Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 7 >> 

1Sawisé kuwi wong-wong ing Kiryat-Yéarim njupuk Pethi Prejanjian mau, banjur digawa menyang omahé wong jenengé Abinadab, sing manggon ing punthuk. Wong-wong banjur milih Èléazar, anaké Abinadab, supaya njaga Pethi Prejanjian mau.

2Pethi Prejanjiané Allah ana ing Kiryat-Yéarim, kira-kira rong puluh taun. Ing sajroning wektu kuwi para umat Israèl kabèh padha sesambat marang Gusti Allah nyuwun tulung.

3Samuèl banjur kandha karo para umat Israèl, "Menawa kowé kabèh arep padha mratobat marang Gusti Allah sarta sujud kanthi gumolonging atimu, kudu padha mbuwang sekabèhing déwa lan recané Dèwi Astorèt. Kowé padha pasraha marang Gusti Allah sarta ngabektia mung marang Panjenengané, kowé mesthi bakal padha dibébasaké saka tanganing wong Filistin."

4Kelakon wong Israèl padha mbuwang déwa-déwa Baal sarta recané Dèwi Astorèt, banjur ngabekti mung marang Gusti Allah.

5Sawisé kuwi Samuèl banjur kandha, "Bangsa Israèl kabèh kumpulna ing Mizpa, aku bakal ndedonga marang Gusti Allah kanggo kowé kabèh."

6Wong-wong mau banjur padha ngumpul ing Mizpa. Padha nimba sarta ngesokaké banyuné minangka pisungsung marang Gusti Allah, banjur padha pasa sedina muput. Tembungé, "Kawula sampun sami damel dosa dhateng Gusti Allah." (Ing Mizpa Samuèl wiwit ngrampungaké prekara-prekara cecongkrahané wong Israèl.)

7Bareng wong Filistin krungu yèn wong Israèl wis padha ngumpul ing Mizpa, raja Filistin lima padha mangkat mrana karo prejurité nyerang wong-wong Israèl. Bareng wong Israèl krungu banjur padha wedi.

8Tembungé marang Samuèl, "Sampun kèndel-kèndel ndedonga dhateng Gusti Allah kita, supados kita dipun wilujengaken saking tanganipun bangsa Filistin."

9Mulané Samuèl nyembelèh cempé wedhus gèmbèl siji, dibakar wutuhan minangka pisungsung marang Gusti Allah. Sawisé kuwi Samuèl banjur ndedonga supaya Gusti Allah kersa nulungi wong Israèl, lan pandongané dikabulaké.

10Nalika Samuèl lagi nyaosaké kurban obongan mau, wong Filistin wiwit nyerang; nanging Gusti Allah nekakaké gludhug saka langit tumuju marang wong Filistin. Wong-wong mau padha bubar, banjur mlayu saka bingungé.

11Prejurit Israèl metu saka Mizpa banjur ngoyak wong Filistin mèh tekan Bèt-Kar, turut dalan matèni wong-wong mau.

12Samuèl banjur njupuk watu siji, didegaké ing tapel watesé Mizpa lan Sen. Kandhané, "Gusti Allah wis nulungi kita sauruting dalan kita." !!— Watu mau dijenengaké "Watu Pitulungan."

13Mengkono carané wong Filistin dikalahaké lan Gusti Allah ora marengaké wong-wong kuwi mlebu ing wilayah Israèl. Sajegé uripé Samuèl, wong Filistin ora tau menang karo Israèl.

14Kutha-kutha kabèh sing wis ditelukaké déning wong Filistin, wiwit saka Ékron nganti tekan ing Gat, dibalèkaké marang Israèl. Dadi kabèh wilayahé wis bali menèh marang Israèl. Temahan wong Israèl lan wong Kenaan uripé padha rukun.

15Samuèl mbawahaké Israèl sajegé urip.

16Saben tauné mesthi mider-mider menyang Bètèl, Gilgal, lan Mizpa. Sarta ing panggonan-panggonan mau Samuèl ngrampungaké prekara-prekara cecongkrahan.

17Saben-saben mulih ing Rama banjur dadi hakimé wong Israèl lan ing Rama uga ngedegaké mesbèh kagem Gusti Allah.



 <<  1 Samuel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel