Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 1 >> 

1Ana wong lanang, jenengé Èlkana, saka taler Éfraim; manggon ing kutha Rama, ing wilayah pegunungan Éfraim. Èlkana kuwi anaké Yéroham, putuné Élihu; klebu kulawarga Tohu, anaké Zuf.

2Èlkana duwé bojo loro, yakuwi Hana lan Penina. Penina duwé anak, nanging Hana ora.

3Saben taun Èlkana lunga saka Rama prelu ngibadah ing Silo lan saos kurban marang Gusti Allah Kang Mahakwasa. Sing dadi imam ing Silo Hofni lan Pinéhas, anak-anaké Èli.

4Angger Èlkana saos kurban, Penina lan anaké kabèh diwènèhi bagéan daging kurban mau.

5Hana iya diwènèhi, sebab Èlkana tresna banget, senajan Gusti Allah ora maringi anak marang dhèwèké.

6Hana tansah diserikaké lan dipoyoki déning Penina, maruné, merga olèhé ora diparingi anak mau.

7Prekara kuwi nganti mataun-taun. Saben padha menyang Pedalemané Gusti Allah, Hana diserikaké atiné déning Penina. Hana kerep nangis sarta nganti ora gelem mangan.

8Angger lagi mengkono, bojoné takon, "Généya kowé nangis Hana? Ana apa kowé ora gelem mangan lan katon sedhih waé? Apa aku ora luwih pengaji tinimbang bocah lanang sepuluh iku?"

9(1:9-10) Ing sawijining dina sawisé padha mangan ing Pedalemané Gusti Allah ing Silo, Hana ngadeg. Ing wektu kuwi Imam Èli lagi linggih ing kursiné cedhak lawang. Atiné Hana sedhih banget, lan ndedonga marang Gusti Allah karo mingseg-mingseg.

10(1:9)

11Hana janji, tembungé, "Gusti Allah Ingkang Mahakwasa, mugi kersa midhangetaken atur kawula! Mugi mirsani kasangsaran kawula. Mugi tansah ngèngeti dhateng kawula! Menawi Paduka maringi anak jaler dhateng kawula, kawula janji, badhé kawula saosaken dhateng Paduka sajegipun gesang, rambutipun mboten badhé dipun cukur."

12Hana enggoné ndedonga suwé banget; Èli tansah nggatèkaké.

13Hana ndedonga sajroning ati, dadi mung lambéné sing umak-umik, nanging swarané ora keprungu. Mulané Hana dikira mendem.

14Èli banjur kandha karo Hana, "Ana ing kéné aja mendem! Aja ngombé anggur menèh!"

15Nanging Hana mangsuli, "Kula mboten mendem, Pak. Babar-pisan kula mboten ngombé anggur! Manah kula sisah, kula saweg ndedonga, ngaturaken sedaya kaprihatosan kula dhateng Gusti Allah.

16Kula sampun ngantos dipun kinten tiyang èstri awon. Kula ndedonga kados mekaten menika margi manah kula sisah sanget."

17Èli banjur kandha, "Yèn mengkono mundura kanthi tentrem rahayu. Muga-muga Allahé Israèl njurungana panyuwunmu mau."

18Wangsulané Hana, "Mugi-mugi kelampahan kados pangandika panjenengan menika." Hana banjur lunga, sarta gelem mangan, merga atiné wis ora sedhih.

19Ing dina candhaké isih ésuk Èlkana lan brayaté wis padha tangi. Sawisé padha ngabekti marang Gusti Allah banjur padha mulih menyang Rama. Gusti Allah njurungi pandongané Hana, mulané

20Hana dadi ngandhut lan banjur nglairaké anak lanang. Anaké dijenengaké Samuèl, tembungé, "Iku enggonku nyuwun saka Gusti Allah."

21Nalika semana wis wektuné Èlkana lan brayaté lunga menyang Silo menèh, prelu misungsungaké kurban taunan marang Gusti Allah. Kejaba kuwi Èlkana wis janji misungsungaké kurban istiméwa.

22Nanging ing wektu kuwi Hana ora mèlu. Kandhané karo sing lanang, "Sesampunipun Samuèl dipun sapih, badhé énggal kula bekta dhateng Pedalemanipun Allah, lan piyambakipun badhé manggèn ing ngrika selaminipun."

23Wangsulané Èlkana, "Iya becik, tindakna apa waé sing kokanggep becik; kowé anaa ing ngomah waé nganti bocahé koksapih. Muga-muga Gusti Allah minangkani apa sing dadi janjimu." Hana tetep ana ing omah nganti anaké disapih.

24Sawisé Samuèl disapih, senajan isih cilik banget, banjur disaosaké ibuné menyang Pedalemané Allah ing Silo. Hana nggawa sapi lanang sing umuré telung taun, gandum sepuluh kilogram, sarta impes kebak anggur.

25Sapiné dibelèh; déné Samuèl diaturaké marang Èli.

26Aturé Hana marang Èli, "Nyuwun pangapunten, Pak. Menapa Bapak taksih kèngetan kula? Inggih kula menika tiyang ingkang sampun naté panjenengan pirsani ngadeg ing ngriki, ndedonga dhateng Gusti Allah.

27Laré menika kawula suwun saking Gusti Allah, sarta Gusti Allah sampun minangkani panyuwun kawula menika.

28Mila laré menika kawula aturaken dhateng Gusti Allah supados dados kagunganipun selaminipun." Sawisé mengkono banjur padha sujud marang Gusti Allah.



 <<  1 Samuel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel