Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 6 >> 

1Sawisé Pethi Prejanjiané Allah ana ing wilayahé wong Filistia pitung sasi suwéné,

2wong Filistin ngumpulaké para imam sarta para tukang sihir, banjur takon, "Pethi Prejanjian menika kedah kita menapakaken? Menawi kita wangsulaken ing panggènanipun, kita kedah ngintunaken sumbangan menapa?"

3Wangsulané sing padha ngumpul, "Pethi Prejanjiané Israèl kuwi aja kokbalèkaké ngono waé, nanging kudu nganggo sumbangan minangka tebusané dosamu. Kanthi mengkono kowé bakal padha diwarasaké, lan kowé bakal padha weruh yagéné Allahé Israèl tansah ngukum kowé kabèh."

4"Sumbangan menapa kémawon ingkang kedah kula aturaken?," pitakoné wong-wong mau. Wangsulané para imam, "Plenthungan emas lima lan tikus emas lima, padha karo cacahé raja-raja Filistin. Rak iya plenthungan lan tikus kuwi sing gawé sangsara kita, iya para kawula, iya para raja?

5Dadi, kowé kudu padha gawé tetironé plenthungan, mengkono uga tikus sing ngrusak negaramu. Kanthi mengkono kowé padha ngurmati Allahé Israèl. Mbokmenawa Allahé Israèl bakal ora ngukum kowé, para déwa lan tanahmu menèh.

6Apa gunané kowé kabèh padha keras atiné, padha karo raja lan wong Mesir biyèn? Aja padha lali kepriyé carané Gusti Allah enggoné ngagem dolanan wong-wong mau, nganti padha mratobat lan wong Israèl dililani lunga saka Mesir.

7Mulané, siapna grobag anyar karo sapiné loro sing lagi nyusoni, lan sing durung tau dienggo nenarik. Sapi loro mau rakitana, déné pedhèté giringen menyang ing kandhang.

8Sabanjuré, Pethi Prejanjiané jupuken sarta unggahna ing grobag mau, déné ing sandhingé sèlèhana pethi isi barang-barang emas sing kudu koksaosaké minangka korban panebusing dosamu. Grobag mau bèn mlaku karepé dhéwé.

9Awasana waé lakuné; yèn mlaku menyang negarané dhéwé, yakuwi kutha Bèt-Sèmès, kuwi tandha yèn Allahé wong Israèl sing nekakaké kacilakan gedhé tumrap kita. Nanging yèn grobag mau ora mrana, kita ngerti, yèn kasangsaran kuwi ora saka Allahé Israèl, nanging mung kapinujon waé."

10Wong-wong padha nurut; banjur padha njupuk sapi loro sing lagi nusoni, banjur dirakit ing grobag, déné pedhèté digiring menyang kandhang.

11Pethi Prejanjian mau banjur diunggahaké ing grobag, mengkono uga pethi isi tikus emas lan plenthungan emas.

12Sapi-sapi mau mlaku terus ngener Bèt-Sèmès; karo tansah mbengoh maju terus, tanpa nyimpang ngiwa utawa nengen. Raja Filistin lima mau terus ngetutaké nganti tekan ing tapel watesé Bèt-Sèmès.

13Dhèk semana wong-wong ing Bèt-Sèmès lagi padha panèn gandum ing tanah ngaré. Bareng weruh Pethi Prejanjian mau, padha methukaké karo bungah-bungah.

14Grobagé mandheg cedhak watu gedhé ing tegalé Yosua, wong Bèt-Sèmès. Wong-wong banjur padha nyigari blabaging grobag mau, mbelèh sapiné loro kanggo kurban obongan marang Gusti Allah.

15Pethiné Prejanjian sarta pethi isi barang-barang emas banjur diudhunaké déning wong-wong Lèwi, disèlèhaké ing sandhuwuring watu gedhé mau. Sawisé mengkono wong-wong Bèt-Sèmès nyaosaké kurban obongan lan kurban-kurban liyané kagem Gusti Allah.

16Bareng raja Filistin lima padha weruh lelakon mau, banjur padha mulih menyang Ékron ing dina kuwi uga.

17(6:17-18) Nganggo cara mengkono wong Filistin wis nyaosaké marang Gusti Allah pisungsung panebusing dosa kanggo wong-wong ing limang kutha sing dipréntah déning para raja Filistin lima. Kutha-kutha mau yakuwi Asdod, Gaza, Askelon, Gat lan Ékron. Ing antarané kutha-kutha mau ana sing nganggo pager bètèng, ana sing ora. Saben kutha ngirim plenthungan emas siji sarta tikus emas siji. Sing dienggo buktiné kedadéan mau yakuwi watu gedhé panggonan nyèlèhaké Pethi Prejanjian. Tekan ing dina iki watu mau isih ana ing tegalé Yosua, wong Bèt-Sèmès mau.

18(6:17)

19Nanging merga wong-wong Bèt-Sèmès padha nginguk ing sajroning Pethi Prejanjiané Allah, ana wong pitung puluh ing antarané wong-wong mau padha dipatèni déning Gusti Allah. Wong-wong banjur padha nlangsa, sebab Gusti Allah ndhawahaké kasangsaran kang gedhé banget tumrap wong-wong mau.

20Wong-wong ing Bèt-Sèmès banjur padha ngucap, "Sapa ta sing bisa betah ing ngarsané Gusti Allah kang suci kuwi? Pethi kuwi kudu kita singkiraké supaya adoh saka panggonan kita."

21Wong-wong mau banjur kongkonan wong menyang Kiryat-Yéarim sarta padha weling mengkéné, "Wong Filistin wis mbalèkaké Pethi Prejanjiané Allah. Padha tekaa sarta pindhahen menyang panggonanmu."



 <<  1 Samuel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel