Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 2 >> 

1Anak-anaké Yakub sing lanang ana rolas, yakuwi: Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakar, Zébulon,

2Dhan, Yusuf, Bènyamin, Naftali, Gad, Asyèr.

3(2:3-4) Yéhuda duwé anak lanang lima. Sing lair saka bojoné sing jeneng Bèt-Syua, wong Kenaan, yakuwi: Èr, Onan lan Séla; sing lair saka bojoné, sing jeneng Tamar (anaké mantu Yéhuda dhéwé), yakuwi Pèrès lan Zérah. Èr, anak sing mbarep, uripé ala banget, mulané dipatèni déning Allah.

4(2:3)

5Pèrès duwé anak lanang loro: Hézron lan Hamul.

6Zérah duwé anak lanang lima, yakuwi: Zimri, Étan, Héman, Kalkol lan Dhara.

7Akhar bin Karmi, turuné Zérah, nekakaké kasangsaran marang umat Israèl, jalaran njupuk barang rampasan perang, sing kasaosaké marang Allah.

8Anaké lanang Étan jenengé Azarya.

9Anak-anaké Hézron yakuwi: Yérahmeèl, Ram lan Kalèb.

10Sarasilahé Ram tekan Isai kuwi mengkéné: Ram, Aminadab, Nahason (klebu wong gedhé ing klompok Yéhuda)

11Salmon Boas

12Obèd Isai.

13Isai duwé anak lanang pitu. Jenengé urut tuwa mengkéné: Éliab, Abinadab, Syama,

14Nétanéèl, Radai,

15Ozèm, Dawud.

16Isai uga duwé anak-anak wadon, yakuwi: Zeruya lan Abigail.

17Abigail kawin karo Yètèr, turuné Ismaèl. Duwé anak lanang siji, jenengé Amasa.

18Kalèb bin Hézron kawin karo Azuba, duwé anak wadon jenengé Yeriot. Yeriot duwé anak lanang telu, yakuwi: Yèsèr, Sobab lan Ardon.

19Bareng Azuba mati, Kalèb nuli kawin karo Éfrat lan olèh anak lanang jenengé Hur.

20Anaké lanang Hur jenengé Uri, lan putuné jenengé Bézaleèl.

21Nalika Hézron umur sewidak taun, kawin karo seduluré wadon Giléad bin Makhir. Duwé anak lanang jenengé Segub,

22anaké lanang Segub jenengé Yair, sing mréntah kutha telulikur ing wilayah Giléad.

23Nanging raja Gésur lan Aram nelukaké kutha sewidak ing wilayah kono, klebu kutha Yair lan Kénat, lan désa-désa ing sakiwa-tengené. Wong kabèh sing manggon ing kono kuwi anak-turuné Makhir lan Giléad.

24Bareng Hézron mati, Kalèb, anaké, kawin karo Éfrat, randhané bapakné. Banjur duwé anak, sing mbarep jenengé Asyur; kuwi sing ngedegaké kutha Tekoa.

25Yérahmeèl, anaké Hézron sing mbarep, duwé anak lanang lima, yakuwi: Ram, pembarep, nuli Buna, Orèn, Ozèm lan Ahia.

26(2:26-27) Ram duwé anak lanang telu: Maas, Yamin lan Èkèr. Yérahmeèl duwé bojo liyané, jenengé Atara. Olèh anak lanang jenengé Onam.

27(2:26)

28Onam duwé anak lanang loro, jenengé: Samai lan Yada. Samai duwé anak lanang loro, jenengé Nadab lan Abisur.

29Abisur kawin karo Abihail, lan duwé anak lanang loro, yakuwi: Akhban lan Molid.

30Nadab kakangné Abisur iya duwé anak lanang loro, jenengé: Sèlèd lan Apaim, nanging Sèlèd mati ora ninggal anak lanang.

31Apaim duwé anak jenengé Yisèi, lan Yisèi duwé anak Sésan. Sésan duwé anak Ahlai.

32Yada, seduluré Samai duwé anak lanang loro, jenengé Yètèr karo Yonatan. Nanging Yètèr mati tanpa ninggal anak lanang.

33Yonatan duwé anak lanang loro, yakuwi: Pèlèt lan Zaza. Kuwi kabèh anak-turuné Yérahmeèl.

34Sésan ora duwé anak lanang, anaké mung wadon-wadon. Sésan duwé batur wong Mesir, jenengé Yarha.

35Yarha mau diolèhaké salah sijiné anaké. Yarha duwé anak lanang, jenengé Atai.

36Anak-turuné Atai tekan Élisama kuwi mengkéné: Atai, Natan, Zabad

37Èflal, Obèd

38Yéhu, Azarya

39Hèlès, Élasa

40Sismai, Salum

41Yekamya, Élisama.

42Kalèb, seduluré Yérahmeèl, duwé anak lanang mbarep, jenengé Mésa. Mésa kuwi nurunaké Zif. Zif nurunaké Marésya, Marésya nurunaké Hébron.

43Hébron duwé anak lanang papat, yakuwi: Korah, Tapuah, Rèkèm lan Séma.

44Séma nurunaké Raham. Putrané Séma jenengé Yorkeam, Rèkèm, seduluré Séma, nurunaké Samai;

45Samai nurunaké Maon, lan Maon nurunaké Bètzur.

46Kalèb duwé selir, jenengé Éfa. Éfa nglairaké anak lanang telu, jenengé Haran, Moza lan Gazès. Haran uga duwé anak lanang sing jeneng Gazès.

47(Ana wong jeneng Yohdai, duwé anak lanang nem, yakuwi Règèm, Yotam, Gésan, Pèlèt, Éfa lan Saaf.)

48Kalèb duwé selir liyané menèh, jenengé Maaka. Karo Maaka, Kalèb duwé anak lanang loro: Sèbèr lan Tirhana;

49banjur duwé anak lanang menèh loro, jenengé: Saaf lan Séwa. Saaf kuwi sing ngedegaké kutha Madmana, lan Séwa sing ngedegaké kutha Makbéna lan Gibéa. Kalèb uga duwé anak wadon, jenengé Akhsa.

50Kejaba kuwi Kalèb isih duwé anak-turun mengkéné: Hur kuwi anaké Kalèb karo bojoné sing jeneng Éfrat. Syobal anaké Hur mau sing ngedegaké kutha Kiryat-Yéarim.

51Salma, anaké sing nomer loro, kuwi sing ngedegaké kutha Bètgadèr.

52Syobal, sing ngedegaké kutha Kiryat-Yéarim, kuwi leluhuré wong Haroè, separoné wong-wong sing manggon ing kutha Menuhot,

53sarta gotrah-gotrah sing padha manggon ing Kiryat-Yéarim, yakuwi kaum Yétri, Puti, Sumati lan Misrai. (Wong-wong sing padha manggon ing Èstaol kuwi anak-turuné gotrah-gotrah mau.)

54Salma sing ngedegaké kutha Bètléhèm mau leluhuré wong Netofa, wong Atarot Bètyoab lan wong Zori, salah sijiné gotrah loro sing manggon ing Manahti.

55Ing kutha Yabès ana wong-wong ahli nulis layang-layang penting. Asalé saka gotrah Tirati, Simati lan Sukhati. Kuwi wong-wong Kèni sing kawin karo wong Rékhab.



 <<  1 Tawarikh 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel