Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 12 >> 

1Samuèl banjur dhawuh marang bangsa Israèl kabèh, "Aku wis nuruti penjalukmu sarta wis netepaké raja kanggo kowé kabèh.

2Wiwit saiki Saul sing bakal mimpin kowé kabèh. Déné aku wis tuwa lan wis uwanen. Aku wis suwé banget mimpin kowé kabèh, wiwit aku isih enom nganti sepréné. Déné buktiné anak-anakku wis gedhé-gedhé.

3Saiki aku ngadeg ana ing ngarepmu. Yèn aku wis nindakaké kaluputan, gugatan ana ing ngarsané Gusti Allah sarta ing ngareping raja sing padha kokpilih. Apa aku wis tau njupuk sapi utawa kuldiné wong liya? Apa aku wis tau ngapusi, nindhes utawa nampa besel? Kandhakna, supaya apa waé sing dakjupuk dakbalèkaké!"

4Aturé wong-wong mau, "Mboten, bapak mboten naté ngapusi saha nindhes kula sedaya; bapak mboten mendhet menapa-menapa saking sok tiyanga."

5Samuèl banjur dhawuh, "Ing dina iki Allah lan raja sing padha dipilih dadi seksi yèn aku ora duwé kaluputan." "Inggih, leres, Gusti Allah dados seksi kita," aturé wong-wong mau.

6Samuèl banjur dhawuh menèh, "Iya Gusti Allah sing milih Musa lan Harun, lan sing mbébasaké leluhurmu metu saka tanah Mesir.

7Saiki aja padha lunga dhisik. Aku arep ndakwa kowé ana ing ngarsané Gusti Allah. Élinga marang sakabèhing kamirahané Gusti Allah sing wis diparingaké marang kowé kabèh sarta marang leluhurmu.

8Nalika Yakub lan brayaté teka ing Mesir, lan wong Mesir nindhes wong-wong mau, leluhurmu padha nyuwun pitulungan marang Gusti Allah; Gusti Allah banjur ngutus Musa lan Harun. Wong loro kuwi ngirid leluhurmu metu saka Mesir sarta nulungi leluhurmu tetep manggon ing negara iki.

9Nanging banjur padha lali marang Gusti Allah, iya Allahé wong-wong mau, mulané banjur padha diserang lan dikalahaké déning Siséra, sénapatining raja ing Hazor. Sabanjuré dipasrahaké marang tangané wong Filistin lan raja ing Moab,

10banjur padha nyuwun marang Gusti Allah sarta ngakoni, ‘Kawula sampun sami damel dosa, sebab sami nyingkur Panjenengan, sarta sami nyembah reca-reca Déwa Baal saha Astorèt. Nanging, samenika, mugi Gusti ngluwari saking tanganing mengsah kawula, saha kawula badhé lajeng ngabekti dhateng Gusti!’

11Gusti Allah banjur ngutus Gidéon, banjur Barak, sawisé kuwi Yéfta, lan wekasan aku. Kowé kabèh wis padha dakbébasaké saka mungsuhmu, nganti bisa urip kanthi tentrem.

12Nanging bareng kowé kabèh padha weruh yèn arep dilurugi Nahas raja Amon, kowé kabèh padha ngemohi Gusti Allah sing dadi rajamu, sarta matur marang aku, ‘Kula kepéngin dipun préntah déning raja.’

13Saiki, delengen, yaiki raja sing kokpilih. Kowé wis padha nyuwun, sarta Gusti Allah wis maringi.

14Padha tentrema uripmu, samasa padha ngabekti marang Allah, ngrungokaké lan mbangun-turut marang dhawuhé, apa menèh yèn kowé kabèh lan rajamu tetep nindakaké dhawuhé Allahmu.

15Kosokbaliné yèn padha ora ngrungokaké dhawuhé Gusti Allah, kowé lan rajamu mesthi bakal dilawan déning Allah.

16Saiki aja lunga dhisik! Gatèkna kaélokan gedhé sing bakal ditindakaké déning Gusti Allah.

17Aku bakal nyebut marang Gusti Allah, lan senajan saiki mangsa ketiga, Allah bakal nekakaké gludhug sarta udan minangka wangsulané pandongaku. Ing wektu kuwi, kowé bakal padha rumangsa, sepira gedhéning dosamu marang Allah, merga nyuwun anané raja."

18Samuèl banjur ndedonga, lan ing dina iku uga Allah nekakaké gludhug lan udan. Bangsa mau kabèh padha wedi marang Allah lan marang Samuèl.

19Banjur padha matur marang Samuèl, "Bapak, kula panjenengan tulungi, supados kula sampun ngantos sami pejah. Samenika kula sami ngrumaosi dosa kula saha kula sampun sami damel dosa malih, inggih menika nyuwun kaparingan raja."

20Samuèl mangsuli, "Aja padha wedi! Senajan kowé wis padha nglakoni sakèhé piala, aja padha ngemohi Gusti Allah, nanging tetepa ngabdi kanthi gumolonging atimu marang Panjenengané.

21Aja padha manut déwa-déwa, sing ora bisa nulungi lan nylametaké kowé, sebab pancèn iya ora ana.

22Gusti Allah wis sumpah yèn ora bakal nilar kowé kabèh sebab wis mutusaké kowé kabèh dadi umat kagungané.

23Déné aku, muga-muga aku ora gawé dosa marang Gusti Allah merga mandheg enggonku ndedonga kanggo kowé. Malah aku bakal terus mulang kowé prekara-prekara sing bener lan becik.

24Gusti Allah padha urmatana lan kowé padha ngabdia marang Panjenengané kanthi setya lan gumolonging atimu. Élinga marang prekara-prekara gedhé sing wis ditandukaké kanggo kowé.

25Nanging menawa kowé tansah gawé dosa, kowé lan rajamu bakal padha lebur."



 <<  1 Samuel 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel