Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 25 >> 

1Ora let suwé Samuèl séda. Wong-wong Israèl padha kumpul sarta mèlu nekani upacara béla sungkawa. Samuèl banjur dikubur ana ing wewengkoné omahé ing Rama. Sawisé kuwi Dawud lunga menyang ara-ara Paran.

2(25:2-3) Ing kutha Maon ana wong lanang saka kulawarga Kalèb jenengé Nabal, duwé palemahan kanggo raja-kayané ing sacedhaké kutha Karmèl. Nabal kuwi sugih banget lan duwé wedhus gèmbèl lan wedhus bérok cacahé telung èwu. Abigail, bojoné, pinter tur ayu, nanging Nabal dhéwé wataké kasar lan ala kalakuané. Ing sawijining dina Nabal lagi ngguntingi wuluné wedhusé ing Karmèl.

3(25:2)

4Dawud sing lagi ana ing ara-ara, krungu bab kuwi,

5mulané banjur kongkonan pemudané sepuluh menyang Karmèl,

6prelu nemoni Nabal ngaturaké salam saka Dawud. Dawud préntah supaya para pemuda mau kandha karo Nabal mengkéné, "Ngaturi wilujeng, tentrem rahayu wontena ing sampéyan, wontena ing brayat sampéyan sarta sedaya gadhahan sampéyan.

7Kula mireng menawi sampéyan saweg ngguntingi wulunipun ménda sampéyan. Déné para pangèn sampéyan ingkang wonten ing wilayah kula, mboten naté kula ganggu. Para pangèn menika dèrèng naté kécalan menapa-menapa sedangunipun wonten ing Karmèl.

8Sampéyan takèkaken kémawon dhateng para pangèn menika, mesthi badhé ngleresaken criyos menika. Milanipun, para prejurit kula mugi katampia ing griya sampéyan kanthi saé, sebab dhateng kula ing dinten ageng. Para prejurit menika lan Dawud, tepangan sampéyan, mugi sampéyan sukani menapa kémawon."

9Mengkono para prejurité enggoné nerusaké piwelingé Dawud marang Nabal, banjur padha ngentèni.

10Nanging Nabal mangsuli, "Dawud? Dawud kuwi sapa? Aku durung tau krungu! Ing wektu iki akèh batur sing minggat saka bendarané!

11Apa iya aku banjur njupuk roti lan ombèn-ombèn sarta daging sing wis daksedhiakaké kanggo sing ngguntingi wulu, dakwènèhaké marang wong sing durung cetha asal-usulé!"

12Para prejurité Dawud nuli padha bali lan ngaturaké kandhané Nabal mau.

13"Pedhangmu padha sabukna!" préntahé Dawud; prejurité iya padha nindakaké. Dawud iya nyabukaké pedhangé lan mangkat ngajak wong kira-kira patang atus, déné sing rong atus kèri njaga barang-barangé.

14Ing wektu semono bojoné Nabal wis diwènèhi weruh déning baturé Nabal mengkéné, "Menapa ibu sampun mireng? Dawud sampun utusan tiyang sawetawis saking ara-ara prelu kintun salam dhateng bendara kula, Nabal nanging tiyang-tiyang menika dipun rèmèhaken.

15Mangka tiyang-tiyang menika saé sanget dhateng kita. Kita mboten naté dipun ganggu, sarta ugi dèrèng naté kécalan menapa-menapa salebetipun kita srawung kaliyan tiyang-tiyang menika ing ara-ara.

16Rinten dalu tiyang-tiyang menika nulungi kita salebetipun kita angèn ménda ing sacelakipun.

17Milanipun, prekawis menika mugi dipun galih, lajeng énggal-énggal dipun putus menapa ingkang badhé dipun tindakaken, sebab mesthi badhé wonten pemales tumrap bendara kita sakulawarga. Bendara kita wangkot sanget ngantos mboten purun nampèni aturipun sinten kémawon!"

18Abigail banjur njupuk roti rong atus, lan kanthong kulit kebak anggur, wedhus gèmbèl panggang lima, gandum gorèng pitulas kilogram, woh anggur garing satus dhompol lan kué ara rong atus. Kabèh mau diemotaké ing kuldi-kuldiné.

19Abigail nuli kandha karo batur-baturé, "Kowé kabèh padha ndhisikana aku; aku ana ing mburi." Abigail ora kandha apa-apa karo bojoné.

20Abigail nunggang kuldiné. Nalika tekan ing énggok-énggokan sisihing gunung, kepethuk Dawud lan para prejurité sing lagi arep menyang panggonané Nabal.

21Dawud lagi nggagas, "Tanpa guna aku njaga duwèké wong kuwi ana ing ara-ara! Ing ngatasé ora ana sing cicir, koksaiki kabecikanku diwales ala!

22Muga-muga Gusti Allah mundhut nyawaku, yèn wong-wong lanang sing ana ing kana sésuk ora dakpatèni, sadurungé srengéngé mlethèk."

23Nalika Abigail weruh Dawud, énggal-énggal mudhun saka kuldiné nuli sujud

24ing sikilé Dawud karo matur, "Gusti kula, mugi kersa mirengaken atur kula! Kalepatan menika kula tanggelipun piyambak!

25Sampun nggalih Nabal, tiyang ingkang tanpa gina menika! Piyambakipun tiyang bodho !!— sami kaliyan tegesé namanipun. Kula mboten sumerep para tiyang ingkang panjenengan utus menika.

26Gusti Allah sampun menggak panjenengan males saha mejahi mengsah-mengsah panjenengan. Déné samenika atas asmanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang, kula sumpah, mugi nasibipun sedaya mengsah panjenengan saha saben tiyang ingkang badhé damel cilaka panjenengan, sami kaliyan nasibipun Nabal.

27Pisungsung ingkang sampun kula bekta kagem panjenengan menika kula aturi nampi, saha kula aturi maringaken dhateng prejurit panjenengan.

28Panjenengan mugi ngapunten kalepatan kula. Gusti Allah temtu badhé njumenengaken panjenengan saha turun panjenengan dados raja Israèl, sebab panjenengan perang kagem Gusti Allah; saha panjenengan mboten badhé damel piawon sedangunipun gesang.

29Upami wonten tiyang nglawan panjenengan saha nyobi mejahi panjenengan, panjenengan temtu dipun ayomi déning Gusti Allah, kados déné barang-barang ingkang dipun jagi déning ingkang gadhah. Mengsah panjenengan badhé dipun uncalaken ngantos tebih déning Gusti Allah, kados déné séla ingkang mlesat saking bandhilipun.

30Gusti Allah nindakaken sedaya kasaénan kados ingkang sampun dipun ngandikakaken dhateng panjenengan, saha mboten dangu malih njumenengaken panjenengan dados raja Israèl.

31Ing wekdal menika panjenengan ènget, bilih panjenengan mboten mejahi tiyang tanpa sebab utawi ngadili piyambak, ngantos mboten prelu rumaos sisah saha getun. Menawi Gusti Allah sampun mberkahi panjenengan, sampun ngantos kesupèn dhateng abdi panjenengan menika."

32Dawud banjur kandha, "Pinujia Allah, iya Allahé bangsa Israèl, sing ngutus kowé nemoni aku ing dina iki!

33Puji sokur marang Gusti Allah déné kowé duwé cara sing becik, menggak enggonku arep matèni sarta ngadili dhéwé.

34Gusti Allah wis menggak enggonku tumindak ala marang kowé. Atas asmané Allah, Allahé bangsa Israèl kang gesang, upama kowé ora énggal-énggal nemoni aku, baturé Nabal kabèh mesthi wis padha mati sadurungé srengéngé njedhul!"

35Dawud banjur nampani apa sing digawa déning Abigail, banjur kandha mengkéné, "Muliha menyang omahmu lan aja kuwatir. Penjalukmu dakkabulaké."

36Nalika Abigail bali menyang panggonané Nabal, ana pésta gedhèn ing omahé, kaya déné péstaning raja. Merga Nabal lagi seneng-seneng lan mendem ora diwènèhi weruh apa-apa déning bojoné.

37Ésuké, bareng Nabal wis ora mendem, dikabari bojoné apa-apa sing wis kelakon mau. Nabal banjur kena ing serangan jantung lan awaké kabèh dadi lumpuh.

38Kira-kira sepuluh dina menèh Allah ngukum Nabal nganti dadi lan patiné.

39Bareng Dawud krungu yèn Nabal wis mati, banjur ngucap, "Puji sokur kagem Gusti Allah, sing wis males enggoné Nabal ngrèmèhaké abdiné srana enggoné nindakaké piala. Gusti Allah wis ngukum Nabal merga tumindaké sing ala." Sabanjuré Dawud kirim utusan nemoni Abigail prelu nglamar.

40Utusané Dawud tekan panggonané wong wadon mau ing Karmèl, banjur matur, "Kula sami dipun utus déning Dawud sowan nglamar ibu, kersaa dados sémahipun."

41Abigail terus sujud sarta matur, "Kula menika abdinipun Dawud, kula sagah ngresiki sukunipun para abdinipun."

42Abigail banjur tata-tata, nunggang kuldi ditutaké baturé wadon lima, mangkat ngetutaké utusané Dawud, wusanané dadi bojoné Dawud.

43Sadurungé kuwi Dawud wis kawin karo Ahinoam saka Yésreèl, lan ing saiki Abigail iya dadi bojoné.

44Ing sajroné wektu kuwi Saul wis mènèhaké Mikhal, putrané putri, bojoné Dawud, marang Palti, anaké Lais saka kutha Galim.



 <<  1 Samuel 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel