Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 24 >> 

1Nalika Yoyakim jumeneng raja, Yéhuda ditelukaké déning Nebukadnésar, raja Babil. Telung taun lawasé Yoyakim dijajah déning Nebukadnésar. Sawisé kuwi Yoyakim banjur brontak.

2Kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran para nabiné, Allah nekakaké grombolan sikep gegaman saka Babil, Siria, Moab lan Amon merangi Yoyakim lan numpes Yéhuda.

3Kuwi kabèh merga Gusti Allah wis ngandika yèn bangsa Yéhuda bakal dibuwang saka tanah sing diparingaké marang bangsa mau. Enggoné dibuwang mau merga saka dosané Raja Manasyè;

4déné dosané sing gedhé dhéwé yakuwi enggoné matèni wong akèh sing ora salah. Yéhuwah ora kersa ngapura.

5(24:5-7) Kabèh daérah wiwit saka Bengawan Éfrat tekan tapel watesé Mesir sing sisih Lor lan klebu daérahé raja Mesir, dijajah déning raja Babil. Mulané raja Mesir ora tau nglurug perang menèh. Riwayaté Raja Yoyakim liya-liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda. Sawisé Yoyakim séda, Yoyakhin, putrané, nggentosi jumeneng raja.

6(24:5)

7(24:5)

8Nalika jumeneng raja ing Yéhuda, Yoyakhin yuswa wolulas taun. Dalemé ing Yérusalèm. Suwéné jumeneng raja telung sasi. Asmané ibuné Néhusta, putrané Èlnatan saka Yérusalèm.

9Ora béda karo ramané, Yoyakhin uga damel dosa ing ngarsané Allah.

10Nalikané Yoyakhin jumeneng raja, Yéhuda dilurugi perang déning tentara Babil, sing dipimpin déning perwira-perwirané Nebukadnésar. Kutha Yérusalèm nuli dikepung.

11Nalika kuthané dikepung, Nebukadnésar rawuh ing Yérusalèm.

12Raja Yoyakhin nyerah marang Nebukadnésar, bebarengan karo ibuné, putra-putrané, sarta pegawé-pegawé kedhaton kabèh. Yoyakhin banjur ditawan; yakuwi nalika pepréntahané Nebukadnésar nyandhak wolung tauné.

13Sakèhé bekakas emas yasané Raja Suléman kanggo Pedalemané Allah dirusak déning Nebukadnésar, lan kabèh barang sing larang regané, sing ketemu ing Pedalemané Allah lan ing kedhaton, diangkut déning Nebukadnésar menyang Babil. Kedadéan kuwi pancèn wis dingandikakaké déning Allah piyambak.

14(24:14-16) Raja Yoyakhin, para garwané, ibuné lan para pegawéné kedhaton kabèh ditawan déning Nebukadnésar, digawa menyang Babil. Cacahé wong sing ditawan lan digawa menyang Babil mau luwih saka sepuluh èwu, yakuwi para pemimpin 7.000, wong-wong sing duwé keahlian 1.000, klebu uga pandhé, lan kabèh wong sing ahli perang. Wong kabèh mau diboyong menyang pembuwangan, klebu para bangsawan lan para pengareping masarakat. Mèh kabèh penduduké kutha Yérusalèm diboyong. Sing kari mung rakyat sing mlarat banget.

15(24:14)

16(24:14)

17Nebukadnésar banjur ngangkat Matanya, pamané Yoyakhin, dijumenengaké raja Yéhuda. Asmané dielih dadi Zedekia.

18Nalika jumeneng raja Yéhuda, Zedekia yuswané selikur taun. Dalemé ing Yérusalèm. Suwéné jumeneng raja sewelas taun. Ibuné asma Hamutal, putrané Yérémia saka kutha Libna.

19Raja Zedekia damel dosa ing ngarsané Pangéran, kaya Yoyakhin.

20Gusti Allah duka banget marang rakyat Yérusalèm lan wong Yéhuda, mula wong-wong mau padha ditégakaké.



 <<  2 Raja-raja 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel