Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 26 >> 

1Pangedumé tugas kanggo wong-wong Lèwi sing dadi pengawal ing Pedalemané Allah kuwi mengkéné. Saka gotrahé Korah sing diangkat Mesèlèmia bin Koré saka kulawarga Ébiasaf.

2Mesèlèmia duwé anak lanang pitu sing dicathet urut tuwa mengkéné: Zakharia, Yediaèl, Zebaya, Yatnièl.

3Élam, Yohanan, Èlyoénai.

4Uga diangkat Obèd-Édom, wong sing diberkahi déning Allah. Obèd-Édom kaparingan anak lanang wolu, sing jenengé urut tuwa: Semaya, Yozabad, Yoah, Sakar, Nétanéèl,

5Amièl, Isakar lan Peuletai.

6(26:6-7) Semaya anaké Obèd-Édom duwé anak lanang nenem: Otni, Refaèl, Obèd-Édom, Èlzabad, Élihu lan Sémakya; kabèh mau wong-wong misuwur olèhé peng-pengan ing antarané kulawargané, luwih-luwih Élihu lan Sémakya.

7(26:6)

8Kanggo pegawéan pengawalan ing Pedalemané Allah mau kulawargané Obèd-Édom urun anak lanang sewidak loro sing kabèh wong peng-pengan.

9Kulawarga Mesèlèmia urun wong peng-pengan wolulas.

10Saka gotrah Mérari sing diangkat Hosa. Hosa duwé anak lanang papat, yakuwi: Simri (kuwi dudu anak pembarep, nanging diangkat déning bapakné dadi pemimpin).

11Hilkia, Tebalya lan Zakharia. Saka kulawargané Hoséa kabèh ana wong telulas sing dadi pengawal ing Pedalemané Allah.

12Para pengawal ing Pedalemané Allah diklompok-klompok miturut kulawargané dhéwé-dhéwé. Wong-wong mau uga diwènèhi tugas-tugas ana ing Pedalemané Allah kaya wong Lèwi liya-liyané.

13Kabèh kulawarga gedhé cilik ngertiné kudu jaga ana ing gapura sing endi, nganggo diundhi.

14Selèmya jaga ing gapura sisih Wétan. Zakharia, anaké, sing selawasé awèh pamrayoga becik, kuwi kebagéan jaga gapura sisih Lor.

15Obèd-Édom kebagéan gapura sisih Kidul lan anak-anaké olèh tugas njaga gudhang-gudhang bekakas.

16Supim lan Hoséa jaga gapura sisih Kulon lan gapura Syalèkèt, ana ing dalan sing munggah. Wektuné giliran jaga ditetepaké miturut jadwal.

17Saben dina ing sisih Wétan pengawal nem, ing sisih Lor papat, ing sisih Kidul papat. Gudhang-gudhang bekakas iya dijaga wong papat, saben gudhang wong loro.

18Ing omah gandhok (pavilyun) ana sing jaga loro lan ing dalan cedhaké kono sing jaga papat.

19Mengkono mau pangedumé tugas jaga kanggo trah Korah lan trah Mérari.

20Wong Lèwi liyané dipasrahi nyekel bandhané Pedalemané Allah, yakuwi dhuwit lan barang-barang sesaosan marang Allah sing disimpen ing gudhang-gudhang.

21(26:21-22) Zétam lan Yoèl, loro-loroné uga anaké Ladan, kuwajibané ngurus bandha-bandhané Pedalemané Allah sing disimpen ing gudhang-gudhang mau. (Ladan kuwi anaké lanang Gèrson; Ladan nurunaké kulawarga sawetara, klebu uga kulawargané Yehièl, anaké.)

22(26:21)

23Turuné Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl uga padha olèh panduman tugas.

24Sebuèl saka trah Gérsom, anaké Musa, diangkat dadi penggedhé sing nyekel bandhané Pedalemané Allah.

25Sebuèl kuwi isih keprenah sedulur karo Sélomit, merga Élièzer. Leluhuré Sélomit mau isih sedulur karo Gérsom. Sarasilahé Élièzer tekan Sélomit kuwi mengkéné: Élièzer, Réhabya, Yésaya, Yoram, Zikri, Sélomit.

26(26:26-27) Sélomit sakulawargané kuwi tanggung jawab tumrap sakèhé barang sing disaosaké déning para lajeré kulawarga, para lajeré trah-trah lan para perwira. Barang-barang sing disaosaké mau sebagéan gedhé wujud barang rampasan perang, lan disaosaké khusus kanggo Pedalemané Allah.

27(26:26)

28Ringkesé Sélomit lan kulawargané mau kapasrahan ngreksa samubarang sing disaosaké khusus kanggo Pedalemané Allah, klebu uga saosan-saosan sing dipasrahaké lantaran Nabi Samuèl déning Raja Saul, Abnèr bin Nèr lan déning Yoab bin Zeruya. Kuwi kabèh dadi reksané Sélomit lan kulawargané.

29Turuné Yizhar, Kenania lan anak-anaké dipasrahi tugas administrasi lan tugas-tugas pengadilan ing tanah Israèl.

30Urusan agama lan urusan pepréntahan ing Israèl sakuloné Kali Yardèn kabèh dipasrahaké marang Hasabia lan marang sanak-seduluré, sing cacahé sèwu pitung atus. Kuwi kabèh wong-wong gedhé anak-turuné Hébron.

31Pemimpiné turuné Hébron yakuwi Yéria. Nalika pepréntahané Raja Dawud nyandhak patang puluh taun, dianakaké panitipriksa bab anak-turuné Hébron. Saka panitipriksa mau cetha yèn ana anak-turuné Hébron sing padha dadi prejurit peng-pengan, sing manggon ing Yaézèr, wilayah Giléad.

32Urusan agama lan pepréntahan ing Israèl sawétané Kali Yardèn !!— wilayahé taler Rubèn, Gad lan Manasyè— kabèh dipasrahaké marang anak-turuné Yéria, cacahé wong rong èwu pitung atus, kuwi kabèh wong gedhé, sing dipilih déning Raja Dawud.



 <<  1 Tawarikh 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel