Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 10 >> 

1Nalika semono wong Filistin nyerang wong Israèl ing Gunung Gilboa. Ing peprangan mau akèh wong Israèl sing tiwas. Sing kèri, Raja Saul lan putra-putrané, padha keplayu.

2Sarta padha dioyak déning wong Filistin, nganti putrané Saul telu, Yonatan, Abinadab lan Malkisua tiwas.

3Perangé ramé banget ing sakiwa-tengené Raja Saul, wekasané Raja Saul kena panahing mungsuh, ketaton.

4Raja Saul banjur akon nonoman sing nggawakaké gamané, "Pedhangmu loroten! Aku suduken! Supaya aku ora digawé geguyon déning wong-wong kapir kuwi." Nanging nonoman mau ora gelem, merga wedi banget. Mulané Raja Saul banjur mundhut pedhangé lan dirungkebi.

5Bareng weruh yèn Raja Saul wis tiwas, nonoman mau iya banjur ngrungkebi pedhangé dadi lan patiné.

6Dadiné Raja Saul tilar-donya bareng karo putrané lanang telu, temahan kratoné cuthel.

7Nalika wong Israèl sing padha manggon ing Lebak Yésreèl krungu yèn tentarané wong Israèl keplayu lan Raja Saul sarta putra-putrané padha tiwas, banjur énggal-énggal padha metu, kuthané ditinggal. Wong Filistin banjur padha teka mlebu ing kutha-kutha mau.

8Ésuké wong Filistin padha teka ing peprangan, ngrampogi mayit-mayit sing ana ing kono, temah nemu layoné Raja Saul lan putrané kakung telu pating gléthak ana ing Gilboa.

9Raja Saul banjur dikethok mestakané lan agemané perang diuculi. Mestakané Raja Saul lan agemané perang banjur digawa mubeng déning kongkonané wong Filistia menyang satlatahé tanah Filistia kabèh, karo ngumumaké kabar kabungahan mau marang bangsa Filistia lan para déwané.

10Gegamané Raja Saul disimpen ing sawijining candhi, lan mestakané digandhulaké ing papan panyembahané Dagon, déwané wong Filistin.

11Bareng penduduké kutha Yabès krungu lelakon mau,

12banjur ana wong kendel sawetara sing padha njupuk layoné Raja Saul lan putra-putrané, digawa menyang Yabès lan dikubur ana ing kana, ing sangisoré wit gedhé. Sawisé mengkono banjur padha pasa pitung dina.

13(10:13-14) Raja Saul enggoné tiwas merga ora setya marang Allah, lan ora netepi pangandikané. Ora nyuwun pitedahé Pangéran, malah njaluk tulung marang roh-rohé wong mati. Raja Saul nerak dhawuh lan prenatané Pangéran, mulané Pangéran ngukum Raja Saul lan mundhut kratoné, kaparingaké marang Dawud, anaké Isai.

14(10:13)



 <<  1 Tawarikh 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel