Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 15 >> 

1Ing sawijining dina Samuèl kandha karo Saul, "Gusti Allah sampun dhawuh dhateng kula njumenengaken sang prabu dados ratunipun tiyang Israèl. Milanipun, sang prabu prayogi nampènana dhawuhipun Gusti Allah ingkang mahakwaos.

2Panjenenganipun badhé ngukum tiyang Amalèk, sebab leluhuripun nglawan tiyang Israèl nalika sami késah saking Mesir.

3Dados, tiyang Amalèk menika kedah dipun serang, dipun lawan, bandhanipun kedah dipun lebur sedaya, sampun ngantos wonten ingkang kantun. Tiyang jaler, tiyang èstri, laré-laré saha bayinipun; lembunipun, méndanipun, untanipun sarta kuldinipun kedah dipun pejahi."

4Saul banjur ngumpulaké prejurité, enggoné ngétung ana ing Telaim; kabèh ana prejurit 200.000 saka Israèl lan 10.000 saka Yéhuda.

5Sawisé kuwi Saul banjur budhal bebarengan karo prejurité menyang kutha Amalèk, nata baris pendhem ana ing kali sing ora ana banyuné.

6Saul iya weling marang wong Kèni, mengkéné, "Sumingkira saka ing tengahé bangsa Amalèk, supaya padha ora katut ketumpes bareng karo wong-wong kuwi, sebab leluhurmu wis padha gawé becik marang wong Israèl, nalika padha mentas saka tanah Mesir." Wong Kèni banjur padha lunga saka kono.

7Saul banjur perang mungsuh wong-wong Amalèk, sarta ngalahaké wong-wong mau ing sauruting dalan wiwit saka Hawila tekan Syur ing sakuloné Mesir.

8(15:8-9) Kabèh wong Amalèk sarta para prejurité padha dipatèni. Nanging Agag, rajané wong Amalèk lan para prejurité dicekel lan ora dipatèni; mengkono uga wedhusé sarta sapiné sing becik-becik, pedhèté lan cempéné sing lemu-lemu, lan apa waé sing larang regané. Mung raja-kaya sing ala lan ora ana regané waé sing dilebur.

9(15:8)

10Gusti Allah banjur ngandika marang Samuèl,

11"Aku keduwung déné milih Saul dadi raja, sebab dhèwèké wis ngemohi Aku, lan ora nindakaké dhawuh-Ku." Samuèl nepsu, sewengi muput enggoné nyebut marang Gusti Allah.

12Ésuké, ésuk-ésuk banget, Samuèl wis mangkat arep nemoni Saul. Samuèl dikabari, yèn Saul wis lunga menyang kutha Karmèl sarta ngedegaké watu pangéling-éling kanggo awaké dhéwé ana ing kana, banjur terus menyang Gilgal.

13Bareng Samuèl ketemu Saul, banjur dibagèkaké déning Saul mengkéné, "Mugi-mugi Gusti Allah mberkahi sampéyan! Kula sampun nindakaken dhawuhipun Allah."

14Nanging Samuèl kandha, "Menawi mekaten, menapa sebabipun déné taksih wonten suwantenipun lembu mbengok sarta ménda embèk-embèk?"

15Wangsulané Saul, "Kéwan-kéwan menika rampasan saking tiyang Amalèk. Ménda sarta lembunipun ingkang saé piyambak sampun dipun pendhet déning para umat, dipun saosaken minangka kurban kagem Allahipun. Nanging sanèsipun sampun kula lebur."

16Krungu mengkono, Samuèl kandha, "Mangké rumiyin. Panjenengan badhé kula kabari menapa ingkang sampun dipun ngandikakaken Gusti Allah dhateng kula kala wau dalu." "Kadospundi ngandikanipun?" pitakoné Saul.

17Tembungé Samuèl, "Panjenengan rak dados pemimpinipun bangsa Israèl, senajan waunipun rumaos dados tiyang alit? Panjenengan sampun dipun pilih Gusti Allah dados rajaning Israèl,

18menapa malih sampun dipun dhawuhi Gusti Allah nglebur tiyang Amalèk ingkang awon menika. Panjenengan dipun dhawuhi perang nglawan tiyang-tiyang wau ngantos tumpes.

19Menapa sebabipun panjenengan mboten mituhu dhawuhipun Gusti Allah? Menapa sebabipun sami ngrampas. Menawi mekaten rak awon wonten ing penggalihipun Gusti Allah?"

20Wangsulané Saul, "Kula sampun ngèstokaken dhawuhipun Allah, sarta nindakaken kersanipun; Agag, raja Amalèk, kula tahan lan tiyang Amalèk sedaya sampun kula tumpes.

21Nanging tiyang-tiyang kula sami milihi ménda saha lembu ingkang saé-saé saking rampasan menika dipun saosaken ing Gilgal minangka kurban kagem Gusti Allah."

22Pangucapé Samuèl, "Ingkang dados keparengé Allah menika mbangun-turut menapa pisungsung lan kurban? Mbangun-turut dhateng Allah, langkung saé tinimbang saos kurban. Mituhu, langkung saé tinimbang gajih ménda.

23Sebab mbangkang dhateng Gusti Allah menika awonipun sami kaliyan nyihir; gumedhé menika awonipun sami kaliyan nyembah brahala. Mergi panjenengan sampun nyingkur dhawuhipun Allah, Gusti Allah inggih sampun nyingkur panjenengan."

24Krungu mengkono mau Saul ngakoni, tembungé marang Samuèl, "Inggih, kula pancèn sampun damel dosa. Kula nerak dhawuhipun Allah sarta nglirwakaken pitedahipun bapak. Kula ajrih dhateng prejurit kula, lajeng kula turuti panyuwunipun.

25Nanging samenika, kula nyuwun dhateng bapak, mugi kersa ngapunten dosa kula saha wangsul sesarengan kaliyan kula dhateng Gilgal, supados kula saged ngibadah dhateng Allah."

26Nanging Samuèl mangsuli, "Kula mboten purun wangsul sesarengan kaliyan panjenengan. Panjenengan mboten mituhu dhawuhipun Allah, sarta Gusti Allah inggih sampun nyingkur panjenengan dados rajanipun Israèl."

27Bareng Samuèl minger arep lunga, Saul nggondhèli jubahé nganti suwèk.

28Samuèl banjur kandha, "Ing dinten menika Gusti Allah sampun nyuwèk kratoning Israèl saking panjenengan, sarta badhé kaparingaken dhateng tiyang sanès, ingkang langkung saé tinimbang panjenengan.

29Ingkang Mahamulya, Allahipun Israèl, menika mboten dora sarta mboten badhé ngéwahi ingkang dados kersanipun, sebab Panjenenganipun menika sanès manungsa, ingkang saged keduwung."

30Wangsulané Saul, "Kula sampun damel dosa, nanging samboten-mbotenipun mugi kersaa nedahaken kurmatipun dhateng kula ing sangajenging para pemimpining bangsa kula sarta ing sangajenging bangsa Israèl. Kula aturi wangsul sesarengan kaliyan kula, supados kula saged ngibadah dhateng Allahipun bapak."

31Samuèl banjur bali bebarengan karo Saul menyang Gilgal, sarta Saul ngibadah marang Allah.

32Samuèl banjur préntah, "Raja Agag gawanen mréné." Agag banjur sowan kanthi pengarep-arep, sebab dhèwèké mikir, "Bebaya pati wis kliwat."

33Pangucapé Samuèl, "Pedhangmu wis ndadèkaké para ibu kélangan anaké, mengkono uga ibumu bakal kélangan anaké." Samuèl banjur nugel-nugel Agag ing sangareping mesbèh ing Gilgal.

34Sawisé kuwi Samuèl lunga menyang Rama, déné Raja Saul mulih menyang omahé ing Gibéa.

35Nganti tumeka ing patiné, Samuèl ora ketemu menèh. Nanging Samuèl susah atiné, sebab Gusti Allah keduwung enggoné ngangkat Saul dadi raja Israèl.



 <<  1 Samuel 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel