Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 3 >> 

1Rasakna! Semono gedhéné sihé Gusti Allah marang kita, nganti kita padha disebut para putrané Allah; lan kita iki pancèn padha dadi para putrané Allah. Mulané jagad sing ala iki ora wanuh marang kita, merga jagad ora wanuh marang Panjenengané.

2Sedulur-sedulurku sing daktresnani! Saiki kita padha dadi putraning Allah, nanging durung cetha kepriyé bakal kaanan kita ing tembé. Éwasemono kita padha ngerti yèn samangsa Sang Kristus ngetingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengané, awit kita bakal padha ndeleng kaananing Panjenengané ing sanyatané.

3Sok wonga sing duwé pengarep-arep mengkono ing ngatasé Sang Kristus, padha nucèkna awaké dhéwé, supaya padha resika saka ing dosa, kaya déné kaanané Sang Kristus sing suci.

4Wong sing gawé dosa kuwi nerak dhawuhing Allah, awit sing diarani dosa kuwi nerak dhawuhing Allah.

5Kowé padha ngerti yèn rawuhé Sang Kristus kuwi prelu mbirat dosa-dosaning manungsa, lan Panjenengané piyambak ora tau nglampahi dosa.

6Mulané sok wonga sing tetunggilan karo Sang Kristus kuwi ora gawé dosa menèh. Lan sok wonga sing tansah gawé dosa, kuwi durung weruh lan durung wanuh karo Panjenengané.

7Anak-anakku! Kowé aja nganti kena disasaraké déning sapa waé. Sing sapa nindakaké kersané Gusti Allah kuwi dadi Putraning Allah, kaya Sang Kristus sing jumeneng Putraning Allah.

8Sing sapa tetep nglakoni dosa kuwi lairé saka Iblis, awit Iblis kuwi enggoné gawé dosa wiwit-wiwitan mula. Déné rawuhé Putraning Allah ana ing jagad iki preluné nyirnakaké penggawéné Iblis mau.

9Saben wong sing dadi putrané Allah ora tansah nglakoni dosa, awit wong mau kadunungan sipaté Allah piyambak, lan merga Allah kuwi Ramané, wong mau ora tetep nglakoni dosa.

10Bédané putrané Allah lan anaké Iblis kuwi mengkéné: Sing sapa ora nglakoni kersané Allah, utawa ora nresnani seduluré, kuwi dudu putrané Allah.

11Pawarta sing padha kokrungu wiwit-wiwitan mula, yakuwi: Supaya kita padha tresna-tinresnan.

12Aja kaya Kain, sing dadi anaké Iblis, temah matèni Habél seduluré dhéwé. Apa sebabé Kain matèni seduluré? Merga sekabèhé penggawéné ala, lan penggawéné adhiné becik.

13Hé para sedulur! Aja padha gumun menawa kowé disengiti déning wong-wong ing donya.

14Kita padha ngerti yèn kita wis ora mati menèh, nanging padha urip. Enggon kita ngerti yèn mengkono, awit kita padha tresna marang para sedulur kita. Sing sapa ora nresnani seduluré, kuwi isih diwengku déning pati.

15Sing sapa sengit karo seduluré, kuwi tukang matèni wong. Lan kowé padha ngerti, yèn tukang matèni wong ora kadunungan urip langgeng.

16Enggon kita sumurup yèn Sang Kristus tresna marang kita, yakuwi merga Sang Kristus wis ngetohaké nyawané kanggo kita; mulané kita padha kuwajiban masrahaké nyawa kita kanggo sedulur-sedulur kita!

17Wong sing duwé bandha kadonyan, mangka weruh seduluré kekurangan, éwasemono ora gelem awèh pitulungan, kepriyé bisané wong mau muni yèn dhèwèké tresna marang Gusti Allah?

18Hé anak-anakku! Enggon kita tresna kuwi aja mung ana ing lambé utawa ana ing tembung waé, nanging padha nresnanana klawan tulusing ati kinanthènan ing penggawé.

19Merga kang mengkono mau kita padha sumurup yèn kita iki asalé saka Gusti Allah. Mulané kita bisa ngadhep ing ngarsané Gusti Allah klawan ati kang tentrem.

20Yèn kita diwelèhaké déning ati kita, Gusti Allah rak ngluwihi ati kita lan nguningani samubarang kabèh.

21Sedulur-sedulur sing daktresnani! Yèn kita ora nganti diwelèhaké déning ati kita, dadi kita padha bisa sowan ing ngarsané Gusti Allah klawan ati sing tatag.

22Lan apa waé sing kita suwun, mesthi diparingaké, merga kita netepi sakèhing dhawuhé, sarta nglakoni apa sing ndadèkaké keparengé.

23Ana déné dhawuhé yakuwi supaya kita padha precaya marang Gusti Yésus Kristus, Putrané, sarta padha tresna-tinresnana kaya sing kadhawuhaké déning Gusti Yésus Kristus marang kita.

24Wong sing netepi dhawuhé Gusti Allah kuwi tetunggilan karo Gusti Allah, lan Gusti Allah nunggil karo wong mau. Enggon kita padha ngerti yèn Gusti Allah nunggil karo kita kuwi merga Rohé Allah kang kaparingaké marang kita kuwi sing ngyakinaké kita.



 <<  1 Yohanes 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel