Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 18 >> 

1Ora wetara suwé Raja Dawud nglurug perang nyerang wong Filistin. Wong Filistin kalah. Kutha Gat lan désa-désa sakiwa-tengené direbut déning Raja Dawud.

2Raja Dawud iya nelukaké wong Moab, mula Moab kudu mbayar pajeg marang Raja Dawud.

3Semono uga nyerang Hadadèzèr, yakuwi raja Zoba, sacedhaké wilayah Hamat ing tanah Siria. Nalika semono Hadadèzèr lagi mulih saka peprangan netepaké pangwasané ing wilayah sacedhaké Bengawan Éfrat.

4Raja Dawud bisa ngrampas saka Hadadèzèr kréta perang 1.000 lan nawan prejurit-jaranan 7.000 sarta prejurit infanteri 20.000. Raja Dawud nisihaké jaran sawetara kanggo nyawisi krétané perang 100. Jaran liya-liyané digawé cacad sikilé.

5Nalika wong Siria saka Damsyik kirim tentara kanggo nulung Raja Hadadèzèr, tentara mau diserang déning Raja Dawud lan cacahé sing dipatèni wong 22.000.

6Raja Dawud banjur ngedegaké tangsi-tangsi militèr ing daérah kono lan wong kono kudu padha mbayar pajeg. Pangéran paring kemenangan marang Raja Dawud ana ing peprangan endi waé.

7Tamèng-tamèng emas sing dienggo balané Hadadèzèr dirampas kabèh lan digawa menyang Yérusalèm.

8Kejaba kuwi Raja Dawud ngrampas prunggu akèh banget saka Tibhat lan Kun, yakuwi kutha-kutha sing biyèn dadi jajahané Hadadèzèr. (Prunggu kuwi mbésuké dipigunakaké déning Suléman kanggo gawé bak, cagak-cagak lan bekakas kanggo upacara pangibadah ing Pedalemané Allah.)

9Raja Tou ing Hamat mireng yèn Raja Dawud wis nelukaké tentarané Hadadèzèr kabèh.

10Mulané banjur utusan putrané, yakuwi Hadoram, supaya ngaturaké salam marang Raja Dawud ngayubagya kemenangané, merga Tou kuwi wis suwé memungsuhan karo Hadadèzèr. Hadoram nyaosaké bulubekti rupa emas, slaka lan prunggu marang Raja Dawud.

11Barang-barang mau kabèh disaosaké déning Dawud marang Allah digawé bekakas kanggo upacara pangibadah. Semono uga sakèhé emas lan slaka sing dirampas saka bangsa-bangsa sing ditelukaké, yakuwi bangsa Édom, Moab, Amon, Filistia lan Amalèk.

12Wong Édom ing Lebak Asin ditelukaké déning Abisai; ibuné jeneng Zeruya. Abisai matèni wong Édom, cacahé 18.000.

13Ing Édom kono Abisai ngedegaké tangsi-tangsi militèr, temahan wong Édom dadi rakyaté Raja Dawud. Pangéran paring kemenangan marang Raja Dawud ing peprangan endi waé.

14Kaya mengkono Raja Dawud enggoné ngratoni satanah Israèl kabèh, rakyaté dijaga lan dirèh déning para punggawa klawan adil lan ing samesthiné.

15(18:15-17) Para pegawéné Raja Dawud sing pangkaté dhuwur yakuwi: Panglima perang: Yoab kakangné Abisai; Sèkretaris negara: Yosafat bin Ahilud; Imam Agung: Zadok bin Ahitub lan Akhimèlèkh bin Abyatar; Sèkretaris kedhaton: Sausa; Penggedhé pengawalé pribadi raja: Benaya bin Yoyada. Para putrané Raja Dawud padha dadi punggawa-punggawa penting.

16(18:15)

17(18:15)



 <<  1 Tawarikh 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel