Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 22 >> 

1Dawud banjur lunga saka kutha Gat sarta ndhelik ing guwa cedhak kutha Adulam. Nalika sedulur-seduluré lan kabèh kulawargané padha krungu yèn Dawud ana ing kono, banjur padha marani mrono.

2Mengkono uga wong-wong sing padha ditindhes sarta duwé utang mangka atiné ora seneng, padha kumpul karo Dawud, lan Dawud sing dadi pemimpiné. Sing mèlu Dawud kabèh kira-kira ana wong patang atus.

3Saka guwa kono Dawud lunga menyang Mizpa tanah Moab sarta matur marang raja ing Moab, "Mugi kepareng bapa-biyung kula ndhèrèk panjenengan, ngantos kula ngertos menapa ingkang dipun kersakaken Allah tumrap kula."

4Wong tuwané banjur ndhèrèk raja ing tanah Moab. Déné Dawud ndhelik ing guwa.

5Ing sawijining dina ana nabi sing jenengé Gad sowan Dawud lan matur, "Sampun ta tetep wonten ing guwa menika, kula aturi énggal-énggal bidhal dhateng tanah Yéhuda." Dawud banjur lunga sarta mlebu ing alas Kèrèt.

6Ing sawijining dina Saul lagi linggih ana ing sangisoring wit tamariska ing sandhuwuring gunung ing Gibéa. Saul nyekel tumbak, déné para pengareping prejurit padha ngadeg ing sandhingé. Nalika Saul krungu yèn Dawud lan para prejurité wis kaweruhan papané,

7banjur ngucap marang para pengarep mau, "Rungokna, hé wong-wong Bènyamin! Apa Dawud bakal mènèhi tegalan lan kebon anggur? Apa kowé bakal padha diangkat dadi pengareping prejurit?

8Nganti kowé kabèh padha sekuthon nglawan aku sarta ora ana wong siji waé sing mènèhi weruh marang aku, malah anakku dhéwé iya wis mihak si Dawud kuwi. Ora ana siji waé sing nguwatiraké aku utawa mènèhi weruh marang aku yèn Dawud, punggawaku dhéwé, ing wektu iku tansah golèk wektu sing becik kanggo matèni aku, lan anakku Yonatan ngrujuki?"

9Doèg, pengareping pangoné Saul uga ana ing kono awor karo para pengareping prejurit, banjur matur, "Kula sampun sumerep, bilih Dawud dhateng griyanipun Akhimèlèkh, anakipun Ahitub, ing Nob.

10Akhimèlèkh nyuwun pitedah dhateng Allah menapa ingkang kedah dipun lampahi Dawud. Kejawi menika Dawud dipun sangoni tetedhan saha pedhangipun Goliat, tiyang Filistin menika."

11Raja Saul banjur préntah ngundang Imam Akhimèlèkh lan para seduluré kabèh sing dadi imam ing Nob; lan banjur padha sowan sang prabu.

12Tembungé Saul marang Akhimèlèkh "Rungokna, anaké Ahitub!" Wangsulané, "Inggih, sang prabu."

13Pitakoné Saul marang wong-wong mau, "Yagéné kowé rujuk karo Dawud nglawan aku? Yagéné dhèwèké koksangoni roti lan kokwènèhi pedhang sarta koksuwunaké pituduh saka Gusti Allah? Dawud saiki lagi nglawan aku sarta golèk wektu kanggo matèni aku."

14Akhimèlèkh banjur matur, "Dawud menika sénapatining prejurit panjenengan ingkang setya piyambak. Piyambakipun putra mantu panjenengan, pimpinaning prejurit panjenengan piyambak, saha dipun urmati sanget déning sedaya tiyang wonten ing salebeting kraton panjenengan.

15Kula inggih sampun nyuwun pitedah dhateng Gusti Allah kanggé piyambakipun, lan mboten saweg sepisan menika kula nindakaken prekawis menika. Bab sarujuk nglawan panjenengan, sampun ngantos kula saha sedhèrèk kula salah setunggal dipun wastani mekaten. Kula mboten ngertos menapa-menapa prekawis menika!"

16Nanging pangucapé raja, "Akhimèlèkh, kowé lan sanak sedulurmu kabèh kudu mati."

17Saul banjur préntah marang para prejurit sing ngadeg ing sacedhaké, "Ayo, para imamé Allah iki patènana, sebab wis mbantu Dawud. Wong-wong kuwi wis padha ngerti, yèn Dawud oncat, nanging padha ora gelem matur marang aku." Nanging para prejurit mau padha ora gelem tumandang matèni imam-imamé Allah.

18Mulané Saul préntah marang Doèg, "Ayo, kowé waé sing matèni wong-wong kuwi!" Doèg banjur maju lan matèni imam-imam mau. Sedina kuwi dhèwèké matèni wong wolung puluh lima, yakuwi para imam sing nduwèni hak nggawa éfod.

19Saul iya préntah, supaya kabèh wong ing Nob padha dipatèni. Wong lanang, wadon, bocah-bocah lan bayi, uga sapi, kuldi lan wedhus gèmbèl kabèh kudu dirampas.

20Mung Abyatar, anaké Akhimèlèkh bisa lolos. Dhèwèké mlayu menyang panggonané Dawud,

21banjur ngabari yèn Saul wis matèni para imamé Allah.

22Tembungé Dawud marang Abyatar, "Ing dina kuwi aku weruh Doèg. Aku ngerti yèn dhèwèké bakal wadul marang Saul. Dadi aku sing tanggung jawab patiné sanak sedulurmu kabèh.

23Mèlua aku lan aja wedi. Saul kepéngin matèni kowé, lan iya kepéngin matèni aku. Dadi kowé ana ing kéné mesthi slamet."



 <<  1 Samuel 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel