Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 22 >> 

1Nalika Yosia jumeneng raja ing Yéhuda yuswané wolung taun. Dalemé ing Yérusalèm. Enggoné jumeneng raja lawasé telung puluh siji taun. Asmané ibuné Yedida, putrané Adaya, saka Boskat.

2Yosia nglampahi dhawuh lan gawé renaning penggalihé Pangéran, manut tuladhané Raja Dawud, sarta netepi sakèhé dhawuhé Allah klawan éklas.

3Raja Yosia kagungan sèkretaris kedhaton, jenengé Safan bin Azalia, bin Mesulam. Nalika Yosia enggoné jumeneng raja nyandhak wolulas taun, raja mau utusan sèkretarisé menyang Pedalemané Allah, pangandikané,

4"Nemonana Imam Agung Hilkia, njaluka lapuran, pira dhuwit sing diklumpukaké déning para imam saka wong-wong sing mlebu ing Pedalemané Allah.

5Dhuwit mau konen mènèhaké marang para mandhor sing ditugasaké ndandani Pedalemané Allah. Dhuwit mau kanggo mbayar opahé

6para tukang kayu, para juru gawé omah lan para tukang batu, sarta kanggo tuku kayu lan watu sing dibutuhaké.

7Wong-wong sing padha nindakaké pegawéan mau padha jujur banget, mula ora prelu gawé lapuran bab tanjané dhuwit sing dipasrahaké."

8Safan nglantaraké dhawuhé Sang Prabu mau marang Imam Hilkia, lan Imam Hilkia nuli gentèn lapur yèn dhèwèké nemu Kitab Torèt ana ing Pedalemané Allah. Imam Hilkia ngulungaké Kitab mau, banjur diwaca Safan.

9Safan nuli sowan Sang Prabu menèh lan ngaturi pirsa yèn dhuwit sing dikersakaké Sang Prabu kuwi wis dijupuk déning para punggawa sing kawogan lan wis dipasrahaké marang para mandhor kanggo ndandani Pedalemané Allah.

10Safan banjur ngaturaké Kitab sing ditampa saka Imam Hilkia karo matur, "Menika Kitab saking Imam Hilkia." Kitab mau banjur diwacakaké.

11Bareng mireng surasané Kitab mau Sang Prabu banjur nyuwèk agemané merga saka sedhihé.

12Nuli dhawuh marang Imam Hilkia, Ahikam bin Safan, Akhor bin Mikha, Safan sèkretarisé kedhaton, lan Asaya punggawané kraton mengkéné,

13"Nyuwuna pirsa marang Allah, kanggo aku lan rakyat kabèh bab surasané Kitab iki. Gusti Allah duka marang kita merga leluhur kita ora nglakoni prenatan-prenatan sing katulis ing Kitab iki."

14Wong-wong mau nuli padha nyuwun pirsa marang nabi wadon sing asma Hulda, dalemé ing kampung anyar ing Yérusalèm. Garwané nabi wadon mau asmané Salum bin Tikwa, wayahé Harhas. Salum kuwi sing ngurusi sandhangan resmi sing dienggo ing ibadah ing Pedalemané Allah. Bareng Nabi Hulda mireng ketrangané wong-wong mau,

15banjur padha diutus sowan marang Sang Prabu menèh, didhawuhi matur mengkéné,

16"Mekaten dhawuhipun Pangéran: Aku bakal ngukum Yérusalèm lan penduduké kabèh, kaya kang katulis ana ing Kitab sing diwacakaké marang Yosia.

17Umat Israèl wis nyingkur marang Aku lan gawé kurban marang déwa-déwa. Apa sing dilakoni kuwi kabèh gawé duka-Ku. Aku duka marang Yérusalèm, lan duka-Ku ora bakal sirep.

18Nanging mungguh Yosia, Aku dhawuh mengkéné, ‘Kowé wis krungu apa sing katulis ana ing Kitab kuwi.

19Mulané kowé getun lan andhap-asor ing ngarsa-Ku. Nalika krungu ancaman-Ku, sandhanganmu koksuwèk lan kowé nangis, nélakaké enggonmu sedhih, merga Aku arep ngukum Yérusalèm lan wong-wong sing manggon ing kono, jalaran arep Dakdadèkaké sesawangan sing nggegirisi, lan Yérusalèm bakal Dakdadèkaké kutha sing kena ing paukuman. Nanging pandongamu wis Dakpiyarsakaké.

20Mulané ukuman sing bakal dirasakaké déning Yérusalèm ora bakal ditibakaké selawasé kowé isih urip. Kowé bakal mati klawan tentrem rahayu.’" Utusan-utusan mau banjur padha bali sowan marang Sang Prabu karo ngaturaké welingané Nabi Hulda mau.



 <<  2 Raja-raja 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel