Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 11 >> 

1Atalia, ibuné Raja Ahazia, bareng mireng yèn putrané wis séda, banjur énggal-énggal dhawuh supaya brayaté Ahazia disédani kabèh.

2Yoas, putrané Ahazia mèh waé katut disédani bareng karo putra-putrané Ahazia liyané, nanging bisa oncat merga dislametaké déning Yoséba, ibu ciliké. Yoséba kuwi putrané Raja Yoram, karo Ahazia isih sedulur, nunggal rama séjé ibu. Yoas karo embané didhelikaké ana ing kamar ing Pedalemané Allah.

3Yoséba enggoné ngrumati Yoas ana ing Pedalemané Allah lawasé nem taun, yakuwi sasuwéné Atalia jumeneng ratu ing Yéhuda.

4Ing taun kapituné para perwira pengawal pribadiné Sang Ratu lan para pengawal kraton diulemi teka ing Pedalemané Allah déning Imam Yoyada, arep diajak rembugan. Ana ing kono para perwira mau didhawuhi janji nganggo sumpah mbiyantu rencanané Imam Yoyada. Sawisé mengkono Yoas, putrané Raja Ahazia, digawa metu, dikenalaké karo para perwira mau.

5Para perwira mau banjur didhawuhi Imam Yoyada mengkéné, "Sing tugas jaga ing dina Sabbat, sapratelon jagaa ing kedhaton;

6sapratelon jagaa ing gapura Sur, lan sapratelon liyané jagaa ing gapura, samburiné pengawal-pengawal liyané.

7(11:7-8) Regu sing ora tugas ing dina Sabbat, kudu jaga ing Pedalemané Allah karo ngliga pedhang, njaga Raja Yoas. Tindaké menyang ngendi waé kudu dikawal, lan saben wong sing wani nyedhak-nyedhak kudu dipatèni."

8(11:7)

9Para perwira padha nglakoni apa sing didhawuhaké déning Imam Yoyada. Para prejurit sing jaga lan sing rampung tugasé ing dina Sabbat padha disowanaké Imam Yoyada.

10Yoyada maringaké tumbak-tumbak lan tamèngé Raja Dawud, sing disimpen ing Pedalemané Allah, marang para perwira mau.

11Plataran Pedalemané Allah sing ngarep dijaga déning pengawal nganggo pedhang ligan kanggo njaga keslametané Sang Prabu.

12Sawisé mengkono Yoas digawa Yoyada metu, diagemi makutha, lan diaturi ngasta Kitab Torèt. Yoas banjur ditetepaké jumeneng raja, lan diumumaké marang rakyat. Rakyat banjur keplok-keplok lan surak-surak, "Sugenga Sang Prabu!"

13Atalia mireng suraké para pengawal lan rakyat mau. Banjur énggal-énggal menyang Pedalemané Allah lan pirsa wong akèh padha nglumpuk ana ing kono.

14Iya pirsa raja sing mentas diwisudha, jumeneng ing sacedhaké cagak, ing ngarepé lawangé Pedalemané Allah, kaya adaté raja-raja sing mentas diwisudha. Yoas dikepung déning para perwira lan wong-wong sing ngunèkaké slomprèt. Rakyat padha surak-surak saka bungahé, dibarengi swarané slomprèt. Saka nepsuné Atalia nyuwèk agemané karo alok-alok, "Kianat! Kianat!"

15Imam Yoyada banjur kandha karo perwira-perwira, "Wong kuwi gawanen metu, lan sapa sing arep mbélani patènana." Imam Yoyada ora ngidini Atalia disédani ana ing Pedalemané Allah.

16Mulané Atalia dicekel, digawa menyang kedhaton, lan disédani ana ing Gapura Jaran.

17Imam Yoyada ngaturi Sang Prabu lan rakyat gawé prejanjian karo Gusti Allah, sing ngantepaké yèn Sang Prabu lan rakyat kuwi umaté Allah. Semono uga Sang Prabu diaturi gawé prejanjian karo rakyat.

18Sawisé mengkono rakyat banjur nyerbu ngobrak-abrik candhiné Baal; mesbèh lan reca-recané digempur; Matar, imamé Baal, dipatèni ing ngarepé mesbèh mau. Imam Yoyada nugasaké pengawal njaga Pedalemané Allah.

19Bareng karo para perwira, para pengawal pribadiné Sang Prabu, lan pengawal kedhaton, Raja Yoas diiring déning Yoyada saka Pedalemané Allah menyang kedhaton, kadhèrèkaké déning rakyat kabèh. Raja Yoas mlebet nglangkungi gapura Pengawal, banjur lenggah ing dhamparing keprabon.

20Rakyat padha seneng banget. Sawisé Atalia disédani negara kono dadi tentrem.

21Nalika jumeneng raja ing Yéhuda Yoas yuswané pitung taun.



 <<  2 Raja-raja 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel