Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 13 >> 

1Nalika Yoas, putrané Raja Ahazia jumeneng raja telulikur taun ana ing Yéhuda, Yoahas putrané Yéhu wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria; lawasé jumeneng raja pitulas taun.

2Kaya Raja Yérobéam, sing biyèn uga jumeneng raja ing Israèl, Yoahas nglampahi dosa ing ngarsané Allah lan njalari wong Israèl iya gawé dosa. Raja Yoahas ora tau mratobat saka pendamelé sing ala.

3Mulané Gusti Allah duka marang Israèl, mula ditégakaké, lan marambah-rambah ditelukaké déning Hazaèl, raja ing Siria lan Bènhadad, putrané.

4Raja Yoahas ndedonga marang Allah, lan pandonga mau dipiyarsakaké, merga Gusti Allah pirsa ambek siyané wong Siria enggoné nindhes wong Israèl.

5(13:5-7) Raja Siria kuwi wis numpes tentara Israèl, nganti tentarané Raja Yoahas kari prejurit jaranan sèket, kréta perang sepuluh, lan prejurit darat sepuluh èwu. Sukur déné Gusti Allah wis paring wong sing ngluwari Israèl saka pangwasané wong Siria, nganti bisa padha urip klawan tentrem kaya sing uwis-uwis. Éwasemono wong Israèl ora marèni enggoné gawé dosa sing diwiwiti déning Raja Yérobéam. Recané Dèwi Asyéra ing Samaria mung ditogaké waé.

6(13:5)

7(13:5)

8Riwayaté Raja Yoahas lan kaprewirané kabèh wis ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

9Raja Yoahas séda lan disarèkaké ing Samaria. Yoas, putrané, nggentosi jumeneng raja.

10Nalika Yoas wis jumeneng raja ing Yéhuda telung puluh pitu taun, Yoas, putrané Yoahas wiwit jumeneng raja Israèl lan dedalem ing Samaria, Enggoné jumeneng raja lawasé nembelas taun.

11Yoas iya nindakaké piala ing ngarsané Allah, kaya pialané Raja Yérobéam, sing njalari wong Israèl padha gawé dosa.

12Riwayaté Raja Yoas liyané, klebu uga kekendelané nalika perang karo Amazia, raja ing Yéhuda, wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

13Yoas séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja Israèl ing Samaria. Yérobéam II, putrané, nggentosi jumeneng raja.

14Ing sawijining dina Nabi Élisa gerah banget, lan Raja Yoas tuwi mrono. Bareng pirsa yèn Élisa wis mèh séda, Raja Yoas muwun, aturé, "O Bapak! Pengayomanipun Israèl ingkang sentosa!"

15Pangandikané Nabi Élisa, "Kula aturi mundhut gendhéwa lan panah!" Raja Yoas nuli mundhut gendhéwa lan panah.

16Sang Prabu diaturi mapan kaya arep manah. Nabi Élisa banjur numpangaké astané ana ing astané Sang Prabu.

17Sang Prabu banjur diaturi mbukak jendhéla sing ngadepaké tanah Siria. Pangandikané Nabi Élisa, "Kula aturi nglepas panahipun." Sang Prabu nglepas panahé. Pangandikané Nabi Élisa, "Inggih panjenengan menika panahipun Allah, ingkang badhé nelukaken tiyang Siria. Panjenengan badhé perang nglawan tiyang Siria ing Afèk, lan badhé unggul."

18Sang Prabu banjur diaturi Nabi Élisa mundhut panah-panah liyané. Sawisé mengkono banjur diaturi nggitikaké panah-panah mau ana ing lemah. Sang Prabu iya banjur nggitikaké panah-panah mau ana ing lemah rambah ping telu.

19Nabi Élisa duka, karo ngandika, "Mesthinipun kedah panjenengan gitikaken kaping gangsal utawi kaping nem, supados panjenengan saged numpes bangsa Siria. Nanging samenika panjenengan namung badhé saged nelukaken kaping tiga."

20Ora let suwé Nabi Élisa banjur séda sarta disarèkaké. Dhèk semana grombolan-grombolan Moab nyerang Israèl setaun sepisan.

21Ing sawijining dina nalika ana wong Israèl sawetara lagi ngubur jisim, dumadakan weruh ana grombolané wong Moab teka. Jisim mau énggal-énggal dilebokaké ing pesaréané Nabi Élisa, banjur ditinggal mlayu. Nanging bareng nyénggol balung-balungé Nabi Élisa, sanalika urip menèh, banjur ngadeg.

22Selawasé Yoas jumeneng raja ing Israèl, Hazaèl raja ing Siria nindhes bangsa Israèl.

23Nanging Gusti Allah ora négakaké umat kagungané. Umat mau nganti sepréné ditresnani lan diberkahi, lan ora ditégakaké katumpes, mula ditulungi, merga wis janji karo Abraham, Iskak lan Yakub.

24Hazaèl raja ing Siria séda; Bènhadad, putrané, nggentèni dadi raja.

25Yoas, raja ing Israèl ngalahaké Bènhadad rambah ping telu, lan ngrebut menèh kutha-kutha sing biyèn direbut déning Bènhadad, nalika Yoahas, ramané Yoas, jumeneng raja ing Israèl.



 <<  2 Raja-raja 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel