Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 1 >> 

1Layang saka Paulus, sing saka kersané Allah katimbalan dadi rasulé Gusti Yésus; lan saka sedulur kita Timotius, tumekaa marang pasamuwané Allah ing kutha Korintus, lan marang sakèhé umaté Allah ing satanah Akhaya kabèh.

2Muga-muga Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringi sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

3Ayo padha saos panuwun marang Gusti Allah, Ramané Gusti Yésus Kristus, Rama kang gedhé sih-piwelasé, lan Allah kang dadi sumbering sakèhé pitulungan!

4Panjenengané ngentas kita saka sarupaning kasusahan, supaya srana pitulungan sing saka Gusti Allah mau, kita uga bisa nyantosakaké atiné wong-wong sing padha nandhang kasusahan.

5Kaya déné enggon kita mèlu nandhang sangsarané Sang Kristus, mengkono uga lantaran Sang Kristus, ati kita padha disantosakaké kang luwih banget.

6Enggonku padha nandhang kasusahan kuwi satemené kanggo nyantosakaké batinmu murih keslametanmu. Yèn aku padha disantosakaké, kowé uga padha mèlu disantosakaké lan diparingi kekuwatan, supaya bisa tahan nandhang sangsara kaya sing dakalami.

7Mulané pengarep-arepku marang kowé tetep panggah, jalaran aku padha ngerti yèn kowé wis padha mèlu nandhang sangsara karo aku, mulané kowé bakal padha nampani sentosaning batin kaya sing diparingaké marang aku kabèh.

8Para sedulur, karepku supaya kowé uga padha ngerti bab kasusahan sing padha dakalami ana ing wilayah Asia. Aku padha nandhang sangsara sing gedhé lan abot banget, nganti ora duwé pengarep-arep yèn bakal urip.

9Malah saka rumangsaku aku wis padha kapatrapan paukuman pati. Kabèh mau satemené supaya aku aja padha ngendelaké marang awakku dhéwé, nanging mung ngendelna marang Gusti Allah, sing kwasa nangèkaké wong mati.

10Panjenengané wis nguwalaké aku kabèh saka bebaya pati sing nggegirisi mau. Lan aku padha yakin, yèn Panjenengané mbésuk iya bakal nguwalaké menèh, awit Panjenengané sing padha dakandelaké.

11Mulané kowé padha mbiyantua klawan pandonga. Aku yakin yèn Gusti Allah nyembadani pandongamu, sarta bakal nguwalaké aku kabèh saka bebaya. Akèh pandonga kanggo aku kabèh sing dikabulaké, lan aku bakal padha diberkahi déning Panjenengané. Mulané akèh wong sing padha saos panuwun marang Gusti Allah, merga pandonga-pandongané sing dikabulaké mau.

12Sing ndadèkaké gedhéning atiku, yakuwi swaraning batinku, sing ngyakinaké aku, yèn uripku ing donya iki dierèh déning ati sing resik lan éklas, peparingé Allah, srana pangwasané sih-rahmaté piyambak, lan ora déning kawicaksanané manungsa, luwih-luwih sing magepokan karo pesrawunganku karo kowé.

13Sing daktulis marang kowé iki mung bab-bab sing bisa kokwaca lan kokngertèni. Pangertimu mau saiki durung ganep; nanging banget ing pengarep-arepku, pangertimu mau dadi sampurna,

14supaya mbésuk ing Dina rawuhé Gusti Yésus, kowé padha mongkog atimu merga saka aku, kaya déné aku iya padha mongkog ing ngatasé kowé.

15Semono gedhéning keyakinanku, nganti wiwit-wiwitan mula aku wis ngrancang arep niliki kowé, supaya kowé padha olèh berkah tikel loro.

16Rancangan enggonku arep niliki kowé mau mbésuk yèn aku mangkat menyang tanah Makédonia lan mampir saulihku saka ing kana. Aku kepéngin kokbiyantu supaya aku bisa nerusaké lakuku menyang tanah Yudéa.

17Nanging rancanganku iki dakbatalaké; ora merga pikiranku gampang molah-malih. Utawa ora merga aku kepéngin nuruti karepku dhéwé, nganti sedhéla muni "Ya" lan sedhéla menèh muni "Ora?"

18Demi Allah kang setya tuhu, janjiku karo kowé biyèn dudu "Ya" utawa "Ora".

19Sebab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah, sing diwartakaké marang kowé déning Silas, Timotius lan aku dhéwé, kuwi dudu "Ya" lan "Ora". Nanging wangsulan "Ya" sing dingandikakaké déning Gusti Allah.

20Lantaran Gusti Yésus mau Gusti Allah wis ngandika "Iya" tumrap sakèhing janjiné! Yakuwi sebabé kita padha muni "Amin" krana Gusti Yésus Kristus. Srana mengkono kita padha ngluhuraké Gusti Allah.

21Gusti Allah piyambak sing ngyakinaké kowé lan aku, yèn urip kita iki katunggilaké karo Sang Kristus. Gusti Allah piyambak sing wis milih kita.

22Lan maringi cap minangka pretandha yèn kita dadi kagungané. Panjenengané wis maringaké Sang Roh Suci ana ing ati kita, minangka panjer tumraping berkah-berkah sing bakal diparingaké marang kita.

23Gusti Allah dadi seksiku; Panjenengané pirsa isining atiku! Enggonku mbatalaké rancanganku niliki kowé ing Korintus, kuwi merga aku ngéman karo kowé.

24Aku ora arep meksa kowé bab sing kudu kokprecaya, awit precayamu wis bakuh. Aku mung kepéngin mbiyantu supaya kowé saya rumangsa begja.



 <<  2 Korintus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel