Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 1 >> 

1Sawisé Akhab, raja Israèl séda, tanah Moab mbrontak nglawan Israèl.

2Ing sawijining dina Ahazia, raja Israèl ing Samaria, dhawah saka jendhélaning lotèngé, nganti gerah banget. Panjenengané banjur utusan wong takon marang Baalzebub, déwané wong Ékron ing Filistin, apa gerahé mau bisa mari apa ora.

3Nanging Malaékaté Pangéran ngutus Élia, nabi saka Tisbè, nemoni para utusané Raja Ahazia mau, didhawuhi kandha mengkéné, "Apa ing Israèl ora ana Allah, kokkowé nganti keraya-raya arep takon marang Baalzebub, déwané wong Ékron?

4Matura karo Sang Prabu, yèn Gusti Allah ngandika mengkéné, ‘Kowé ora bakal mari, malah bakal mati!’" Nabi Élia nindakaké dhawuhé Pangéran.

5Para utusan banjur padha mulih sowan ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu ndangu, "Yagéné kowé kokpadha bali?"

6Atur wangsulané para utusan, "Wonten tiyang jaler dhateng manggihi kula; tiyang wau akèn kula kapurih sami wangsul kémawon, sarta matur dhateng Sang Prabu, bilih Gusti Allah dhawuh dhateng Sang Prabu mekaten, ‘Apa ing Israèl ora ana Allah, kokkowé nganti keraya-raya kongkonan wong takon marang Baalzebub, déwané wong Ékron? Kowé ora bakal mari, malah bakal mati!’"

7Pendanguné Sang Prabu, "Wongé rupané kaya apa?"

8Aturé kang didangu, "Tiyangipun nganggé jubah, mawi sabuk lulang." Pangandikané Sang Prabu, "Oh, kuwi Élia!"

9Sang Prabu banjur utusan perwira karo prejurit sèket didhawuhi nyekel Nabi Élia. Perwira mau nuli mangkat marani; Nabi Élia lagi lenggah ing pucaking punthuk. Pangucapé perwira mau, "Hèh abdiné Allah, kowé didhawuhi Sang Prabu supaya mudhun."

10Wangsulané Nabi Élia, "Yèn aku iki abdiné Allah, anaa bledhèg saka langit nyamber kowé lan prejurit-prejuritmu!" Sanalika iku uga ana bledhèg nyamber perwira mau lan prejurité kabèh.

11Sang Prabu banjur ngutus perwira karo prejurit sèket menèh. Iya banjur padha mangkat lan kandha karo Nabi Élia, "Hèh abdiné Allah, kowé didhawuhi Sang Prabu mudhun, saiki iki!"

12Wangsulané Nabi Élia, "Yèn aku iki abdiné Allah, anaa bledhèg saka langit nyamber kowé lan prejurit-prejuritmu kabèh." Sanalika iku uga ana bledhèg saka langit nyamber perwira mau lan para prejurité kabèh.

13Sepisan menèh Sang Prabu ngutus perwira karo prejurit sèket. Perwira munggah ing punthuk lan satekané ing pucak banjur sujud ing ngarsané Nabi Élia, aturé, "Nyuwun ngapunten bapak, abdinipun Allah! Kula lan prejurit-prejurit kula mugi panjenengan welasi; sampun ngantos panjenengan pejahi!

14Perwira kalih lan prejuritipun sedaya sampun sami pejah kasamber bledhèg. Nanging kula nyuwun sih-kawelasan panjenengan!"

15Ing wektu kuwi Malaékaté Pangéran ngandika marang Nabi Élia, "Aja wedi! Mudhuna, mèlua wong kuwi." Mulané Nabi Élia iya banjur mudhun, mèlu perwira mau sowan Sang Prabu.

16Aturé Nabi Élia marang Sang Prabu, "Pangandikanipun Allah mekaten, ‘Sarèhné kowé kongkonan wong takon karo Baalzebub, déwané wong Ékron, kaya-kaya ing Israèl ora ana Allah, sing bisa disuwuni pirsa, mulané kowé bakal ora mari, malah bakal mati!’"

17Raja Ahazia banjur séda kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran Nabi Élia. Ahazia ora kagungan putra kakung, mulané Yoram, rayiné nggentèni jumeneng raja. Kedadéané mau nalika Yoram, putrané Yosafat, enggoné jumeneng ing Yéhuda nyandhak taun kapindho.

18Riwayaté Raja Ahazia kuwi wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja ing Israèl.



 <<  2 Raja-raja 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel