Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 23 >> 

1Ing sawijining dina Dawud dikabari, yèn wong Filistin nyerang kutha Kéhila lan ngrampas gandum sing lagi dienèni.

2Dawud banjur matur marang Allah, "Menapa kawula kedah késah saha nyerang tiyang Filistin?" "Ya," pangandikané Allah, "wong-wong kuwi serangen sarta kutha Kéhila slametna!"

3Nanging prejurité Dawud padha matur, "Ing ngriki, inggih ing Yéhuda, kita sampun sami giris; menapa malih menawi kita kedah nyerang prejurit Filistin ing Kéhila."

4Mulané sepisan menèh Dawud nyuwun pitedah marang Allah, lan Gusti Allah ngandika, "Aja kuwatir. Kehila serangen, sebab prejurit Filistin bakal Dakpasrahaké marang kowé."

5Dawud lan para prejurité banjur lunga menyang Kéhila sarta nyerang lan matèni wong Filistin akèh banget, sarta ngrampas raja-kayané. Kanthi mengkono Dawud nylametaké wong-wong ing Kéhila.

6Nalika Abyatar anaké Akhimèlèkh lolos menyang panggonané Dawud, lan mèlu Dawud menyang Kéhila, dhèwèké iya nggawa éfod.

7Nalika Saul dikabari yèn Dawud ana ing Kéhila, banjur mikir, "Dawud wis diparingaké Gusti Allah marang aku. Dhèwèké kekurung bebaya, sebab wis mlebu ing kutha sing ana témboké lan gapurané."

8Saul banjur ngumpulaké prejurité kabèh lan nglurug menyang Kéhila, arep ngepung Dawud saprejurité kabèh.

9Nanging Dawud wis krungu kabar yèn Saul nduwèni niat mau; mulané banjur kandha karo Imam Abyatar, "Éfod kuwi gawanen mréné."

10Dawud banjur ndedonga, "Gusti, inggih Gusti Allahipun bangsa Israèl; kawula sampun mireng bilih Saul badhé dhateng Kéhila ngriki sarta badhé numpes kitha menika jalaran kawula, abdi Panjenengan.

11(23:11-12) Menapa leres kabar ingkang kawula pireng menika? Gusti, inggih Allahipun bangsa Israèl, mugi kersaa paring pangandika dhateng kawula." Pangandikané Gusti Allah, "Iya, Saul bakal teka." Dawud banjur matur menèh, "Menapa warga kitha Kéhila badhé masrahaken kawula saha prejurit kawula dhateng Saul?" Pangandikané Gusti Allah, "Iya."

12(23:11)

13Dawud lan para prejurité, kira-kira ana wong nem atus, énggal-énggal lunga saka Kéhila lan lunga saparan-paran. Nalika Saul krungu yèn Dawud wis oncat saka Kéhila, banjur mbatalaké enggoné arep nyerang.

14Dawud manggon ing guwa-guwaning pegunungan ing ara-ara Zif. Dhèwèké tansah dioyak-oyak déning Saul, nanging Gusti Allah ora masrahaké.

15Senajan mengkono Dawud tetep wedi, sebab Saul niaté arep matèni. Ing sawijining dina Dawud ana ing Horès, ing ara-ara Zif.

16Yonatan banjur nemoni Dawud ana ing kono, prelu nyantosakaké precayané Dawud yèn bakal diayomi déning Gusti Allah.

17Tembungé Yonatan marang Dawud, "Sampun ajrih, sampéyan mboten badhé kecepeng déning bapak kula. Bapak ngertos saèstu, bilih sampéyan ingkang badhé dados raja Israèl, déné kula badhé dados patih sampéyan."

18Ana ing ngarsané Allah Dawud lan Yonatan banjur nganakaké prejanjian paseduluran. Yonatan banjur mulih, déné Dawud tetep manggon ing Horès.

19Ana wong sawetara saka Zif sowan Saul ing Gibéa sarta matur, "Dawud ndhelik wonten ing wilayah kula, wonten ing guwa-guwa celak Horès, wonten ing sanginggiling punthuk Hakhila, ara-ara Yéhuda sisih Kidul.

20Kula mangertos, bilih panjenengan kepéngin sanget nyepeng piyambakipun; milanipun kula aturi mrika. Kula sami badhé sagah ngulungaken dhateng asta panjenengan."

21Wangsulané Saul, "Muga-muga kowé padha diberkahi déning Allah, merga mbeciki aku!

22Lungaa lan nyatakna menèh; tlitinen temenan, ing ngendi panggonané Dawud lan sapa sing wis meruhi dhèwèké ing kana. Aku ngerti yèn dhèwèké julig banget.

23Priksanen kanthi tliti guwa-guwa sing wis tau dienggo ndhelik, lan balia mréné sarta lapura aku. Aku bakal mrana bebarengan karo kowé, sarta yèn dhèwèké isih ana ing wilayah kono, mesthi bakal dakgolèki, yèn prelu wilayah Yéhuda bakal dakobrak-abrik."

24Wong-wong mau banjur padha mangkat lan bali menyang Zif ndhisiki Saul. Ing wektu kuwi Dawud lan prejurité padha ana ing ara-ara Maon, ing tanah ngaré sing sepi, ing ara-ara Yéhuda sisih Kidul.

25Saul lan para prejurité padha teka arep nggolèki Dawud, nanging ana wong sing mènèhi weruh marang Dawud, mulané Dawud banjur lunga menyang gunung watu ing pesamunan Maon sarta manggon ing kono. Sawisé Saul ngerti, banjur énggal-énggal ngoyak Dawud.

26Saul lan para prejurité padha mlaku ing sisih kéné, déné Dawud lan para prejurité ing sisih kanané gunung. Dawud énggal-énggal ngoncati Saul, sing wis wiwit padha ngepung arep nyekel dhèwèké.

27Dumadakan ana utusan sing sowan Saul sarta matur, "Mugi panjenengan kersa énggal-énggal kondur, mergi tiyang Filistin sampun sami nglawan negari kita."

28Saul banjur mandheg enggoné ngoyak Dawud, prelu nglawan wong-wong Filistin. Yakuwi sebabé panggonan kono dijenengaké "Gunung Pemisah".

29Saka ing kono Dawud lunga menyang wilayah Èn-Gedi, sarta ndhelik ing guwa.



 <<  1 Samuel 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel