Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 20 >> 

1Ing sawijining dina Bènhadad, raja Siria, nglumpukaké tentarané bebarengan karo raja telung puluh loro liyané sing padha nggawa kréta perang lan bala jaranan, nglurug perang menyang Samaria. Kuthané banjur dikepung lan diserang.

2Bènhadad ngutus utusan marang Akhab, raja Israèl, ing kutha kono, welingé mengkéné, "Raja Bènhadad mundhut supados

3panjenengan masrahaken emas, slaka, para garwa lan putra-putra ingkang rosa-rosa."

4Wangsulané Raja Akhab, "Kula aturi matur dhateng Raja Bènhadad, bilih menapa ingkang kapundhut badhé kula aturaken. Panjenenganipun kénging ndarbèki kula lan gadhahan kula sedaya."

5Sawisé mengkono para utusan mau bali menèh marang Akhab karo nggawa welingan kang isi tuntunan tambahan saka Bènhadad, sing surasané mengkéné, "Wau Bènhadad mundhut emas, slaka, para garwa sarta putra-putra panjenengan ingkang rosa-rosa.

6Nanging samenika panjenenganipun badhé utusan para perwiranipun, ingkang badhé ngglédhah kedhaton tuwin griyanipun para punggawa panjenengan sedaya lan badhé mendhet menapa kémawon, ingkang dipun anggep wonten pengaosipun. Para perwira menika badhé sami dhateng mbénjing-énjing wanci kados mekaten."

7Raja Akhab nuli nimbali para pemimpiné Israèl kabèh lan ngandika, "Kowé padha ngerti dhéwé yèn wong iki kepéngin gawé cilaka kita. Aku dikon masrahaké para garwaku, anak-anakku sarta emas lan slaka, wis daksaguhi."

8Aturé para pemimpiné rakyat, "Mboten sisah dipun turuti. Sang Prabu sampun kersa ngawon."

9Mulané Raja Akhab banjur mangsuli marang para utusané Bènhadad, "Kula aturi matur dhateng Raja Bènhadad, bilih kula nyagahi pamundhutipun ingkang kawitan, nanging menggah pamundhutipun ingkang kaping kalih kula mboten rujuk." Utusan-utusan mau banjur padha bali. Ora let suwé padha teka menèh sowan marang Raja Akhab, aturé,

10"Raja Bènhadad badhé ngutus tentara kathah sanget kanggé nggempur kitha panjenengan, semanten kathahipun ngantos bledug gempuranipun kitha Samaria menika cekap kagegem déning bala ingkang badhé dhateng menika. Bènhadad sampun sumpah supados dipun ukuma déning para déwa, malah dipun pejahana, menawi menika mboten kelampahan!"

11Wangsulané Raja Akhab, "Kula aturi matur dhateng Raja Bènhadad, ‘Prejurit sejati menika kénging nepuk dhadha sesampunipun perang, mboten sadèrèngipun.’"

12Wangsulané Raja Akhab mau diaturaké marang Bènhadad, nalika panjenengané lagi endem-endeman karo para raja sing dadi balané ana ing kémahé. Mireng wangsulané Akhab mau Bènhadad nuli dhawuh marang para perwirané supaya padha nyerang kutha Samaria, banjur iya padha mangkat sanalika.

13Kecrita ana nabi sowan marang Raja Akhab, aturé, "Gusti Allah ngandika, ‘Aja wedi karo tentara akèh kuwi. Dina iki mungsuh-mungsuhmu bakal Dakulungaké marang kowé, supaya kowé ngertia yèn Aku iki Allah.’"

14Pandanguné Akhab, "Sinten ingkang badhé nyerang rumiyin?" Wangsulané nabi mau, "Para prejurit ingkang taksih nèm-nèman, ingkang dipun pimpin déning para pengagenging daérah. Mekaten pangandikanipun Allah." Pandanguné Akhab menèh, "Lajeng sinten ingkang kedah mimpin serangan menika?" Wangsulané nabi mau, "Panjenengan piyambak."

15Sang Prabu banjur nglumpukaké prejurit-prejurit sing enom-enom sing dipimpin déning para penggedhéné daérah-daérah, nuli mriksa barisan sing arep dibudhalaké mau. Prejurité kabèh ana 232. Mengkono uga angkatan perangé Israèl diklumpukaké. Kabèh ana wong pitung èwu.

16Serangan diwiwiti ing wayah awan, nalika Bènhadad lan raja telung puluh loro sing dadi balané lagi padha endem-endeman ngombé anggur ana ing kémahé.

17Sing maju dhisik prejurit-prejurit nonoman. Prejurit-prejurit sing didhawuhi Bènhadad ngawasi mungsuh padha lapur yèn ana tentara sawetara saka Samaria mrono.

18Bènhadad banjur dhawuh supaya tentarané mungsuh sing teka mau dicekel urip-uripan, ora preduli apa tekané arep perang apa arep ngajak damé.

19Serangan diwiwiti déning para prejurit sing nom-noman sing teka saka Samaria mau, banjur disusul déning tentara Israèl.

20Saben prejurit matèni mungsuh sing ana ing ngarepé, nganti wong Siria padha keplayu, banjur dioyak déning wong Israèl. Nanging Bènhadad bisa lolos, mlayu nitih jaran, kadhèrèkaké tentara jaranan sawetara.

21Raja Akhab iya mèlu nyerbu sarta ngremuk kréta-kréta perang lan matèni jaran-jarané. Ing dina kuwi wong Siria perangé kalah babar-pisan.

22Nabi sing biyèn sowan Raja Akhab banjur matur, "Prayoginipun sesampunipun menika panjenengan nata kekiyatan, nimbang-nimbang lan menggalih kalayan mateng menapa ingkang badhé panjenengan tindakaken, margi ing taun ngajeng menika raja Siria badhé nyerang panjenengan malih."

23Para perwirané Raja Bènhadad matur mengkéné, "Allah-allah ingkang dipun sembah tiyang Israèl menika wonten ing paredèn pangwasanipun ageng, pramila kita dipun kawonaken déning tiyang Israèl. Nanging menawi kita perang wonten ing tanah ngaré, kita temtu menang.

24Kejawi menika prayogi menawi raja tigang dasa kalih menika panjenengan gantos para pengagengipun daérah kémawon.

25Lajeng Sang Prabu kersaa mbidhalaken tentara ingkang kathahipun sami kaliyan ingkang kala rumiyin kawon menika, mekaten ugi kréta perang lan bala jaranan. Kita lajeng perang kaliyan bangsa Israèl wonten ing tanah ngaré, temtu kita badhé unggul." Raja Bènhadad nyarujuki sarta manut karo rembugé para perwira mau.

26Mulané ing mangsa semi candhaké Bènhadad mbudhalaké tentarané lan nglurugi perang bangsa Israèl ana ing Afèk.

27Semono uga wong Israèl wis nata barisané lan metoni perang. Balané didadèkaké rong pasukan, banjur padha masang kémah adhep-adhepan karo wong Siria. Yèn katandhing karo tentara Siria, sing disebar rata ngebaki daérah kono, tentara Israèl kuwi mung kaya wedhus gèmbèl rong pantha.

28Kecrita ana nabi teka sowan marang Raja Akhab, aturé, "Mekaten dhawuhipun Allah, ‘Wong Siria padha ngira, yèn Aku mung kwasa ana ing pegunungan, lan ora kwasa ing tanah ngaré. Tentarané mungsuh sing gedhé banget kuwi bakal Dakulungaké marang kowé, supaya kowé lan rakyatmu padha ngertia yèn Aku iki Allah.’"

29Seminggu lawasé wong Siria lan wong Israèl padha manggon ing kémahé dhéwé-dhéwé. Bareng dina kapituné banjur wiwit padha nyerang. Ing peprangan mau wong Israèl matèni prejurit Siria 100.000.

30Wong-wong sing oncat saka pertempuran padha ngungsi menyang kutha Afèk, nanging ana ing kono padha kebrukan bètèngé kutha mau, njalari patiné wong Siria 27.000. Bènhadad iya keplayu lan ngungsi ing kutha kono, sarta ndhelik ing omah, ana ing kamar mburi.

31Para perwira Siria padha matur marang Bènhadad, "Criyosipun tiyang, raja-raja ing Israèl menika kathah welasipun. Pramila keparenga kula sami sowan dhateng raja Israèl, kendhitan bagor lan kalungan tangsul minangka tandha bilih kita sampun kawon. Mugi-mugi srana mekaten panjenengan mboten badhé dipun sédani."

32Para perwira mau banjur padha nganggo bagor lan tali ing guluné, padha séba ing ngarsané Raja Akhab, aturé, "Bènhadad menika abdi panjenengan. Panyuwunipun supados mboten panjenengan pejahi." Pandanguné Raja Akhab, "Apa sedulurku kuwi isih urip?"

33Para perwira mau pancèn padha ngarep-arep pretandha sing becik saka Raja Akhab. Mula nalika Akhab ngandika "sedulur," énggal diwangsuli, "Èstu mekaten, Bènhadad menika sedhèrèk panjenengan." Akhab banjur ngandika, "Gawanen mréné!" Bareng Bènhadad teka, banjur diajak Akhab numpak ing krétané.

34Aturé Bènhadad, "Kitha-kitha ingkang kala rumiyin karebat déning bapak kula saking bapak panjenengan badhé kula wangsulaken dhateng panjenengan. Panjenengan menawi ngersakaken inggih saged mbikak kantor dagang ing Damsyik, kados ingkang katindakaken déning bapak kula kala rumiyin wonten ing kitha Samaria." Wangsulané Akhab, "Menawi panjenengan janji kados mekaten dhateng kula, panjenengan badhé kula luwari." Akhab banjur gawé prejanjian karo Bènhadad, sawisé mengkono Bènhadad banjur diluwari.

35Atas dhawuhé Pangéran ana nabi kandha karo nabi kancané, "Aku penthungen." Nanging kancané mau ora gelem menthung.

36Mulané nabi mau clathu, "Sarèhné kowé ora gelem nglakoni dhawuhé Pangéran, sabalimu saka kéné kowé bakal ditubruk singa." Temenan, salungané saka kono, wong mau ditubruk singa, temahan mati.

37Nabi sing didhawuhi déning Pangéran mau nuli nemoni wong liya lan kandha, "Aku penthungen!" Nabi mau nuli dipenthung seru banget, nganti tatu.

38Sawisé mengkono banjur lunga, ngadeg ing pinggir dalan, ngentèni Sang Prabu langkung kono. Mripaté nabi mau diblebed kanggo nylamur, supaya ora konangan.

39Bareng Sang Prabu langkung ing kono, nabi mau matur, "Dhuh Sang Prabu, nalika kula perang, wonten prejurit masrahaken tawanan dhateng kula, kaliyan mungel mekaten, ‘Wong iki jaganen sing becik. Yèn nganti mlayu, kowé bakal dakpatèni kanggo liruné wong mau utawa kowé kudu mbayar aku telung èwu dhuwit slaka.’

40Nanging nalika kula èwed mrika-mriki tiyangipun ical." Pangandikané Sang Prabu, "Kowé dhéwé wis gawé putusan bab paukumanmu, mulané ya sangganen."

41Nabi mau banjur mbukak blebed sing nutupi mripaté; Raja Akhab ora pangling yèn wong kuwi panunggalané nabi.

42Nabi mau banjur matur marang Sang Prabu mengkéné, "Mekaten pangandikanipun Allah, ‘Wong sing Dakdhawuhi supaya dipatèni jebul kokeculaké. Mulané kowé bakal mati, minangka liruné. Tentaramu bakal ditumpes, minangka liruné tentara sing dieculaké.’"

43Raja Akhab banjur kondur menyang Samaria klawan sedhih campur duka.



 <<  1 Raja-raja 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran