Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 2 >> 

1Mulané aku wis gawé putusan, ora arep niliki kowé sing malah gawé sedhihmu.

2Sebab yèn aku nganti gawé sedhihmu, sapa sing bakal nglipur aku? Apa dudu wong-wong sing wis dakgawé sedhih mau?

3Mulané aku banjur nulis layang iki marang kowé. Aku emoh nekani kowé lan digawé sedhih déning wong-wong sing mesthiné gawé bungahku. Sebab aku ngerti yèn aku bungah, kowé kabèh iya bakal padha bungah.

4Nalika aku nulis layang iki, atiku sedhih, awang-awangen, lan karo bola-bali nètèsaké luh. Enggonku kandha mengkono mau ora merga aku arep gawé sedhihmu, nanging supaya kowé padha ngerti sepira gedhéning katresnanku marang kowé.

5Menawa ana wong sing gawé sedhih, kuwi dudu aku sing digawé sedhih, nanging kowé kabèh; utawa saora-orané— supaya aku ora mbanget-mbangetaké— sapérangan saka ing antaramu.

6Kanggoné wong mau wis cukup yèn wong akèh ing antaramu sing ngélikaké.

7Wong kuwi padha apuranen lan bombongen menèh, supaya aja nganti semplah.

8Penjalukku, kowé padha nuduhna katresnanmu marang wong sing keluputan mau.

9Enggonku nulis layang iki marang kowé, merga aku kepéngin ngerti, kepriyé kaananmu sajroning pendadaran mau lan apa kowé tansah nindakaké kanthi setya prenatan-prenatan sing dakwènèhaké marang kowé.

10Yèn kowé padha ngapura wong sing keluputan, aku iya ngapura wong mau. Sebab yèn aku ngapura !!— saupama ana sing kudu dakapura !!— aku ngapura wong mau ana ing ngarsané Sang Kristus, murih becikmu,

11supaya Iblis aja olèh wewengan gawé rugi kita, sebab kita rak padha ngerti pokal-gawéné.

12Satekaku ing kutha Troas, aku arep martakaké Injilé Sang Kristus, awit Gusti wis maringi wewengan marang aku kanggo nindakaké pegawéan mau.

13Nanging atiku ora kepénak, jalaran ora bisa ketemu karo sedulur Titus. Mulané aku banjur pamitan lan mangkat menyang kutha Makédonia.

14Nanging atur panuwunku marang Gusti Allah, déné ana ing patunggilané Sang Kristus, Gusti Allah tansah nuntun aku kabèh ana ing dalaning kaunggulané. Gusti Allah wis ngagem aku kabèh martakaké kawruh bab Sang Kristus mau kaya déné ganda wangi, sing sumebar ana ing ngendi-endi.

15Aku padha kaya gandaning dupa sing diobong déning Sang Kristus sumaos marang Gusti Allah, gandané sumebar ana ing antarané wong sing padha dislametaké,

16nanging tumraping wong sing bakal nemu tiwas, aku iki padha kaya gandaning pati, sing gawé tiwas. Satemené sapa sing bisa nglakoni ayahan sing kaya mengkono kuwi?

17Aku ora kaya wong-wong sing padha sembrana, sing nganggep pangandikané Allah mau padha karo barang dagangan murah. Sarèhné aku diutus déning Gusti Allah piyambak, dadi tumindakku iki klawan ati sing tulus. Panjenengané pirsa, yèn olèhku martakaké pangandika mau kaya déné para abdiné Sang Kristus.



 <<  2 Korintus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel