Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 10 >> 

1Sawisé sawetara wektu Raja Nahas saka Amon tilar-donya lan Hanun, putrané, dadi raja.

2Raja Dawud banjur dhawuh, "Aku arep memitran karo Hanun kaya déné Nahas enggoné memitran karo aku." Dawud banjur utusan menyang negara Amon kadhawuhan ngaturaké béla sungkawa.

3Nanging para penggedhéné negara Amon padha matur marang Raja Hanun, "Menapa panjenengan nginten, bilih enggènipun Dawud tumut béla sungkawa menika kanggé ngurmati bapak panjenengan? Temtu mboten! Tiyang-tiyang menika dipun utus mriki prelu nliti kitha menika, temtu mbénjing badhé dipun telukaken."

4Para utusané Dawud banjur padha dicekel déning Hanun; jénggoté dicukur separo, sandhangané padha dikethok wates bokong, sawisé mengkono banjur padha dikon lunga.

5Nanging wong-wong mau padha isin mulih menyang negarané. Sawisé Raja Dawud dikabari kedadéan mau, banjur ngirimaké welingan supaya para utusan mau padha ngentèni ing Yérikho nganti jénggoté wis thukul menèh.

6Bareng wong Amon padha krasa, yèn saiki Dawud dadi mungsuhé, banjur nyéwa prejurit Siria rong puluh èwu sing manggon ana ing Bèt-Réhob lan Zoba, semono uga prejurit rolas èwu saka Tob, sarta saka raja negara Maaka prejurit sèwu.

7Bareng Dawud pirsa bab kuwi, banjur utusan Yoab lan prejurité kabèh supaya nglurugi perang marang Amon.

8Wong-wong Amon padha baris metu lan ngatur barisané ing sangareping gapura Raba, déné liyané, wong-wong Siria, mengkono uga wong saka Tob lan Maaka, padha ngatur barisané ing ara-ara.

9Bareng Yoab ngerti, yèn dhèwèké kejepit déning prejurité mungsuh, sing padha ana ing ngarep lan ing mburi, banjur milihi prejurité sing becik ing Israèl, diatur supaya ngadhepi prejurit Siria.

10Turahané dipasrahaké marang adhiné, yakuwi Abisai, sing ngatur barisan ngadhepi prejurit Amon.

11Yoab kandha karo adhiné mau, "Yèn aku ora kuwat ngadhepi prejurit Siria, énggal-énggal tulungana; kosokbaliné, yèn kowé ora kuwat ngadhepi prejurit Amon, mesthi daktulungi.

12Sing tatag atimu! Ayo padha tumindak kanggo bangsa kita lan kutha-kuthané Allah kita. Muga-muga Gusti Allah nindakaké apa sing dikersakaké."

13Yoab lan para prejurité banjur padha maju perang; lan prejurit Siria padha keplayu.

14Bareng wong-wong Amon padha weruh, yèn prejurit Siria padha keplayu, banjur iya padha mlayu saka ing ngarepé Abisai lan mundur menyang sajroning kutha. Sawisé merangi wong Amon, Yoab mulih menyang Yérusalèm.

15Wong-wong Siria padha weruh, yèn wis padha dikalahaké déning wong Israèl, mulané banjur padha ngundangi prejurité kabèh, supaya padha kumpul menèh.

16Raja Hadadèzèr banjur utusan nimbali wong Siria sing ana ing sawétané Bengawan Éfrat. Satekané ing Helam, banjur dipimpin déning Sobakh, sénapatiné Raja Hadadèzèr.

17Bareng pirsa bab iku Raja Dawud banjur énggal-énggal nglumpukaké wadyabala Israèl kabèh ana ing sabrangané Kali Yardèn, terus maju menyang Helam. Ing kono wong-wong Siria padha ngatur barisané, banjur campuh perang karo wadyabalané Raja Dawud.

18Nanging prejurit Siria padha keplayu. Dawud lan para prejurité matèni kusiring kréta perang cacahé 700 lan matèni prejurit jaranan 40.000; kejaba saka kuwi Sobakh, sénapatining mungsuh, uga ketaton temah iya mati ing peprangan.

19Bareng para raja sing dibawahaké Hadadèzèr padha weruh yèn kalah, nuli padha njaluk damé lan teluk karo wong Israèl. Wiwit wektu kuwi wong Siria ora wani mbiyantu wong Amon menèh.



 <<  2 Samuel 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel