Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 8 >> 

1Nalika semono Gusti Allah nekakaké paceklik ing tanah Israèl lawasé pitung taun. Nabi Élisa sadurungé wis ngandhani wong wadon ing Sunèm, sing anaké diuripaké menèh. Élisa ndhawuhi wong wadon mau supaya ngalih menyang negara liya.

2Wong wadon mau nurut karo dhawuhé Nabi Élisa, banjur budhal menyang negara Filistia lan manggon ana ing kana.

3Sawisé pitung taun banjur bali menyang Israèl. Satekané banjur sowan marang Sang Prabu, nyuwun supaya omah lan pekarangané dibale‘kaké menèh marang dhèwèkné.

4Nalika semana Sang Prabu lagi ndangu Géhazi, abdiné Élisa, bab kaélokan-kaélokan sing ditindakaké déning Nabi Élisa.

5Géhazi lagi waé nyritakaké bab Nabi Élisa enggoné nguripaké menèh bocah sing wis mati, dumadakan wong wadon saka Sunèm mau teka ngaturaké panyuwuné marang Sang Prabu. Aturé Géhazi marang Sang Prabu, "Gusti, menika tiyangipun èstri lan menika anakipun ingkang dipun gesangaken malih déning Nabi Élisa!"

6Sang Prabu banjur ndangu wong wadon mau bab anaké. Sawisé mengkono Sang Prabu banjur nimbali punggawané, sarta paring dhawuh, supaya sebarang darbèké wong wadon mau dibalèkaké, semono uga sakèhé pametuné palemahan sajroné ditinggal pitung taun ana ing papan liya.

7Nalika Nabi Élisa mbeneri ana ing Damsyik, Raja Bènhadad lagi gerah. Bareng mireng yèn Nabi Élisa ana ing Damsyik,

8Sang Prabu ndhawuhi Hazaèl, abdiné, "Nabi kuwi saosana apa-apa, banjur nyuwuna supaya miterang marang kersané Allah, apa laraku iki bakal mari apa ora."

9Hazaèl banjur sowan marang Nabi Élisa, nggawa hadiah rupa-rupa pametuné kutha Damsyik, diemotaké ing unta patang puluh. Satekané ing dalemé Nabi Élisa, Hazaèl matur, "Ingkang abdi Raja Bènhadad ngutus kula, kadhawuhan nyuwun pirsa menapa gerahipun menika badhé saras menapa mboten?"

10Wangsulané Nabi Élisa, "Gusti Allah sampun paring pretandha dhateng kula, bilih Bènhadad badhé kapundhut; nanging matur kémawon, bilih badhé saras malih."

11Nabi Élisa banjur mandeng marang Hazaèl, nganti Hazaèl wedi banget. Dumadakan Nabi Élisa muwun.

12Unjuké Hazaèl, "Kénging menapa panjenengan muwun?" Pangandikané Nabi Élisa, "Sebab kula mangertos piawon ingkang badhé panjenengan lampahi dhateng bangsa Israèl. Panjenengan badhé mbesmi kitha-kitha ingkang wonten bètèngipun, badhé mejahi para nènèman mawi pedhang. Nekaki bayi-bayi, lan mbedhah wetengipun tiyang èstri ingkang saweg ngandhut."

13Aturé Hazaèl, "Ah, kula menika rak namung tiyang alit ingkang mboten gadhah pangwaos. Mokal menawi kula badhé tumindak mekaten." Pangandikané Nabi Élisa, "Gusti Allah paring sumerep dhateng kula, bilih panjenengan badhé jumeneng raja ing Siria."

14Bareng Hazaèl bali ing kraton didangu déning Bènhadad, "Élisa ngandika kepriyé?" Aturé Hazaèl, "Miturut pangandikanipun, Sang Prabu badhé saras malih."

15Nanging ésuké Hazaèl njupuk slimut, dicelupaké ing banyu, dienggo ngrukubi sirahé Bènhadad nganti Sang Prabu séda lemes. Hazaèl banjur jumeneng raja ing Siria, nggentèni Bènhadad.

16Yehoram, putrané Yosafat jumeneng raja ing Yéhuda nalika Raja Yoram, putrané Akhab, jumeneng raja ing Israèl limang taun lawasé.

17Yehoram nalika semono yuswa telung puluh loro taun, lan lawasé jumeneng raja ing Yérusalèm wolung taun.

18Yehoram krama karo putrané putri Akhab, lan kaya kulawargané Akhab liyané, Yehoram iya nglakoni piala ing ngarsané Allah, kaya sing dilakoni déning para raja ing Israèl.

19Nanging Gusti Allah ora kersa numpes Yéhuda, merga wis janji marang Dawud, abdiné, yèn anak-turuné bakal jumeneng raja.

20Nalika Yehoram jumeneng raja, Édom mbrontak marang Yéhuda lan madeg dadi negara dhéwé.

21Mulané Yehoram nglumpukaké krétané perang kabèh arep kanggo nyerang Zair. Ana ing kana Yehoram dikepung déning tentara Édom, nanging Sang Prabu lan para panglimané pasukan kréta ing wayah bengi bisa oncat nrobos barisané mungsuh; déné para prejurité padha buyar, mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

22Wiwit wektu kuwi Édom bébas saka pangwasané Yéhuda, dadi negara merdika. Nalika semono kutha Libna iya merdika.

23Riwayaté Yehoram liyané wis ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

24Yehoram séda lan disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Ahazia, putrané, nuli jumeneng raja, nggentèni ramané.

25Ahazia, putrané Yehoram, enggoné jumeneng raja nalika Raja Yoram, putrané Akhab, wis jumeneng raja ing Israèl rolas taun.

26Nalika jumeneng raja, Ahazia yuswané rolikur taun, lan enggoné jumeneng raja ing Yérusalèm lawasé setaun. Ibuné asma Atalia, putrané Raja Akhab, wayahé Omri, raja Israèl.

27Merga saka enggoné krama mau, Raja Ahazia klebu kulawargané Raja Akhab. Ahazia uga gawé dosa ing ngarsané Allah, ora béda karo sing dilakoni déning kulawargané Akhab.

28Raja Ahazia mèlu perang bebarengan karo Yoram, raja Israèl, nglawan Hazaèl, raja Siria. Perangé ana ing Ramot, daérah Giléad. Ana ing peprangan kono Yoram ketaton.

29Mulané banjur kondur menyang kutha Yésreèl, nambakaké tatuné. Ahazia iya tilik mrana.



 <<  2 Raja-raja 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel