Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 14 >> 

1Raja Hiram saka tanah Tirus ngutus abdi sowan Raja Dawud ngrembug prekara dagang, sarta ngirim tukang-tukang batu, tukang kayu, lan cemara Libanon, kanggo ngedegaké kedhaton.

2Dawud ngerti yèn Gusti Allah wis ngukuhaké enggoné dadi raja ing Israèl, lan yèn kratoné bakal makmur merga kraton kuwi kanggo umaté Allah.

3Bareng wis pindhah menyang Yérusalèm Raja Dawud mundhut garwa liyané menèh, lan saka garwa mau uga kagungan putra menèh.

4Putra-putra sing lair ing Yérusalèm yakuwi: Syamua, Sobab, Natan, Suléman,

5Yibhar, Èlisua, Èlifèlèt,

6Nogah, Nèfèg, Yafia,

7Élisama, Beèlyada lan Èlifèlèt.

8Bareng wong Filistin krungu yèn Dawud wis diangkat dadi raja sing mengkoni tanah Israèl kabèh, banjur padha tandang arep nyekel Dawud; banjur metoni perang.

9Tentara Filistin banjur nyerbu Lebak Réfaim.

10Raja Dawud banjur nyuwun pirsa marang Allah, "Dhuh Pangéran, menapa tiyang Filistin menika kedah kawula serang? Menapa Pangéran badhé paring kaunggulan dhateng kawula?" Paring wangsulané Pangéran, "Iya, serangen! Aku bakal paring kemenangan marang kowé!"

11Dawud banjur nyerang sarta ngalahaké wong Filistin ana ing Baal-Perazim. Pangucapé Raja Dawud, "Allah wis marengaké aku nrobos barisané mungsuh kaya banjir bandhang." Mulané panggonan kono disebut Baal-Perazim, sing tegesé: "Allah nrobos".

12Wong Filistin padha keplayu lan ora kober nggawa reca-recané. Raja Dawud banjur dhawuh ngobong reca-reca mau kabèh.

13Ora let suwé wong Filistin mau bali nyerbu Lebak Réfaim menèh.

14Raja Dawud nyuwun pituduh menèh marang Pangéran, lan diwangsuli, "Aja kokserang saka kéné, nanging ngalanga metu sisih kana; serangen saka panggonané wit-wit murbei.

15Yèn kowé krungu swara kaya swarané wong baris ing sandhuwuré wit-witan, majua, sebab Aku bakal tindak ing ngarepmu ngalahaké wong Filistin."

16Raja Dawud nglakoni apa sing didhawuhaké déning Pangéran. Raja Dawud lan pasukané ngalahaké tentara Filistin wiwit saka Gibéon tekan Gèsèr.

17Merga saka mengkono Raja Dawud dadi misuwur ana ing ngendi-endi, lan bangsa-bangsa didamel wedi karo Raja Dawud.



 <<  1 Tawarikh 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel