah déning Abraham, Iskak lan Yakub! Mugi samenika kersa mbuktèkaken, bilih Paduka menika Allahipun Israèl, sarta kawula menika abdi Paduka. Mekaten ugi bilih sedaya ingkang kawula lampahi menika atas dhawuh Paduka.

37Mugi Paduka kersa miyarsakaken atur kawula dhuh Pangéran! Kersaa paring wangsulan, supados rakyat sami sumerep, bilih Paduka menika Pangéran saha Allah, lan Paduka piyambak ingkang damel manahipun tiyang menika sami mratobat."

38Allah nuli maringi geni saka langit sing ngobong kurban mau bebarengan karo kayuné, apa déné watu lan lemahé, malah geni mau iya ndilat banyu sing ana ing kalèn.

39Bareng rakyat weruh kaanan mau banjur padha sumungkem ing bumi karo ngucap, "Pangéran kuwi Allah! Pangéran kuwi Allah temenan!"

40Pangandikané Nabi Élia, "Nabi-nabiné Baal cekelen. Aja ana sing oncat!" Wong-wong akèh mau nuli padha nyekel nabi-nabiné Baal kabèh, banjur digawa déning Élia menyang Kali Kison lan dipatèni ana ing kono.

41Sawisé mengkono Nabi Élia matur marang Raja Akhab, "Prayoginipun panjenengan samenika dhahar rumiyin, margi sekedhap malih badhé jawah; lah menika wonten swanten kumrasaking jawah deres."

42Akhab banjur tindak karo dhahar, déné Élia minggah ing Gunung Karmèl. Ing kono Nabi Élia sujud sumungkem ing bumi,

43banjur ndhawuhi abdiné, "Munggaha ing pucaking gunung lan ndelenga menyang segara." Abdi mau banjur munggah, lan bali menèh karo matur, "Mboten wonten menapa-menapa." Abdi mau diutus munggah-mudhun kaya mengkono nganti rambah ping pitu.

44Bareng ping pituné abdi mau bali karo matur, "Kula sumerep wonten mendhung alit, saèpèk-èpèk, dhateng saking seganten." Nabi Élia banjur ngandika marang abdiné, "Matura Raja Akhab, supaya énggal nitih krétané kondur, supaya ora kebetheng déning udan."

45Sanalika langité mendhung, nuli ana angin banter teka bebarengan udan deres. Akhab nitih kréta kondur menyang Yésreèl.

46Ing wektu kuwi uga Nabi Élia dikwaosi déning Allah. Jubahé diangkat lan disabuki, banjur mlajeng ndhisiki krétané Raja Akhab nganti tekan gapurané kutha Yésreèl.



 <<  1 Raja-raja 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel