Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 29 >> 

1Wong Filistin ngumpulaké prejurité kabèh ing Afèk; déné wong Israèl pasang kémah ing sacedhaké sumber ing tanah ngaré Yésreèl.

2Nalika raja Filistin padha baris karo para prejurité, ana wong satus sarta ana sing sèwu, Dawud lan para prejurité pacak baris ana ing mburi bebarengan karo Raja Akhis.

3Bareng para sénapatining prejurit padha weruh, banjur padha takon, "Wong-wong Ibrani kuwi lagi padha ngapa ana kéné?" Akhis mangsuli, "Iki Dawud, mauné punggawané Raja Saul saka Israèl, wis rada suwé mèlu aku. Wiwit mèlu aku nganti sepréné ora nduwèni kaluputan apa-apa."

4Nanging para sénapati Filistin mau padha nepsu marang Akhis lan kandha, "Wong kuwi konen bali menyang kutha sing wis kokwènèhaké, ora kena perang bebarengan karo kita; aja-aja mengko mbalik ing satengahing peprangan. Yèn wis matèni prejurit kita, dhèwèké rak bisa ngepèk atiné bendarané?

5Kuwi rak Dawud? Lan wong-wong wadon rak padha tau jejogèdan karo menyanyi: ‘Saul wis matèni mungsuh maèwu-èwu, nanging Dawud puluhan éwon?’"

6Akhis banjur ngundang Dawud lan kandha, "Atas asmané Gusti Allah kang gesang, dakakoni yèn kowé setya marang aku. Aku seneng yèn kowé bisa ngamping-ampingi aku ing sajroning peprangan iki. Sebab wiwit kowé teka nganti sepréné, aku ora weruh keluputanmu. Nanging raja-raja liyané iki ora seneng karo kowé.

7Mulané balia waé kanthi slamet, lan aja tumindak apa-apa sing ndadèkaké nepsuné raja-raja kuwi."

8Aturé Dawud, "Lepat kula menapa, Gusti? Menawi panjenengan ngandika, bilih wiwit ngladosi panjenengan ngantos sepriki kula mboten lepat, menapa sebabipun kula mboten dipun parengaken ndhèrèk nglawan mengsah menika?"

9Wangsulané Akhis, "Kowé weruh dhéwé, yèn kowé dakanggep kaya déné malaékating Allah. Nanging raja-raja kuwi wis nduwèni putusan, yèn kowé ora kena mèlu perang bebarengan karo aku.

10Mulané, Dawud, sésuk, kowé kabèh sing wis padha lunga saka panggonané Saul lan mèlu aku, padha tangia ésuk lan sawisé srengéngé mlethèk énggala mangkat."

11Mulané ing dina ésuké, isih ésuk, Dawud lan para prejurité padha bali menyang Filistia, déné bala Filistin padha budhal menyang ing Yésreèl.



 <<  1 Samuel 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel