Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 6 >> 

1Lèwi duwé anak lanang telu: Gèrson, Kéhat lan Mérari.

2Kéhat duwé anak lanang papat, yakuwi: Amram, Yizhar, Hébron, lan Uzièl.

3Amram duwé anak lanang loro, Harun lan Musa, lan anak wadon siji, yakuwi Miryam. Harun duwé anak lanang: Nadab, Abihu, Èléazar lan Itamar.

4Sarasilahé Èléazar kuwi urut-urutané mengkéné: Pinéhas, Abisua,

5Buki, Uzi,

6Zerahya, Merayot,

7Amarya, Ahitub,

8Zadok, Ahimaas,

9Azarya, Yohanan,

10Azarya (sing nyambut-gawé ing Pedalemané Allah, yasané Raja Suléman ing Yérusalèm).

11Amarya, Ahitub,

12Zadok, Salum,

13Hilkia, Azarya,

14Seraya, Yozadak,

15Yozadak digawa menyang pembuwangan déning Nebukadnésar, bebarengan karo wong Yéhuda lan wong-wong sing manggon ing Yérusalèm, merga mengkono sing dikersakaké déning Gusti Allah.

16Lèwi duwé anak lanang telu, yakuwi: Gèrson, Kéhat lan Mérari,

17telu-teluné padha duwé anak. Gèrson nurunaké Libni lan Simèi;

18Kéhat nurunaké: Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl.

19Mérari nurunaké Mahli lan Musi.

20Anak-turuné Gèrson yakuwi Libni, Yahat, Zima,

21Yoah, Idho, Zérah, Yeatrai.

22Anak-turuné Kéhat yakuwi: Aminadab, Korah, Asir,

23Èlkana, Ébiasaf, Asir,

24Tahat, Uzièl, Uzia, Saul.

25Èlkana duwé anak lanang loro: Amasai lan Ahimot.

26Anak-turuné Ahimot yakuwi: Èlkana, Zofai, Nahat,

27Éliab, Yehoram, Èlkana.

28Samuèl duwé anak lanang loro: sing mbarep jenengé Yoèl, sing ragil Abia.

29Anak-turuné Mérari: Mahli, Libni, Simèi, Uza,

30Siméa, Hagia, Asaya.

31Wiwit nalika Pethining Prejanjian dielih menyang Kémah Palenggahané Allah ing Yérusalèm, Raja Dawud milih wong-wong sing didhawuhi menyanyi ing Pedalemané Allah.

32Sadurungé Raja Suléman yasa Pedalemané Allah, wong-wong mau wis padha nglakoni tugasé ana ing Kémah Palenggahané Allah.

33Sarasilahé wong-wong sing padha dadi pemimpiné para penyanyi mau yakuwi: Saka gotrah Kéhat: Héman bin Yoèl. Kuwi pemimpiné penyanyi sing kawitan. Yèn diurutaké saka ngisor mendhuwur tekan Yakub, sarasilahé mengkéné: Héman, Yoèl, Samuèl,

34Èlkana, Yéroham, Élièl, Toah,

35Zuf, Èlkana, Mahat, Amasai,

36Èlkana, Yoèl, Azarya, Zéfanya,

37Tahat, Asir, Ébiasaf,

38Yizhar, Kéhat, Lèwi, Yakub.

39Asaf pemimpiné penyanyi sing kapindho. Sarasilahé yèn diurutaké saka ngisor mendhuwur tekan Lèwi mengkéné: Asaf, Bèrékia, Siméa,

40Mikhaèl, Baaséya, Malkia,

41Étai, Zérah, Adaya,

42Étan, Zima, Simèi,

43Yahat, Gèrson, Lèwi.

44Pemimpiné penyanyi sing katelu jenengé Étan, wong asal saka kaum Mérari. Sarasilahé yèn diurutaké saka ngisor mendhuwur tekan Lèwi mengkéné: Étan, Kisi, Abdi, Maluk,

45Hasabia, Amazia, Hilkia,

46Amzi, Bani. Sèmèr,

47Mahli, Musi, Mérari, Lèwi.

48Tugas-tugasé wong-wong mau ing Pedalemané Allah dipasrahaké marang kanca-kancané tunggal gawé, uga wong-wong Lèwi.

49Harun lan anak-turuné kuwi tugasé ngobong menyan, saos kurban obongan ing mesbèh, nindakaké sakèhé upacara ing Papan Mahasuci, sarta nyaosaké kurban panebusing dosa kanggo umat Israèl. Kuwi kabèh katindakaké miturut prenatan-prenatané Musa, abdiné Allah.

50Sarasilahé Harun mau mengkéné: Èléazar, Pinéhas, Abisua,

51Buki, Uzi, Zerahya,

52Marayot, Amarya, Ahitub,

53Zadok, Ahimaas.

54Wong Lèwi kuwi manggon ing daérah pandumané gotrah Kéhat, turuné Harun. Daérah sing dhisik dhéwé diwènèhaké marang wong Lèwi,

55kutha Hébron ing wilayah Yéhuda, lan tanah pangonan sakiwa-tengené klebu daérahé wong Lèwi mau.

56Nanging tegalan lan désa-désa sakiwa-tengené kutha mau duwèké Kalèb bin Yéfuné.

57(6:57-59) Kejaba Hébron, kutha pangungsèn, anak-turuné Harun uga ndarbèki: Yatir, désa-désa lan tanah pangonané, yakuwi: désa Libna, Èstemoa, Dhebir, Asan, Bèt-Sèmès.

58(6:57)

59(6:57)

60Taler Bènyamin anak-turuné Harun nampa panduman désa-désa lan tanah pangonan: Géba lan Anatot. Liyané ana désa telulas sing kena dienggoni para keluwargané.

61Isih ana désa sepuluh menèh ing wilayahé Manasyè Kulon kali sing uga didum nganggo diundhi marang gotrah Kéhat, sing durung keduman lemah.

62Kulawargané kaum Gèrson dipandumi kutha cilik cacahé telulas ing wilayahé Isakar, Asyèr, Naftali lan Manasyè sisih Wétan, yakuwi ing tanah Basan.

63Kulawargané gotrah Mérari olèh panduman désa rolas ing wilayahé Rubèn, Gad lan Zébulon, nganggo diundhi.

64Kaya mengkono patrapé bangsa Israèl enggoné ngedumi lemah marang taler Lèwi, rupa désa-désa lan tanah pangonan minangka papan panggonané.

65Désa-désa ing wilayah Yéhuda, Siméon lan Bènyamin sing wis kasebut ing ndhuwur mau anggoné ngedum iya srana diundhi.

66Ing wilayahé Éfraim, gotrah Kéhat sapérangan ana sing nampa panduman désa-désa lan tanah pangonan sakiwa-tengené, yakuwi:

67Sikèm, kutha pangungsèn ing pegunungan kanggo wilayah kono, Gèzèr,

68Yokméam, Bèt-Horon,

69Ayalon lan Gat-Rimon.

70Ing wilayahé Manasyè sisih Kulon wong-wong Lèwi nampa désa Anèr lan Biléam karo tanah pangonan sakiwa-tengené.

71Kulawarga-kulawargané gotrah Gèrson olèh panduman désa-désa lan tanah pangonan sakiwa-tengené, yakuwi: Ing wilayah Manasyè sisih Wétan: Golan ing tanah Basan lan Astarot.

72Ing wilayahé Isakar: Kèdès, Dhaberat,

73Ramot lan Anèm.

74Ing wilayahé Asyèr: Masal, Abdon,

75Hukok lan Réhob.

76Ing wilayahé Naftali: Kèdès ing Galiléa, Hamon lan Kiryataim.

77Anak-turuné Mérari sing durung kepanduman, nampa panduman kutha lan tanah pangonan sakiwa-tengené, yakuwi: ing wilayah Zébulon: Rimono lan Tabor.

78Ing wilayah Rubèn, sawétané Kali Yardèn ing sabrangané Yérikho: Bèzèr ing pegunungan, Yahas,

79Kedémot lan Méfaat.

80Ing wilayahé Gad: Ramot ing Giléad, Mahanaim,

81Hèsbon lan Yaézèr.



 <<  1 Tawarikh 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel