Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 10 >> 

1Raja Akhab kagungan putra kakung pitung puluh ing kutha Samaria. Mulané Yéhu kirim layang marang para waliné putra-putrané Akhab, lan marang para penggedhé sarta para pengarepé masarakat ing kutha kono, surasané mengkéné,

2"Putra-putrané kakung Akhab kuwi rak kowé sing ngopèni. Kowé padha duwé kréta perang, jaran, gegaman lan kutha-kutha sing diubengi bètèng. Satampané layang iki,

3énggal-énggal padha miliha saka ing antarané putra-putrané Akhab sing apik dhéwé, angkaten dadi raja, banjur peranga lan bélanen!"

4Para penggedhé ing Samaria mau padha wedi banget. Pangucapé, "Raja Yoram lan Raja Ahazia ora keconggah nglawan marang kowé, apa menèh kita iki!"

5Mulané penggedhéné kedhaton, walikota lan para pengarepé masarakat sarta para waliné putra-putrané kakung Akhab banjur padha mangsuli layangé Yéhu, surasané, "Kula sami pasrah bongkokan, lan sagah nglampahi sedaya dhawuh panjenengan. Kula sami mboten badhé ngangkat sinten kémawon dados raja. Panjenengan kula aturi nindakaken menapa ingkang panjenengan anggep prayogi."

6Yéhu banjur kirim layang menèh, surasané, "Yèn kowé padha milih dadi balaku, lan sumedya nindakaké préntah-préntahku, para putrané kakung Akhab kabèh kuwi patènana, lan sésuk-ésuk, wayahé kaya saiki, sirah-sirahé padha gawanen mréné." Para putrané kakung Akhab sing cacahé pitung puluh kuwi padha mondhok ing omahé para pengarepé masarakat ing kutha kono lan dirumati déning wong-wong mau.

7Sawisé tampa layang saka Yéhu, para putrané kakung Akhab nuli dipatèni déning para pengarepé masarakat mau; sirah-sirahé nuli diwadhahi ing kranjang lan diaturaké marang Yéhu ing Yésreèl.

8bareng dilapuraké marang Yéhu, Yéhu banjur dhawuh supaya sirah-sirah mau didadèkaké rong tumpuk ana ing gapuraning kutha lan ditogaké waé sedina sewengi.

9Ésuké Yéhu niliki mrono, ngandikané karo wong-wong sing padha nglumpuk ing kono, "Aku sing gawé komplotan nglawan Raja Yoram lan sing matèni dhèwèké. Kowé padha ora kesalahan. Nanging saiki kowé ngerti sapa sing matèni wong iki kabèh.

10Iki buktiné yèn apa sing didhawuhaké déning Allah bab anak-putuné Akhab kelakon kabèh. Allah wis nindakaké apa sing didhawuhaké lantaran Nabi Élia, abdiné."

11Sawisé mengkono Raja Yéhu banjur matèni sanak seduluré Akhab liyané sing padha manggon ing Yésreèl, para pegawéné kabèh, mitra-mitrané lan para imamé, siji waé ora ana sing kliwatan.

12Saka Yésreèl kono Yéhu banjur tindak menyang Samaria. Bareng tindaké tekan panggonan sing disebut Bètèkèdhaorim,

13pethukan karo wong sawetara, yakuwi sedulur-seduluré Raja Ahazia, raja ing Yérusalèm. Yéhu ndangu, "Kowé kabèh kuwi sapa?" Unjuké sing didangu, "Kula sedaya menika sedhèrèkipun Ahazia. Kula sami badhé dhateng Yésreèl, tuwi kulawarga lan putra wayahipun Ratu Izébèl sedaya."

14Yéhu banjur dhawuh marang para prejurité, "Wong kuwi cekelen kabèh." Wong kabèh mau nuli dicekel cacahé ana patang puluh loro, banjur dipatèni ing sacedhaké sumur asat. Siji waé ora ana sing diuripi.

15Yéhu banjur nerusaké tindaké. Ana ing dalan Raja Yéhu kepethuk karo Yonadab bin Rékhab, Raja Yéhu nuli ngaruharuhi, ngandikané, "Kowé rak setya karo aku, kaya enggonku setya karo kowé? Aku réwangana." Aturé Yonadab, "Inggih, kula setya!" Pangandikané Raja Yéhu, "Yèn mengkono, ayo salaman." Banjur padha salaman lan Raja Yéhu ngréwangi Yonadab munggah ing krétané,

16karo ngandika, "Mèlua aku lan delengen dhéwé enggonku sregep nyambut-gawé kagem Allah." Wong loro mau banjur nunggang kréta bebarengan menyang Samaria.

17Satekané ing Samaria Raja Yéhu matèni sanak seduluré Raja Akhab kabèh, siji waé ora ana sing kari. Kuwi kabèh supaya kaleksanan apa sing dingandikakaké déning Allah lantaran Nabi Élia.

18Raja Yéhu dhawuh nglumpukaké wong Samaria kabèh, banjur dingandikani mengkéné, "Raja Akhab enggoné ngabdi marang Baal kurang giat. Aku luwih giat ketimbang karo Akhab.

19Mulané nabi-nabiné Baal klumpukna kabèh, lan kabèh wong sing padha nyembah Baal, sarta para imamé kabèh, aja ana siji sing kliwatan. Aku arep saos kurban marang Baal. Sapa sing ora mèlu nyembah Baal dipatèni." Nanging pangandikané Raja Yéhu mau mung siasat kanggo matèni sakèhé wong sing nyembah Baal.

20Raja Yéhu banjur dhawuh mengkéné, "Saiki tetepna wektuné, mbésuk kapan olèhmu arep nyembah Baal kuwi!" Wong-wong banjur padha netepaké dinané,

21lan Raja Yéhu ngumumaké dina mau ing satanah Israèl kabèh. Ing dina kuwi wong sing nyembah Baal padha teka kabèh, siji waé ora ana sing kari. Wong-wong mau padha mlebu ana ing candhiné Baal, nganti panggonan kono kebak saka ngarep tekan mburi.

22Raja Yéhu banjur dhawuh marang para imamé Baal sing ngurusi sandhangan ibadah, supaya mènèhi sandhangan marang wong-wong sing padha mèlu nindakaké ibadah marang Baal. Sawisé dhawuh mau ditindakaké,

23Raja Yéhu karo Yonadab bin Rékhab banjur mlebu ing candhiné Baal sarta ngandika mengkéné, "Padha tlitinen sing temenan apa sing ana ing kéné nyata umaté Baal kabèh? Aja nganti ana wong sing nyembah marang Allah mèlu ana ing kéné."

24Raja Yéhu lan Yonadab banjur gawé kurban. Nanging ing sajabaning gedhong wis dicawisaké prejurit lan perwira wolung puluh, sing didhawuhi mengkéné, "Wong kabèh kuwi kudu kokpatèni. Yèn nganti ana sing oncat, kowé dhéwé sing bakal dipatèni."

25Sawisé gawé kurban Raja Yéhu banjur metu lan dhawuh marang para prejurit lan perwira, "Mlebua, wong kabèh kuwi patènana. Aja ana siji waé sing oncat!" Para prejurit lan perwira mau banjur padha mlebu nggawa pedhang ligan. Wong kabèh sing ana ing kono padha dipatèni. Layon-layoné disèrèd metu. Sawisé mengkono banjur padha mlebu ing ruangané candhi sing njero.

26Recané Baal digawa metu, banjur diobong.

27Reca mau diremuk, bareng karo omahé. Panggonan kono digawé pekiwan, nganti sepréné.

28Mengkono Raja Yéhu enggoné numpes Baal saka ing tengahé wong Israèl.

29(10:29-31) Mulané Gusti Allah ngandika marang Raja Yéhu, "Sarèhné kowé wis nglakoni kabèh sing Dakdhawuhaké marang kowé bab anak-turuné Akhab, mulané Aku janji yèn anak putumu nganti turun sing ping pat bakal dadi raja ing Israèl." Nanging Yéhu ora netepi dhawuhé Pangéran, Allahé Israèl klawan éklasing penggalihé. Raja Yéhu kuwi kaya Raja Yérobéam, sing njalari wong Israèl padha gawé dosa, nyembah pedhèt emas, sing didegaké ana ing Bètèl lan ing Dhan.

30(10:29)

31(10:29)

32Nalika semono daérahé Israèl diciyutaké déning Pangéran. Hazaèl, raja Siria, ngrebut daérahé Isarèl kabèh,

33yakuwi saka sawétané Kali Yardèn mengidul tekan kutha Aroèr, sacedhaké Kali Arnon, klebu uga daérah Giléad ing Basan, panggonané taler Gad, Rubèn lan Manasyè Wétan kali.

34Riwayaté Raja Yéhu liya-liyané, semono uga enggoné dadi pahlawan, kabèh wis katulis ana ing Kitab Sejarahé raja-raja Israèl.

35(10:35-36) Raja Yéhu enggoné jumeneng raja lawasé wolulikur taun. Sawisé séda banjur disarèkaké ing Samaria. Yoahas, putrané nggentosi jumeneng raja.

36(10:35)



 <<  2 Raja-raja 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel