Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 6 >> 

1Ing sawijining dina nabi-nabi sing padha manggon ing pondhokan matur karo Nabi Élisa, aturé, "Pak, panggènan kula rupek sanget!

2Keparenga kula késah negor kajeng ing sacelakipun Lèpèn Yardèn, lan ngedegaken griya ing ngrika." Wangsulané Nabi Élisa, "Iya, becik."

3Nuli ana sing matur lan nyuwun supaya Nabi Élisa uga tindak mrana. Nabi Élisa iya kersa.

4Wong-wong mau banjur padha budhal bebarengan. Bareng wis tekan ing pinggiring Kali Yardèn, banjur padha wiwit negori.

5Dumadakan ana nabi sing wadungé kacemplung ing banyu. Nabi mau sambat karo Nabi Élisa, "Adhuh Pak, wadung kula kacemplung, mangka menika enggèn kula nyambut!"

6Nabi Élisa ndangu, "Kecemplungé ana ing endi?" Wong mau banjur nuduhaké panggonané. Nabi Élisa banjur ngethok kayu, diuncalaké mrono. Wadungé banjur kemambang.

7Pangandikané Nabi Élisa, "Jupuken!" Wongé banjur ngathungaké tangané, wadungé dicandhak.

8Ing sawijining wektu tentara Siria nyerang bangsa Israèl. Sawisé rembugan karo perwirané, raja Siria banjur milih papan kanggo ngadhang raja Israèl.

9Nanging Nabi Élisa ngaturi pirsa marang raja Israèl supaya aja mrono, merga wong Siria ana ing kono.

10Raja Israèl iya banjur ndhawuhi wong-wong sing padha manggon ana ing sacedhaké panggonan mau, supaya padha siaga. Kedadéan mengkono mau ora mung pisan pindho.

11Raja Siria jèngkèl banget, mulané banjur nglumpukaké para perwirané lan ndangu: "Ing antaramu mesthi ana sing sekuthon karo Israèl. Sapa wongé? Ayo ngakua!"

12Ana perwira sing matur, "Mboten mekaten, Gusti. Nanging Nabi Élisa, nabi ing Israèl, menika ingkang martosaken dhateng raja Israèl, menapa ingkang panjenengan ngandikakaken, senajan enggèn panjenengan ngandikakaken wonten ing kamar saré pisan."

13Dhawuhé Sang Prabu, "Golèkana wongé, supaya kena dakcekel." Ana wong sing matur yèn Nabi Élisa ana ing Dotan.

14Sang Prabu banjur ngutus pasukan jaranan lan kréta perang akèh menyang Dotan. Tekané ing wayah bengi; kuthané banjur dikepung.

15Ésuke’, abdiné Nabi Élisa tangi turu, arep metu, weruh tentara jaranan lan kréta perang Siria ngepung kutha. Abdi mau énggal-énggal bali, matur marang Nabi Élisa, "Adhuh ndara, kita cilaka! Lajeng kadospundi kita menika?"

16Pangandikané Nabi Élisa, "Aja kuwatir, sing njaga kita luwih akèh ketimbang karo dhèwèké."

17Sawisé mengkono Nabi Élisa banjur ndedonga, "Dhuh Pangéran, mugi kersa mbikak mripatipun réncang kawula, supados ningalana!" Gusti Allah miyarsakaké pandongané Nabi Élisa, mula abdi mau weruh yèn gunung sing didalemi Nabi Élisa mau kebak jaran lan kréta murub.

18Lan nalika wong-wong Siria nyerang, Nabi Élisa ndedonga, "Dhuh Pangéran, tiyang-tiyang menika kadamela wuta!" Gusti Allah njurungi panyuwuné Nabi Élisa, mulané wong Siria kabèh dadi wuta.

19Nabi Élisa banjur marani wong-wong mau, pangandikané, "Sampéyan kesasar. Sanès menika kitha ingkang sampéyan padosi. Mangga, manut kula kémawon, mangké kula tedahaken tiyang-tiyang ingkang sampéyan padosi." Wong-wong mau banjur dituntun menyang kutha Samaria.

20Bareng wis mlebu ing kutha Samaria, Nabi Élisa banjur ndedonga menèh, "Dhuh Gusti, mugi kersa mbikak mripatipun tiyang-tiyang menika malih." Gusti Allah njurungi panyuwuné Nabi Élisa, mripaté wong-wong mau padha kabukak, mula padha ngerti yèn ana ing kutha Samaria.

21Bareng weruh wong-wong Siria mau, raja Israèl ndangu marang Nabi Élisa, "Pak, menapa tiyang-tiyang menika prelu kula pejahi?"

22Wangsulané Nabi Élisa, "Sampun, prejurité mengsah ingkang kecepeng ing salebeting perang rak inggih mboten panjenengan pejahi, ta? Semanten ugi tiyang-tiyang menika. Kula aturi maringi nedha lan ngombé, lajeng kajengipun sami wangsul dhateng rajanipun."

23Raja Israèl banjur nganakaké pésta gedhèn kanggo para prejurit Siria mau, sawisé mengkono banjur diculaké menèh lan padha mbalèni rajané. Wiwit nalika semana ora ana grombolan Siria mlebu ing tanah Israèl menèh.

24Sawisé mengkono Bènhadad raja Siria nglumpukaké tentarané kabèh nyerang bangsa Israèl. Kutha Samaria dikepung,

25nganti wong-wong ing kutha kono padha kaliren, merga ora ana sing dipangan. Endhas kuldi regané wolung puluh slaka lan telèk dara rong on regané limang pérak.

26Ing sawijining dina nalika Sang Prabu lagi tindak-tindak ana ing bètènging kutha, ana wong wadon sambat-sambat, "Dhuh Sang Prabu, nyuwun tulung!"

27Pendanguné Sang Prabu, "Yèn Gusti Allah ora mitulungi kowé, apa aku bisa? Aku ora duwé gandum lan ora duwé anggur!

28Ana apa ta?" Aturé wong wadon mau, "Kanca kula menika criyos, menawi dinten menika kula nyukakaken anak kula prelu dipun tedha tiyang kalih, énjingipun piyambakipun badhé gentos nyukakaken anakipun.

29Mila anak kula lajeng sami kula masak lan kula tedha sesarengan. Nanging énjingipun, sareng kula gentos badhé mendhet anakipun badhé kula masak, lajeng dipun umpetaken!"

30Mireng aturé wong mau Sang Prabu banjur nyuwèk agemané merga sedhih banget. Wong-wong sing padha ngadeg ing témbok kono padha weruh yèn Sang Prabu ngagem rangkepan bagor, tandha yèn lagi nandhang prihatin.

31Sang Prabu banjur ngandika, "Cekaké Élisa kudu mati. Karebèn aku diukum déning Allah, yèn ing dina iki aku ora matèni Élisa!"

32Sang Prabu banjur utusan wong ndhisiki tindaké menyang dalemé Nabi Élisa. Nalika semono Nabi Élisa lagi lenggahan karo para pemimpin masarakat sing padha mertamu ing dalemé. Sadurungé utusané Sang Prabu teka, Nabi Élisa ngandika karo para tamuné mau, "Delengen, tukang matèni wong kuwi kongkonan wong matèni aku. Yèn sing dikongkon kuwi mengko teka, aja olèh mlebu. Ora suwé menèh Sang Prabu dhéwé bakal nusul mréné."

33Nabi Élisa durung rampung enggoné ngandika, Sang Prabu wis jumedhul karo ngandika, "Kasangsaran iki ora liya Allah sing nekakaké! Mulané tanpa guna aku ngarep-arep pitulungané."



 <<  2 Raja-raja 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel