Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 19 >> 

1Saul kandha karo Yonatan, anaké, sarta marang sakèhing punggawané, yèn dhèwèké arep matèni Dawud. Nanging Yonatan tresna banget,

2mulané banjur kandha karo Dawud, "Bapak kula ngangkah mejahi sampéyan; dados kula aturi ngatos-atos! Mbénjing-énjing sampéyan ndhelik, lan kula aturi tetep ing ngriku.

3Kula badhé késah dhateng ara-ara saha ngadeg ing sisihipun bapak kula celak nggèn sampéyan ndhelik wau. Kula badhé matur dhateng bapak prekawis sampéyan; déné putusanipun badhé kula wartosaken dhateng sampéyan."

4Yonatan banjur ngaturaké kabecikané Dawud marang Saul, aturé, "Bapak, bapak sampun ngantos damel cilaka dhateng abdi panjenengan Dawud. Mergi piyambakipun mboten damel kalepatan dhateng bapak; malah kosokwangsulipun, piyambakipun sampun damel kasaénan kagem bapak.

5Piyambakipun sampun toh nyawa nalika mejahi Goliat, lan Gusti Allah sampun maringi kemenangan ageng dhateng bangsa Israèl lantaran piyambakipun. Bapak mirsani piyambak kedadosan menika, lan nalika semanten bapak bingah. Dados, menapa sebabipun bapak samenika badhé damel cilakanipun tiyang ingkang mboten gadhah kalepatan srana badhé mejahi Dawud tanpa sebab?"

6Saul banjur nggugu aturé Yonatan, lan banjur sumpah atas asmané Allah, yèn Dawud ora bakal dipatèni.

7Sawisé kuwi Yonatan ngundang Dawud lan nyritakaké apa sing digunem mau. Sabanjuré Dawud disowanaké marang Sang Prabu Saul, lan ngawula Sang Prabu menèh, kaya wingi-wingi.

8Banjur ana peprangan menèh karo wong Filistin. Dawud nglawan lan ngalahaké wong-wong mau, nganti padha keplayu.

9Ing sawijining dina Saul linggih ing omahé karo nyekel tumbak, déné Dawud ngunèkaké clempungé. Dumadakan Saul ditekani roh reged menèh sing diutus déning Gusti Allah.

10Saul banjur ngangkah nunjemaké Dawud ing témbok nganggo tumbaké. Nanging Dawud éndha, nganti tumbaké nancep ing témbok. Murih slameté Dawud banjur lolos saka kraton.

11Ing bengi kuwi uga Saul kongkonan wong sawetara menyang omahé Dawud, prelu ngawasi Dawud lan ésuké supaya dipatèni. Nanging Mikhal, bojoné, matur marang Dawud, "Menawi ing dalu menika panjenengan mboten mlajeng, mbénjing-énjing mesthi dipun pejahi."

12Mikhal banjur ngréwangi ngudhunaké Dawud liwat jendhéla, sarta Dawud banjur mlayu nganti bisa lolos.

13Sawisé kuwi Mikhal banjur njupuk reca déwaning balé omah disèlèhaké ing tempat tiduré Dawud. Ing panggonan sirah didokoki bantal saka wulu wedhus bérok, nuli ditutupi kemul.

14Bareng utusané Saul padha teka arep nyekel Dawud, Mikhal kandha, "Dawud lagi lara."

15Saul nuli utusan menèh niliki Dawud, préntahé, "Gawanen mréné satempat-tiduré, arep dakpatèni."

16Utusan mau banjur mlebu ing kamar lan nyatané mung reca sing nggléthak ing tempat tidur karo bantal wulu wedhus bérok ing panggonan sirahé.

17Saul takon marang Mikhal, "Yagéné aku kokapusi mengkéné iki? Mungsuhku wis koktulungi oncat saka kéné!" Wangsulané Mikhal, "Menawi kula mboten purun mbantu enggènipun lolos kula badhé dipun pejahi."

18Sawisé Dawud bisa lolos, banjur lunga menyang omahé Samuèl ing Rama, ngaturaké kabèh sing ditindakaké Saul marang dhèwèké. Samuèl lan Dawud banjur bebarengan lunga menyang Nayot sarta manggon ing kana.

19Nanging Saul dikabari yèn Dawud ana ing Nayot cedhak Rama.

20Mulané Saul banjur ngirimaké utusan sawetara prelu nyekel Dawud. Nanging wong-wong mau weruh ana kumpulané para nabi sing lagi jejogèdan sarta bengok-bengok bebarengan, dipimpin déning Samuèl. Para utusané Saul banjur dikwasani déning Rohé Allah nganti iya padha jejogèdan lan bengok-bengok.

21Bareng kabar mau tekan Saul, banjur ngirim utusan liyané, nanging iku iya padha jejogèdan lan bengok-bengok. Kaping teluné Saul ngirim utusan menèh lan iya padha tumindak mengkono.

22Mulané Saul mangkat dhéwé menyang Rama. Nalika tekan ing sumur gedhé ing Sékhu, nuli takon panggonané Samuèl lan Dawud, lan diwangsuli menawa ana ing Nayot.

23Dadi terus mrana, nanging uga dikwasani déning Rohé Allah, nganti jejogèdan lan bengok-bengok ing sauruting dalan menyang Nayot mau.

24Sawisé tekan kana, banjur nguculi sandhangané lan jejogèdan sarta bengok-bengok ing ngarepé Samuèl, lan ambruk ing lemah tanpa sandhangan sedina sewengi. (Yakuwi wiwitané tetembungan sing uniné, "Apa Saul iya dadi nabi?")



 <<  1 Samuel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel