Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 25 >> 

1Raja Dawud lan para pemimpin taler Lèwi padha milih wong sing mimpin upacara-upacara pangibadah, yakuwi: Asaf, Héman lan Yedhutun. Wong-wong padha ditugasaké medhar wangsit dibarengi musik clempung, gambus lan kentrung. Kanggo mimpin upacara sing diadani déning golongan siji-sijiné dipilih wong-wong sing jenengé kasebut ing ngisor iki:

2Anaké lanang Asaf papat, yakuwi: Zakur, Yusuf, Nétanya, lan Asaréla, dipimpin déning Asaf, didhawuhi déning Sang Raja medharaké dhawuhé Allah.

3Anaké lanang Yedhutun ana nenem, yakuwi: Gedalya, Zeri, Yésaya, Simèi, Hasabia, lan Matica, dipimpin déning Yedhutun; wong-wong mau uga medharaké wangsité Allah, diiringi clempung lan nyanyian sarta atur panuwun marang Allah.

4Anaké lanang Héman pat belas, yakuwi: Bukia, Matania, Uzièl, Sebuèl, Yérimot, Hananya, Hanani, Èliata, Gidalti, Romamti-Èzèr, Yosbekasa, Maloti, Hotir lan Mahaziot. Héman kuwi nabi pribadiné sang raja.

5Héman déning Allah kaparingan anak lanang pat belas lan anak wadon telu kaya janjiné Allah kanggo ngurmati Héman.

6Anaké Héman kabèh bisa ngunèkaké kentrung, clempung, lan gambus, dipimpin déning bapakné, kanggo ngiringi upacara pangibadah ing Pedalemané Allah. Asaf, Yedhutun lan Héman padha olèh tuntunan saka Sang Raja.

7Anaké lanang wong telu mau, sing cacahé pat likur, kabèh ahli musik, lan yèn diétung karo sedulur-seduluré wong Lèwi liyané sing iya ahli musik, cacahé ana 288.

8Giliran tugasé wong-wong mau ditetepaké srana undhi, iya sing nom, utawa sing tuwa, sing wis pengalaman lan sing lagi sinau.

9(25:9-31) Wong 288 mau didum dadi 24 pantha utawa golongan, miturut kulawargané dhéwé-dhéwé, lan dipimpin déning pemimpin siji. Saben pantha wargané wong rolas. Urut-urutané jenengé golongan-golongan mau mengkéné: 1. Yusuf (saka kulawarga Asaf); 2. Gedalya; 3. Zakur; 4. Yizri; 5. Nétanya; 6. Bukia; 7. Yesaréla; 8. Yésaya; 9. Matania; 10. Simèi; 11. Azareèl; 12. Hasabia; 13. Subaèl; 14. Matica; 15. Yérimot; 16. Hanania; 17. Yosbekasa; 18. Hanani; 19. Maloti; 20. Èliata; 21. Hotir; 22. Gidalti; 23. Mahaziot; 24. Romamti-Èzèr.

10(25:9)

11(25:9)

12(25:9)

13(25:9)

14(25:9)

15(25:9)

16(25:9)

17(25:9)

18(25:9)

19(25:9)

20(25:9)

21(25:9)

22(25:9)

23(25:9)

24(25:9)

25(25:9)

26(25:9)

27(25:9)

28(25:9)

29(25:9)

30(25:9)

31(25:9)



 <<  1 Tawarikh 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel